Sugriwa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Narpati Sugriwa

Narpati Sugriwa iku salah sawijining paraga wayang ing wiracarita Ramayana. Dhèwèké putraning Resi Gotama lan Dewi Indradising wuragil Sasedhulur cacahe ana telu, yakuwi Dewi Anjani, Guwarsa iya Subali, lan Guwarsi iya Sugriwa. Nalika isih anom Subali uga karan Anjana utawaAnjanarka.', dene Sugriwa uga sok karan Anjaningrat. Sugriwa iku maune wujud satriya bagus. Merga kepingin ndarbeni Cupu Manik Asthagina, banjur nggebyur ing telenge tlaga Madhirda (ing padhalangan karan tlaga Sumala) saperlu ngupadhi cupu mau, temahan wujude malih dadi kethek. Dene critane mangkene:

Mula bukaning Sugriwa[sunting | sunting sumber]

Sawijining dina, Dewi Windradi utawa Dewi Indradi kang wektu kuwi wis kawengku ing priya, Resi Gotama, lan malah wis peputra barang, kanthi sesidheman sapatemon karo Bathara Surya. Bathara Surya rumangsa marem marang Windradi anggone caos leladhi, mula banjur kaparingan pusaka wujud cupu jenengé Cupu Manik Astagina. Cupu mau uga banjur diparingake Dewi Indradi marang Anjani lan diwanti-wanti aja nganti kapriksan sapa waé, luwih-luwih kapriksan Sang Resi Gotama. Nanging sawijine dhina Guwarsa lan Guwarsi weruh cupu kang digawa aAnjani lan kepéngin nduwèni. Bocah telu mau banjur rebutan.

Mranggulangi kahanan mau, Resi Gotama banjur mbuwang cupu mau lan tumiba ing tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi nekad nyemplung tlaga, déné Anjani mung wani raup rai. Resi Gotama sepata yèn kelakuwan bocah telu mau kaya réwanda. Kocap mangkono, Guwarsa dalah Guwarsi dadi kebak wulu lan nduwé buntut kaya déné kethèk. Déné Anjani mung rainé sing arupa kethèk. Wiwit kuwi, Guwarsa banjur ganti jeneng Subali lan Guwarsi ngalih jeneng dadi Sugriwa.

Sugriwa lan Subali[sunting | sunting sumber]

Kadang loro iki mauné rukun-rukun waé. Sawijining dina, wong loro iki diminta sraya déning jawata supaya nyirnakaké Prabu Mahesa Sura, ratu buta asirah Maesa (kebo) ing negara Guwa Kiskendha. Dene patihe jenenge Lembusura (buta sirahe sapi). Nalika semana Prabu Maesasura kongkonan patihe supaya nglamar Dewi Tara, satemah gawe geger kahyangan. Para dewa banjur minta sraya marang Subali lan Sugriwa supaya nyirnakake Maesasura sawadyabalane.

Nalika Subali arep mlebu ana negara Guwa Kiskendha, weling karo Sugriwa kang nungga ana jaba. Mengko yen iline banyu saka jero guwa rupane abang, iku ateges sing mati Maesasura lan Lembusura. Yen sing mili metu rupane putih, sing mati Subali.

Anggone perang rame banget, lan suwe. Wasana Subali bisa mateni Maesasura lan Lembusura kanthi sirahe diadhu-kumba. Sirahe buta loro mau pecah metu getih abang campur polo (bahasa Indonesia, otak) putih. Dening Sugriwa dikira Subali mati sampyuh, mula lawanbge guwa banjur ditableg. Sugriwa banjur munggah ing kahyangan nyuwun kanugrahan Dewi Tara. Dewi Tara iya banjur diparingake Sugriwa lan Sugriwa uga banjur jumeneng nata ana Guwa Kiskendha.

Subali kang isih ana jero guwa akhire iya bisa metu. Dheweke kandha yen wis trima, nuli bali mbacutake tapabratane ana Sonyapringga kang banjur ambegawan kanthi peparap Resi Subali. Dasamuka kang nuju nganglang jagad kanthi ngambah gegana, nalika ngungkuli pertapane Subali, tiba njungkel ing bantala. Dasamuka muring-muring, Subali arep dipateni. Nanging wasana Dasamuka malah sign kalah, banjur nyuwita. Dening Subali, Dasamuka banjur kaparingan aji Pancasona, mula Dasamuka tambah digdaya.

Dhasar Dasamuka iku watake angkara murka, dheweke ora seneng yen ana pawongan liya sing luwih sekti, senadyan kuwi gurune dhewe. Dasamuka golek cara kanggo nyirnakake Subali. Ya Dasamuka iki sing ngithik-ithik Subali supaya ngucik Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur utusan Jembawan supaya golek pawongan sing bisa mitulungi dheweke lan mateni Subali. Jembawan kasil mboyong Raden Rama Regawa lan Laksmana Widagda supaya mitulungi kasangsarane Sugriwa. Saka pitulungane Rama Regawa, Subali bisa tiwas ketaman jemparing Guhyawijaya. Sugriwa sawadyabalane (wujud kethek) banjur nyuwita marang Rama Wijaya ngrabasa negara Alengka, saperlu numpes memalaning jagad kang sinandhang dening Dasamuka.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sugriwa&oldid=818345"