Rahwana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Rahwana
Prabu Dasamuka
Prabu Dasamuka
Déwanagari: रावण
Éjaan Sanskerta: Rāvaṇa
Jeneng liya: Raawan; Rewana;
Ravan; Dasamuka;
Dasagriwa; Dasakanta;
Dasanana
Golongan: Raseksa
Asal: Karajan Alengka
Senjata: Gada, pedhang, tumbak,
panah, lan liya-liyané.
Sisihan: Mandodari

Rahwana (Dewanagari: रावण, IAST Rāvaṇa utawa Rāvaṇa; kadhangkala dialihaksara dadi Raavana lan Ravan utawa Revana, jroning padhalangan luwih kawentar kanthi sesebutan Prabu Dasamuka) iku salah sijiné paraga ing wiracarita Ramayana. Prabu DasamukaDasamuka iya Rahwana iku putrané mbarep Resi Wisrawa lan Dèwi Sukesi, putriné Prabu Sumali, nata ing AlengkaAlengka.

Lairé Rahwana[sunting | sunting sumber]

Nalika lairé, ing jagad ana ngalamat ala warna-warna, kayata: udan getih, cahyané BagaswaraBagaswara katon surem kucem, ing akasa akèh clérét taun pating sliwer tiba ing bantalabantalan, butabuta, silumansiluman, jinjin, setan, peri pahrayangan padha ngaton lan jejogetan.

Lairé Dasamuka saka guwa [[]]garba ora kaya salumrahé bayi. Sepisanan Sang Dèwi Sukesi nglairaké sirah bayi cacahé sepuluh kang rupané medéni banget. Pakulitané biru, netrané abang angatirah, siyungé mingis-mingis. Sabanjuré Dèwi Sukesi nglairaké lengen bayi cacahé rong puluh, nuli disusul perangan awak liyané.

Déning Resi Wisrawa, jabang bayi kang mustakané (sirahé) cacah sepuluh, abahu lan tangané cacah rong puluh iku banjur kaparingan asma kang salaras karo kahanané, yaiku Dasamuka (,arai sepuluh), uga sinebut Dasawardana, Dasanana, Dasawaktra, Dasasya, Sasasira, Dasagriwa (,agulu sepuluh) lan Wingsatibahu.

Cilik tekan Diwasa[sunting | sunting sumber]

Wiwit cilik Dasamuka digegala déning ingkang éyang Prabu Sumali, supaya seneng ulah kasutapan lan prihatin, saéngga ing tembé dadi wong sing digdaya sekti mandraguna tanpa tandhing, darbé kaluwihan ngungkuli sapa baé. Wiwit cilik tekané diwasa Dasamuka lan adhi-adhiné padha urip ing pertapan, lan mertapa tanpa mangan lan ngombé ing pucuking gunung Gohkarna lawasé seket taun. Saben limang taun, sirahé dipothol siji, dilebokaké ing geni sesaji.

Bareng wis ganep seket warsa, Dasamuka karawuhan bathara Syiwa (Bathara Guru). Dasamuka kaparengaké darbé panuwun, lan panuwuné mau bakal diudanèni. Dasamuka nyuwun aji jaya kawijayan kang linuwih, jagad ora ana sing bisa nandhingi. Aja nganti bisa mati mungsuh manungsa, naga, garudha, buta/raseksa, apsara, widadara apadéné déwa. Kabèh makhluk urip ing saindhengé jagad kudu bisa dikuwasani kanthi gampang. Bathara Guru ngabulaké panyuwuné Dasamuka, amung welingé yèn ana kethèk putih, Dasamuka ora dikeparengaké ngina, apamanèh gawé cintrakané. Awit amung kethèk putih iku kang bisa ngasoraké yudané Dasamuka.

Sapurnané mertapa, Dasamuka tumuli kasengkakaké ngaluhur jumeneng nata ing Alengka, nglintir kepraboné ingkang éyang, Prabu Sumali. Sawisé jumeneng ratu, Dasamuka nedya ngénggar-énggar panggalihé ing Gunung Kelasa. Lagi waé arep munggah gunung dumadakan ketemu déwa wujud wanara séta, bebisik Bathara Nandiswara. Nandiswara ngalang-alangi Dasamuka supaya aja mbacut, awit ing puncaké gunung iku lagi dienggo lelangen Bathara Sangkara (Sang Hyang Syiwa) ora kersa dicedhaki sapa waé. Dasamuka ora mreduli, malah nandukaké pangina marang Sang Nandiswara, amarga priksa wujudé kethèk kang lucu. Nandhiswara duka lan ndhawahaké upata (sot) yèn ing tembé negarané Dasamuka bakal dirusak déning titah awujud kethèk putih. Sabanjuré Dasamuka ngongasaké kasektené. Tangané loro dijojohaké ing sukuning Gunung Kelasa disangga nedya diumbulaké.

