Bharata
Bharata utawa asring kasebat Prabu Bharata menika putranipun Prabu Duswanto utawi Prabu Dusyanto patutan lan Sakuntala. Prabu Duswanta menika Ratu ingkang misuwur saking darah Kuru, Sakuntala menika putra widadari Dewi Menaka ingkang dipun mong déning Resi Kanwa. Saderengipun purun kagarwa dening Prabu Duswanta, Sakuntala gadhah bebana, menawi mangke anakipun lair jaler supados kajumenengaken nata nggentosi Prabu Duswanto. Sang Prabu marengaken bebananipun Sakuntala. Nalika Sakuntala saweg ngandeg, Prabu Duswanta kondur kedhaton amargi sampun dangu nilar praja. Prabu Duswanta nilar sesupe dhateng Sakuntala lan ngendika menawi mangke jabang bayi sampun lair Sakuntala lan anakipun badhe kaboyong dhateng praja.
Sawatawis candra sasampunipun katilar Prabu Duswanta, Sakuntala nglairaken anak jaler. Ing epek-epekipun wonten gambar Cakra, mratandhani bilih lare menika benjing badhe dados Cakrawartin, Ratu Agung Panguwaos Bumi. Lare menika dening Resi Kanwa kaparingan nama Sarwadamana.
Sarehne ngantos dangu boten dipun papag dening Prabu Duswanta, Sakuntala kadhawuhan Resi Kanwa supados sowan dhateng Kadhaton Kuru kaliyan putranipun sarwi ngasta sesupe peparingipun Prabu Duswanta. Nalika tindakipun nyabrang lepen sesupe wau dhawah lan ical. Sasampunipun sowan wonten ngarsanipun Prabu Duswanta, Sakuntala matur menawi wontenipun nanging Prabu Duswanta boten kersa ngakeni yen Sakuntala menika garwanipun lan boten kersa ngakeni yen Sarwadamana menika putranipun. Sakuntala sanget nalangsa mireng pangandikanipun Sang Nata. Dumadakan kapireng Akasawakya utawi swanten saking akasa ingkang mratelakaken bilih aturipun Sakuntala wau leres.
Sang Prabu sejatosipun sampun priksa bilih Sakuntala matur menapa wontenipun namung sarehne wonten pasewakan lan Sakuntala boten saged ngaturaken sesupe minangka tandha bukti, pramila Sang Prabu api-api boten ngakeni.
Mireng Akasawakya ingkang kamireng dening tiyang kathah Sang Prabu lajeng ngakeni menawi Sakuntala menika garwanipun lan Sarwadamana menika putranipun. Sami sakala Sarwadamana katetepaken dados Pangeran Pati lan kaparingan asma Bharata. Sasampunipun jumeneng nata Prabu Bharata misuwur Nata ingkang Ber Budi Bawa Leksana. Wiyaring jajahanipun ingkang sinebat Bharatawarsha wiwit Redi Himalaya ngantos Samudra.