Subali

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Subali
Resi Subali
Resi Subali
Déwanagari: वाली
Éjaan Sanskerta: Valī
Jeneng liya: Wali; Balin
Golongan: Wanara
Asal: Kerajaan Kiskenda
Sisihan: Tara

Subali iku putrané Resi Gotama ing Pertapan Grastina (ing padhalangan asring kasebut pertapan Pancuranmanik) klawan Dèwi Indradi utawa Windradi. Wujudé Subali iku kethèk, nanging bisa tatajalma (omong).

Cupu manik Asthagina

Mauné Subali iku wujud manungsa lumrah, kepara wujudé satriya bagus, kanthi asma Guwarsa iya Anjanarka. Dhèwèké bisa salin wewujudan kaya ngono iku, amarga kepingin ndarbèni cupu manik Asthagina duwèké mbakyuné kang sesilih Dèwi Anjani.

Dèwi Anjani duwé dolanan wujud cupu manik kang banget éndahé. Yèn tutupé cupu dibukak, ing njeron cupu iku katon ana jagad saisiné, lan bisa kanggo mangerteni kahanan marcapada utawa lelakon apa kang bakal dumadi samengkoné.

Mula Guwarsa klawan adhiné kang asma Guwarsi utawa Anjaningrat iya banjur kepéngin ndarbèni cupu ajaib iku. Sekawit cupu kuwi ditembung mung arep disilih sawetara, nanging Anjani ora mènèhaké. Wusana Guwarsa lan Guwarsi enték kesabarané. Cupu manik arep direbut saka tangané Anjani, lan mesthi waé Anjani iya ngukuhi cupu dhuwèké iku. Wusanana dadi padudon ramé.

Endang Suwareh (Suwarsih), pamomongé Anjani gagé misah bocah telu kang padha regejegan nanging dikipataké nganti tiba klumah. Dèwi Anjani banjur lumayu sowan ramané, Resi Gotama.

Äna apa kok padha oyak-oyakan kaya patrapé bocah cilik ?,"pitakoné Resi Gotama.

Guwarsa matur, "Rama, Kakangmbok Anjani gadhah cupu manik ingkang wujudipun saklangkung saé sanget. Cupu wau saged kanggé mriksani lelampahan ingkang badhé dumados. Lha kula kepingin saged ngampil mboten kétang namung sakedhéping netra, nanging mboten dipun keparengaken déning kakangmbok Anjani,"

"Mboten dhing rama. Piyambakipun meksa kepingin ngrebat cupu gadhahan kula,"Anjani suwala.

"Wis..wis, damar mancung cinupet, kowé kabèh ora susah padha regejegan. Coba endi saiki cupu sing marakaké ramé iku ?,"pangandikané Resi Gotama.

Pucet sanalika pasuryané Dèwi Anjani. Dhèwèké kelingan piwelingé ibuné, aja pisan-pisan cupu iku kepriksan déning Sang Resi Gotama. Barang iku pancèn wadi banget. Cupu kang kanggo rebutan iku mau banjur disuwun déning Sang Resi Gotama. Dèwi Anjani sangsaya luwih wedi marang dukané ramané ketimbang ibuné.

Wusana cupu manik Asthagina iku dicaosaké. Kaget Sang Resi Gotama dupi priksa wewujudané cupu manik kang éndah sumorot anelahi. Sangsaya kejot manèh panggalihé Sang Resi bareng ngawuningani isi njeron cupu iku, katon ana gegambarané jagad saisiné: srengéngé (surya), rembulan lan lintang-lintang, tathit lan méga, warna-warna téjané.

"Cupu iki saka sapa, Anjani ?,"pandanguné Resi Gotama.

Dèwi Anjani ora wani dora, amarga wedi yèn kena soté (upatané) ingkang rama, mula dhèwèké matur walaka (blaka) menawa cupu manik Asthagina iku paringané ingkang ibu, Dèwi Windradi. Resi Gotama nuli dhawuh marang Endang Suwareh supaya ngaturi Dèwi Windradi. Sawisé marak, Dèwi Windradi dinangu déning sang Resi, saka sapa pinangkané cupu manik sing kanggo dolanan Anjani. Dèwi Windradi ora wangsulan, kaya-kaya ana bab kang disingidaké. Brol, waspané tumetes nelesi pipiné.

