Kumbakarna

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kumbakarna
Kumbakarna vèrsi pawayangan Jawa
Kumbakarna vèrsi pawayangan Jawa
Déwanagari: कुम्भकर्ण
Éjaan Sanskerta: Kumbhakarṇa
Golongan: rakshasa
Asal: Krajaan Alengka

Kumbakarna iku putrané Begawan Wisrawa lan Dèwi Sukesi ingkang angka loro. Sasedulur ana papat, yaiku Dasamuka (Rawana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Kasatriyané ing Pangleburgangsa. Garwané widodari, bebisiké Dèwi Kiswani, lan banjur peputra loro, yaiku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba. Dene kang dadi patuladan yaiku rikala negarane diamuk dening Anoman sawadya balane, jalaran Dasamuka ndhusta Dewi Sinta, Kumbakarna gelem sabiyantu marang Gusti ratune, perange kumbakarna ora niat ambelani Dasamuka ananging niat ingsun maju perang mbela tanah kelairane iya bumi pertiwi kang nangis jalaran kanggo ajange pabaratan.

Wujudé Kumbakarna iku buta gedhé nganggo makutha. Gedhé dhuwur ora ana kang madhani lan katon nggegirisi. Wujuding kupingé kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulané sinung aran Kimbakarna.

Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung Gohkarna, Kumbakarna ora kari. Sajroné mertapa, uripé Kumbakarna mung sarana banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapané, Kumbakarna karawuhan Bathara Guru, Kumbakarna kaparengaké darbé panyuwun, lan panyuwuné bakal diijabahi.

Satemené para déwa kang ndhèrèk tindaké Bathara Guru padha ora nyarujuki yèn Kumbakarna kaparingan nugraha, awit Kumbakarna doyan mangan manungsa. Wus akèh manungsa, brahmana, resi, widadara, widodari dalasan para déwa pisan kang dimangsa déning Kumbakarna. Bathara Guru nuli dhawuh marang Dèwi Uma supaya manjing ing tutuké Kumbakarna, dumunung ing pucuking ilaté, supaya aturé raseksa iku ora padha karo sing dikarepaké. Mula nalika ditari nyuwun nugraha apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, bias gawé kekesé mungsuh.

Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Petak Gelap Sakethi. Dayaning aji Cirakalasupta yèn wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, yaiku kang mahanani teguh-santosané salirar. Saben mentas mangan lan ngombé kang akèhé nganti ngundhung-undhung kaya gunung, lumrahé Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi lawasé. Dayaning aji Petak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yèn petak swarané kaya gelap ngampar, agawé kekesing atiné para mungsuhé.

Ana ing Alengka, kalungguhané Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala. Kumbakarna senadyan asipat diyu (buta) nanging pambegané satriya. Marang wataké Dasamuka kang banget angkara murka, Kumbakarna benget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dèwi Sinta garwané Ramawijaya banget cineda déning Kumbakarna. Miturut panemuné ngalap bojoning liyan sarana dinustha, iku panggawé nistha, dudu pakartiné satriya. Yèn miturut wataké satriya ngalap rabiné liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang Dasamuka supaya Dèwi Sinta dibalèkaké dhisik marang Rama. Sawisé mangkono menawa Dasamuka kepingin nggarwa dhèwèké, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira (bandayuda) mungsuh Rama.

Nalika Alengka rinabasa wadyabala wanara nganti tumekané Patih Prahasta mengsah yuda, Kumbakarna isih kepati nendra. Bareng Prahasta mati dikepruk tugu watu karo Anila, Dasamuka lagi dhawuh wadya supaya nggugah Kumbakarna. Angel ing panggugahé Kumbakarna agawé gumuné wadyabala kang dinuta. Sanadyan awaké nganti wola-wali giniles kréta apangirit turangga utawa diidak-idak gajah, parandéné Kumbakarna isih tetep turu kepati. Bareng wulu-puhuné (cumbu)-né dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.

Wis dadi padatané Kumbakarna saben mentas turu kudu mangan lan ngombé. Salebaré mangan-ngombé kang ora karuwan akèhé, Kumbakarna banjur ngadhep kadangé wreda. Sawisé diwartani rusaking wadyabala Alengka nganti tekan sédané Patih Prahasta, Kumbakarna banjur didhawuhi madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balané Prabu Rama.

Kumbakarna wegah maju perang. Akèh-akèh aturé marang Dasamuka kang wosé nyalahaké tumindaké kangmasé. Biyèn wis dièlikaké supaya mbalèkaké Dèwi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, negarané rusak, saiki mbingungi. Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucapé bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, généya gelem mangan asil buminé teka ora gelem mbélani bumi wutah getihé kang wektu saiki diidak-idak mungsuh.

Kumbakarna panas atiné. Kabèh panganan lan ombèn-ombèn sing mlebu wetengé sigra diwutahaké manèh ana ngarepé Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) bayu utah-utahané Kumbakarna. Gandané ora enak, marahi muleg-muleg ning weteng. Dasamuka sangsaya nesu, Kumbakarna diunèk-unèkaké sakatoké. Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing paprangan. Sedyané ora nglabuhi angkara murkané Dasamuka, nanging nedya mbélani lan ngrungkepi bumi wutah getihé kaya kang digambaraké ana ing Serat Tripama yasané pujangga Mangkunegara IV kaé. Wusanané Kumbakarna gugur ana paprangan. Irungé grumpung lan talingané pagas merga dicokot lan disempal déning Sugriwa. Tangané loro lan sikilé loro tugel kajemparing déning Rama. Senadyan kari gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkasé Rama tumanen ing jajané Kumbakarna saéngga palastra.

Patine Kumbakarna kanthi pérangané awak kang diprèthèli mbaka siji iku minangka piwalesé Ditya Jambumangli kang duk ing uni uga mati kanthi awak diprèthèli déning Resi Wisrawa, keng ramané Kumbakarna. Nalika semana ya Jambumangli iku kang dadi jago, ngadani sayembara perang ngadhepi para satriya kang bakal ngayunaké Dèwi Sukesi, klebu Resi Wisrawa.

Delengen Uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kumbakarna&oldid=805156"