Kekayi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kekayi
Dèwi Kekayi
Dèwi Kekayi.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Kaikeyī
Jeneng miturut aksara
Dewanagari कैकेयी
aksara Bali
aksara Jawa

Kekayi utawa Kaikeyi (Sanskerta: कैकेयी; Kaikeyī) yaiku putriné Prabu Kékaya, raja nagara Padnapura. Semesthiné, Kekayi putriné Prabu Samresi, raja Wangsa Hehaya. Prabu Samresi nekani pati nalika ing palagan mungsuh Ramaparasu lan Kekayi isih cilik, banjur dirumat lan diangkat anak dèning Prabu Kekaya.

Ing wiracarita Ramayana, Kekayi iku garwané Prabu Dasarata. Dhèwèké, garwané kang kaping telu kang dinikahi Prabu Dasarata sawisé garwa loro kang liyané ora saguh nyaosi putra. Nalika Prabu Dasarata nglamar, bapaké Kekayi nggawé prajanjèn karo Prabu Dasarata yèn putra kang dilairaké Kekayi kudu dadi raja. Dasarata nyaguhi panyuwun iku amarga garwa-garwané kang liyané ora saguh nglairaké putra. Nanging sawisé nikah lan omah-omah suwé, Kekayi durung nglairaké putra. Sawise nglakoni upacara gedhé, pungkasané Kekayi lan garwa kang liyané bisa nduwèni putra. Kekayi nglairaké putra kang aran Bharata, Satrugna, dan Kawakwa.


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kekayi&oldid=833808"