"Hé Windradi, kowé kuwi duwé kuping apa ora ? Ana wong ditakoni kok meneng waé ora wangsulan. Kepara adol tangis. Apa nék ngono kuwi terus enték perkarané, iya ? Kaya-kaya ana bab kang winadi sing mbok dhelikaké. Coba yèn aku isi mbok-anggep garwamu, kowé blakaa, ora perlu wedi,"

Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggoné mundhut priksa, nanging Sang Dèwi Windradi tetep meneng waé ora wangsulan. Wasana ndadèkaké dukané Sang Resi Gotama.

"Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng waé ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrapé tugu,"

Mandi sabdané Sang Resi Gotama, sanalika Dèwi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dèwi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "soté"(upatané). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadèyané Dèwi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksané tugu watu tiba ing tapel wates kukuban negara Alengka. Ing tembé tugu iku bisa dadi sarana patiné Patih Prahasta kang dikepruk mustakané nganggo tugu iku déning Jaya Anila, senopatiné Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnané Prahasta, tugu bisa bali dadi wujudé Dèwi Windradi manèh.

Sawisé iku, Resi Gotama banjur nyawataké cupu manik Asthagina. Para putrané kadhawuhan mbujung kumleyangé cupu. Anèhé bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendhang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangé cupu, ngira yèn cupu kecemplung ing sendhang. Kekaroné nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekaroné salin wujud dadi pragosa alias kethèk. Déné Dèwi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikilé. Wanita kekaroné uga banjur salin wujud dadi menungsa nanging pasuryan lan tangané metu wuluné kadidéné kethèk.

Bisané ruwat, Dèwi Anjani banjur kadhawuhan déning ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunaké tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembé mburiné Anjani nglairaké putra wujud wanara séta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairaké wanara ulesé ireng mulus (lutung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Sabanjuré Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga lan banjur salin asma dadi Subali. Déné Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa.==Cupu manik Asthagina== Mauné Subali iku wujud manungsa lumrah, kepara wujudé satriya bagus, kanthi asma Guwarsa iya Anjanarka. Dhèwèké bisa salin wewujudan kaya ngono iku, amarga kepingin ndarbèni cupu manik Asthagina duwèké mbakyuné kang sesilih Dèwi Anjani.

Dèwi Anjani duwé dolanan wujud cupu manik kang banget éndahé. Yèn tutupé cupu dibukak, ing njeron cupu iku katon ana jagad saisiné, lan bisa kanggo mangerteni kahanan marcapada utawa lelakon apa kang bakal dumadi samengkoné.

Mula Guwarsa klawan adhiné kang asma Guwarsi utawa Anjaningrat iya banjur kepéngin ndarbèni cupu ajaib iku. Sekawit cupu kuwi ditembung mung arep disilih sawetara, nanging Anjani ora mènèhaké. Wusana Guwarsa lan Guwarsi enték kesabarané. Cupu manik arep direbut saka tangané Anjani, lan mesthi waé Anjani iya ngukuhi cupu dhuwèké iku. Wusanana dadi padudon ramé.

Endang Suwareh (Suwarsih), pamomongé Anjani gagé misah bocah telu kang padha regejegan nanging dikipataké nganti tiba klumah. Dèwi Anjani banjur lumayu sowan ramané, Resi Gotama.

Äna apa kok padha oyak-oyakan kaya patrapé bocah cilik ?,"pitakoné Resi Gotama.

Guwarsa matur, "Rama, Kakangmbok Anjani gadhah cupu manik ingkang wujudipun saklangkung saé sanget. Cupu wau saged kanggé mriksani lelampahan ingkang badhé dumados. Lha kula kepingin saged ngampil mboten kétang namung sakedhéping netra, nanging mboten dipun keparengaken déning kakangmbok Anjani,"

"Mboten dhing rama. Piyambakipun meksa kepingin ngrebat cupu gadhahan kula,"Anjani suwala.