Tumindaké Dasamuka gawé kageté Bathara Sangkara kang tumuli nindhihaké jempol samparané kiwa ing puncaking gunung Kelasa, satemah gunung ora obah. Tangané Dasamuka loro pisan kejepit Gunung Kelasa, ora bisa dilolos, malah obah waé ora bisa. Jalaran kelaran banget, Dasamuka mbengok sora. Swarané ngumandhang ing akasa, agawé girisé tribawana. Suwé-suwé Bathara Sangkara tuwuh welasé, panindhihé dikendhoni, saéngga Dasamuka bisa nglolos tangané. Bathara Sangkara nuli paring asma anyar marang Dasamuka: Rawana. saka tembung "Rawa" kang tegesé arané swara sora nggegirisi. Dudu Rahwana kaya kang asring dikocapaké para dhalang, kang asring dikérata basa dadi tembung "Rah" tegesé getih, lan "wana" tegesé alas, kang maknané Dasamuka kuwi kadadeyan saka "getih ing alas". Kuwi salah kaprah. Sing bener "Rawana" tanpa aksara "h", dudu Rahwana.

Sedulur-seduluré[sunting | sunting sumber]

Sang Rawana raja raseksa saka Karajan Alengka, lukisan gagrag India.

Dasamuka duwé adhi cacah telu, yakuwi Kumbakarna (wujud buta sagunung anakan), Dèwi Sarpakenaka (wujud raseksi), lan Wibisana (wujud satriya bagus). Karo Prabu Danaraja (Danapati), Dasamuka kaprenah kadang séjé ibu nunggal rama. Ibuné Prabu Danaraja asmané Dèwi Lokati, putrané Prabu Lokawana ratu Lokapala.

Prameswariné Prabu Dasamuka widodari asmané Dèwi Tari, peputra kakung siji asma Indrajit iya Meganandha. Karo garwa liyané, Prabu Dasamuka apeputra Trisirah, Trikaya, Trimuka, Trinetra, Triweneh, Dewantaka, Dewantumut, Narantaka, Sagsadewa, lan Pratalamaryam iya Bukbis. Trikaya lan Trimuka iku putra kembare Dasamuka patutan saka Dewi Wisandi. Sedulur kembar iki dicritakake duwe kasekten kang bisa urip maneh yen dilangkahi kunarpane karo kembarane. Dening Kapi Anoman sedulur kembar iki disirnakake kanthi mbenthusake/ngadu sirahe, saengga kalorone mati bareng.

Gegaman lan aji-aji[sunting | sunting sumber]

Gegamané Prabu Dasamuka manéka warna, nanging kang kerep kasebut lan adhakan digunakaké yaiku Candrasa,wujudé klewang cilik (cendhak), jemparing Kalabardhani, lan pedhang Menthawa.

Aji-ajiné aran Pancasunya (Pancasona) peparingé Resi Subali. Dayané aji Pancasunya, yèn Dasamuka ngemasi ing sajabaning pepesthen, bisa waluya jati manèh. Amarga darbé aji Pancasunya, watak-wantuné Dasamuka sangsaya angkara murka lan adigang adigung adiguna. Akèh para ratu, para raja sakiwa tengené negara Alengka kang ditelukaké sarana linawan bandayuda, kayata negara Lokapala, Maespati, Ayodya, Mantili, lan sapituruté. Kejaba kuwi uga akeh para pandhita kang padha dipaténi jalaran ora sarujuk karo tumindaké Dasamuka sing ndusta Dèwi Sinta, garwané Prabu Rama ing Pancawati.

Sirnané Rahwana[sunting | sunting sumber]

Ing perang Giriantara, yaiku perang antarané negara Alengka (utawa Lanka, vèrsi Indhia) lumawan Pancawati dadi ramé amarga Prabu Rama dibiyantu déning para wanara. Pungkasané Dasamuka iya Rahwanaa bisa disirnakaké déning Prabu Ramawijaya srana ditamani senjata pamungkas wujud jemparing paringané déwa aran Kiai Guhyawijaya. Dadi dudu jemparing Kiai Guwawijaya sing asring sok dikocapaké Ki Dhalang kaé. Kuwi salah kaprah, jalaran tembung Guhyawijaya kuwi mengku teges, Guhya tegesé gaib,déné wijaya tegesé kemenangan, dadi cethané Guhyawijaya kuwi tegesé "kemenangan kang sinandhi/gaib").

Prabu Rama anggoné ngasoraké Dasamuka kuwi sejatiné mung kinarya lantaran tumrap Bathara Wisnu anggoné bakal mbrasta tumindha dur angkara murka kang tumanduk ana anggané Prabu Dasamuka.

Bareng Dasamuka ketaman Guhyawijaya ora bisa obah amarga pusaka iku tumanem ana puseré Dasamuka nganti tembus tekan gigir lan bedhoré jemparing tumancep ing watu kemlasa. Bareng Dasamuka wis ora bisa obah owah maneh, uli ragané ditableg gunung Pangungrungan (Somawana) déning Anoman saéngga Dasamuka pralaya. Sapurnané perang brubuh iku, Alengka banjur diwènèhké marang Wibisana.

Dasanama[sunting | sunting sumber]

  • Ravana (versi Indhia)
  • Dasamuka = rai sepuluh

Delengen Uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rahwana&oldid=817277"