Jatayu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jatayu iku salah sawijining paraga saka crita Ramayana, putra saka Aruna lan keponakan Garuda.[1] Jatayu kuwi awujud manuk sing bisa ngomong kayadene manungsa.[2]Nalika Dewi Sinta diculik dening Rahwana dheweke weruh lan mbiyantu nulung Dewi Sinta.[1]Jatayu tarung anglawan Rahwana arep mbebasake Sewi Sinta.[3] Akhire Jatayu kalah lan ora isa mabur maneh, nanging sadurunge tiba Dewi Sinta nitipake ali-ali marang Jatayu supaya Rama bisa nggoleki Dewi Sinta.[3] Sawise Jatayu kalah, Jatayu banjur ketemu Rama lan Laksmana sing lagi nggoleki Dewi Sinta ing satengahing alas.[4] Sadurunge mati, Jatayu isih bisa nuduhake ali-ali saka Dewi Sinta.[3] Rama lan Laksmana nganakake upacara pemakaman kanggo Jatayu.[5]
[sunting] Cathetan suku
|
||||||||||||||