"Wis..wis, damar mancung cinupet, kowé kabèh ora susah padha regejegan. Coba endi saiki cupu sing marakaké ramé iku ?,"pangandikané Resi Gotama.

Pucet sanalika pasuryané Dèwi Anjani. Dhèwèké kelingan piwelingé ibuné, aja pisan-pisan cupu iku kepriksan déning Sang Resi Gotama. Barang iku pancèn wadi banget. Cupu kang kanggo rebutan iku mau banjur disuwun déning Sang Resi Gotama. Dèwi Anjani sangsaya luwih wedi marang dukané ramané ketimbang ibuné.

Wusana cupu manik Asthagina iku dicaosaké. Kaget Sang Resi Gotama dupi priksa wewujudané cupu manik kang éndah sumorot anelahi. Sangsaya kejot manèh panggalihé Sang Resi bareng ngawuningani isi njeron cupu iku, katon ana gegambarané jagad saisiné: srengéngé (surya), rembulan lan lintang-lintang, tathit lan méga, warna-warna téjané.

"Cupu iki saka sapa, Anjani ?,"pandanguné Resi Gotama.

Dèwi Anjani ora wani dora, amarga wedi yèn kena soté (upatané) ingkang rama, mula dhèwèké matur walaka (blaka) menawa cupu manik Asthagina iku paringané ingkang ibu, Dèwi Windradi. Resi Gotama nuli dhawuh marang Endang Suwareh supaya ngaturi Dèwi Windradi. Sawisé marak, Dèwi Windradi dinangu déning sang Resi, saka sapa pinangkané cupu manik sing kanggo dolanan Anjani. Dèwi Windradi ora wangsulan, kaya-kaya ana bab kang disingidaké. Brol, waspané tumetes nelesi pipiné.

"Hé Windradi, kowé kuwi duwé kuping apa ora ? Ana wong ditakoni kok meneng waé ora wangsulan. Kepara adol tangis. Apa nék ngono kuwi terus enték perkarané, iya ? Kaya-kaya ana bab kang winadi sing mbok dhelikaké. Coba yèn aku isi mbok-anggep garwamu, kowé blakaa, ora perlu wedi,"

Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggoné mundhut priksa, nanging Sang Dèwi Windradi tetep meneng waé ora wangsulan. Wasana ndadèkaké dukané Sang Resi Gotama.

"Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng waé ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrapé tugu,"

Mandi sabdané Sang Resi Gotama, sanalika Dèwi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dèwi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "soté"(upatané). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadèyané Dèwi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksané tugu watu tiba ing tapel wates kukuban negara Alengka. Ing tembé tugu iku bisa dadi sarana patiné Patih Prahasta kang dikepruk mustakané nganggo tugu iku déning Jaya Anila, senopatiné Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnané Prahasta, tugu bisa bali dadi wujudé Dèwi Windradi manèh.

Sawisé iku, Resi Gotama banjur nyawataké cupu manik Asthagina. Para putrané kadhawuhan mbujung kumleyangé cupu. Anèhé bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendhang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangé cupu, ngira yèn cupu kecemplung ing sendhang. Kekaroné nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekaroné salin wujud dadi pragosa alias kethèk. Déné Dèwi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikilé. Wanita kekaroné uga banjur salin wujud dadi menungsa nanging pasuryan lan tangané metu wuluné kadidéné kethèk.

Bisané ruwat, Dèwi Anjani banjur kadhawuhan déning ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunaké tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembé mburiné Anjani nglairaké putra wujud wanara séta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairaké wanara ulesé ireng mulus (lutung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Sabanjuré Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga lan banjur salin asma dadi Subali. Déné Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa.

Subali lawan Prabu Maésasura[sunting | sunting sumber]

Nalika Subali lan Sugriwa mbangunaké tapa, kekaroné disraya déwa ngalahaké kraman kang munggah ana kahyangan, yakuwi Prabu Maésasura, nata Guwa Kiskendha. Prabu Maésarura kuwi wujudé buta gedhé nanging asirah maésa (kebo), déné patihé kang aran Lembusura, wujudé buta asirah lembu/ sapi.

