Indrajit
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Indrajit | |
Indrajit jroning wayang kulit purwa |
|
| Déwanagari: | इन्द्रजीत |
| Jeneng liya: | Meganada |
| Asal: | Alengka |
| Senjata: | Brahmastra (Brahma Astra); Nagapasa |
Kamenangan Indrajit. Lukisan miturut mitologi Hindhu, karyanipun Raja Ravi Varma.
Indrajit utawi dipunsebat Megananda utawi Begananda inggih menika putranipun Rahwana, raja Alengka.[1] Indrajit menika salah satunggalipun paraga wayang ingkang gadhah watek antagonis wonten ing wiracarita Ramayana. Panjenenganipun menika putra kapisan lan putra mahkota Karajan Alengka. Wonten ing paprangan ageng ing Alengka, Indrajit nemahi pejah mengsah Laksmana.[1] Miturut vérsi Ramayana, Indrajit menika putranipun Rahwana, raja raseksa ing Praja Alengka kaliyan Mandodari putrinipun Asura Maya. Kacariyos, nalika miyosipun Indrajit dipunsartani swanten bledhèg ingkang ageng. Menika dados pratandha bilih ing salajengipun Indrajit badhé dados kasatriya ageng.
Cathetan suku [sunting]
Pranala njawi [sunting]
|
||||||||||||||