Kakawin Ramayana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Anoman.

Kakawin Rāmāyaṇa punika kakawin ingkang isinipun wiracarita Ramayana. Kakawin punika dipunserat mawi basa Jawa Kina, dipunidhep para pakar dipundamel ing Jawa Tengah pungkasan abad kaping 9 M, kirang langkung kiwa tengenipun taun 870. Kakawin punika dipunwastani adikakawin amargi kaanggep ingkang kapisan, panjang piyambak kaliyan saking saénipun basanipun saking mangsa Hindhu-Jawi.

Sekar rupa kakawin puniki salah satunggiling vèrsi Indhia ingkang kathah prakawis cariyos sang Rama kaliyan sang Sita, wiracarita agung ingkang vèrsi pratamanipun sanjangipun para pandhita dipunanggit déning Walmiki ing basa Sansekreta.

Ringkesan[sunting | sunting sumber]

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nyuwun pambiyantu Sri Paduka Dasarata mbébasaken pratapanipun saking para raseksa. Lajeng Rama saha Laksamana tindak.

Ing pratapan punika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng tumuju negari Mithila amargi wonten mriku pinuju wonten sayembara kanthi janji sok sintena ingkang mimpang saged nyunting putri raja anami Dèwi Sinta. sayembara ingkang kasebat inggih punika menthang gendéwa ingkang rumiyin sareng kaliyan wiyosanipun Dewi Sinta. Mboten wonten ingkang kuwawi menthang gendéwa kajawi Rama pramila saking menika Rama lajeng dhaup kaliayan Dewi Sinta sasampunipun Dewi Sinta dipun boyong kondur dhateng Ayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun putra pammbajeng. Ananging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama ngendika manawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Senadyan kanthi awrat ing penggaih, raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Ananging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha duka lajeng wadul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngakèn Rahwana supados nyulik Sinta.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sinta kapireng déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rahwana.

Lajeng Rama saha Laksmana tindak dhumateng kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

ksmana]] saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dèwi Sinta. Lajeng para pasarta dipunkèn ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sinta. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama sanjang menawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rahwana nyulik Sinta kaliyan ngepèk dados sèmahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sinta karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rahwana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Conto tèks[sunting | sunting sumber]

Déning para pakar saha sastrawan, kakawin Ramayana dipunanggep sekar ingkang sanget saé ing basa Jawi Kina kados sampun dipunsebat ing inggil. Ing andhap punika sauntawis cuplikan saking seratan kakawin saha jarwanipun ing basa Jawi samangké.

Kiasan[sunting | sunting sumber]

I.5

Jawi Kina Jarwa
Kadi mégha manghudanaken, Kados awan ingkang njawuhi,
paḍanira yar wéhaken ikang dâna, inggih mekaten saminipun, menawi maringi dana,
dînândha krepaṇa ya winéh, tiyang miskin kaliyan cacat ugi diparingi,
nguni-nguni ḍang hyang ḍang âcârya. saya malih para pandhita saha tiyang suci.

Purwakanthi[sunting | sunting sumber]

XI.7

Jawi Kina Jarwa
Molah wwaining tasik ghûrṇnitatara gumuruh dényangin sang Hanûmân, Toya segantun ngosak-asik saha gumuruh déning anginipun sang Hanuman.
kagyat sésînikang sâgara kadi ginugah nâga kolâh alâwû, Kagèt ta isining segantun sadaya, kados-kados ta ingkang naga dipunkocok-kocok lajeng njerit tangi.
lunghâ tang bâyu madres kayu-kayu ya katûb kampitékang Mahéndra, Angin ribut nglangkungi kalih wit-witan kathah ingkang dhawah, kados-kados ta redi Mahendra gumeter.
sakwéhning wânarâ nghér kaburu kabarasat sangśayé śatru śakti. Sadaya wanara ingkang manggèn ing mriku mlajeng kajrihan kados-kados dipunoyak déning satru sakti.

Lukisan ngalam[sunting | sunting sumber]

XVI.31 (Bhramara Wilasita)

Jawi Kina Jarwa
Jahnî yâhning talaga kadi langit, Toya tlaga bening kados langit,
mambang tang pâs wulan upamanikâ, Satunggiling bulus ingkang ngambang kados wulan,
wintang tulya ng kusuma ya sumawur, Lintang-lintangipun punika sekar-sekar ingkang sumawur,
lumrâ pwêkang sari kadi jalada. Sumebar dadi amba ta sari-sarinipun, kados-kados ta awan.

Gandhèng cènèng kaliyan tèks-tèks sanès[sunting | sunting sumber]

Kakawin Ramayana sasampunipun dipuntliti déning para pakar tetéla détailipun mboten mèmper vèrsi-vèrsi Ramayana ing Nusantara sanèsipun, kados Hikayat Seri Rama ing basa Melayu, Serat Rama Keling ing basa Jawi Énggal kalihan uga relief-relief Ramayana ingkang wonten candhi Prambanan.

Pranyata bagéyan ageng kakawin Ramayana punika adhedhasar satunggiling karya sastra mawi sekar ing basa Sansekreta saking Indhia ingkang gadhah judul Rāvaṇavadha utawi langkung dipuntepangi mawi nami Bhaṭṭikāvya saking abad kaping 6 ngantos 7.

Ing sastra Jawi Énggal, kakawin Ramayana dipungubah malih déning kyai Yasadipura dados Serat Rama Kawi.

Bibliografi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kakawin_Ramayana&oldid=865096"