Sadurungé mlebu ana kedhatoné Prabu Maésasura kang wujud guwa, Subali weling marang Sugriwa supaya nunggu ana jaba. Mengko yèn sing mili saka jero guwa banyu rupané abang, iku ateges sing mati Maésasura lan Lembusura. Yen sing mili metu rupané putih, tegesé sing mati Subali, mula Sugriwa didhawuhi énggal nablek guwa iku karebèn buta loro kuwi mati.

Anggoné perang ana jero guwa ramé lan suwé banget. Nalika Maésasura-Lembusura léna, déning Subali kekaroné dicandhak, sirahé diadukumba. Sirah ajur metu getih abang campur polo (otak) putih. Dupi priksa iliné banyu abang campur putih, Sugriwa ngira yèn Subali mati sampyuh. Lawangé guwa gagé ditableg, lan Sugriwa banjur munggah kahyangan nyuwun kanugrahan widodari Dèwi Tara. Déwa banjur maringaké Dèwi Tara dadi garwané Sugriwa lan kraton Guwa Kiskedha uga banjur diparingaké Sugriwa. Sugriwa kalilan jumeneng nata ana negara Guwa Kiskendha kanthi jejuluk Narpati (Prabu) Jaya Sugriwa.

Aji Pancasona[sunting | sunting sumber]

Kacarita, Subali kang ana sajroning guwa akhiré bisa metu. Dhèwèké kandha yèn wis trima, nuli ambegawan ing Sonyapringga kanthi peparab Resi Subali. Anggoné tapa ing Sonyapringga, Subali éntuk kanugrahan aji Pancasunya (Pancasona) kang dayané senajan sedina mati kaping pitu janji isih kambah ing pratala, utawa kasiliring samirana lan kasiram banyu, bisa bali urip manèh. Mula Subali iya digdaya banget.

Subali lawan Dasamuka[sunting | sunting sumber]

Adegan kang nggambaraké patiné Subali ing tangané Rama

Nalika Dasamuka lagi nganglang jagad ngambah gegana, dumadakan ngungkuli pertapané Subali saéngga tiba njungkel ing bantala. Dasamuka muring-muring lan ngamuk. Subali arep dipatèni, ning wasana Dasamuka kalah. Dasamuka banjur nglenggana lan banjur nyuwita. Déning Resi Subali Dasamuka kaparingan aji Pancosona, mula tambah digdayané.

Dasamuka sing dhasar wataké angkara murka ora seneng yèn ana pawongan sing ngungkuli kadigdayané, senajan kuwi guruné pisan. Mula Dasamuka banjur golèk rekadaya supaya Subali ngucik Dèwi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Subali klakon ngrebut Dèwi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur kacekel lan disawataké adoh, tumangsang ana wit asem dhampit gedhé. Kejepit pang nganti ora bisa obah.

Subali tiwas[sunting | sunting sumber]

Sugriwa banjur utusan marang abdiné, Jembawan, supaya golèk pitulungan. Ana dalan Jembawan kepanggih Radhén Rama Reghawa lan Laksmana saka Ayodya kang nuju nggolèki garwané Rama, Rekyan Sinta kang didhusta Dasamuka. Jembawan nyuwun pitungan marang Rama. Saka pitulungané Rama, Subali bisa tiwas ketaman panah Guhyawijaya.

Sugriwa sawadyabalané banjur nyuwita marang Rama reghawa mbiyantu adeging negara anyar ing alas Pancaloka. Negara anyar iku banjur karan negara Pancawati, déné Rama Reghawa banjur jumeneng nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya. Sugriwa banjur jinunjung dadi sénopati agung kanthi pangkat ratu utawa narpati. Mula iya banjur éntuk sesebutan Narpati Jaya Sugriwa. Sugriwa sawadyabalané mbiyantu Prabu Ramawijaya ngrabasa ing Alengka numpes memalané jagat kang siandhang déning Prabu Dasamuka.

Mangga ugi pirsani[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Subali&oldid=812748"