Marica

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Marica
Rama mburu Marica kang nyamar dadi kidang.
Rama mburu Marica kang nyamar dadi kidang.
Déwanagari: मारीच
Golongan: Rakshasa
Asal: Hutan Dandaka

Marica (Sanskerta: मारीच; Mārīcha) utawa Kala Marica utawa Ditya Kala Marica iku raseksa, putrané Tataka lan Sunda ing sajroning wiracarita Ramayana. Dheweke manggon ing alas Dandaka lan dadi patihe Rahwana. Simbah kakungé Marica iku yaksa kang aran Suketu, dhèwèké ora nduwé putra banjur nyuwun kanugrahan menyang Dewa Brahma. Brahma mènèhi anugrah yèn Suketu bakalan nduwé putra wadon, nanging ayu lan kuwat. Putri iku dijenengi Tataka, lan nikah karo Sunda. Pasangan iku nduwèni putra kang jenengé Marica. Amarga Sunda séda kena kutukan Resi Agastya, Tataka lan Marica ngamuk banjur nglarani Resi iku. Sang Resi iku banjur nyumpahi kekarone supaya dadi elek lan uripe mangan daging manungsa.

Rerusuh ing wana Dandaka [sunting]

Tataka lan Marica urip ing wana Dandaka lan asring gawe rerusuh marang resi-resi kang lagi tapa brata. Nganti tekane Rama lan Lesmana saka Ayodhya saka panjaluke Resi Wiswamitra, Rama mateni Tataka kanthi paser sektine, nanging Marica isa mlayu lan nyelametake awake. Nalika Wiswamitra nglakoni upacara, Marica gawe rerusuh meneh karo Subahu lan bala-balane. Marica lan bala-balane mabur ing sandhuwure papan kang digunakake upacara sinambi gawa daging abang lan netesake geteh ing sajen. Ngerti kedadeyan iku Rama lan Lesmana kepengen nyekel Marica lan bala-balane. Nanging Rama ora kepingin Marica mati. Banjur Marica isa dicekel dening Lesmana. Nanging Subahu dipateni dening Rama kanthi pusaka Agni.


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Marica&oldid=833809"