Ramayana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Rama ditulungi déning para wanara ing peperangan karo Rahwana.

Ramayana (basa Sangskreta: Rāmāyaṇa utawa lelakuné sang Rama), iku salah siji saka rong wiracarita saka tanah India kang misuwur sanget. Wiracarita sijiné iku Mahabharata.

Carita iki nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri Rama kang kaculik déning Rahwana.

Bab lan Paragraf

[sunting] Vèrsi

Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya yèn kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis déning Walmiki kang kira-kira ing taun 300 SM. Crita iki banjur nyebar lan akèh banget variasiné kang ana ing njero India dhéwé utawa ing donya.

Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin Ramayana. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi irah-irahan ing sawetara panggonan. Crita iki katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi iku, uga kagelar sendratari Ramayana ing platarané.

Sawetara kuwi, ing tanah Mlayu crita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing Thailand dadi Ramakien. Sawetara ahli uga nemokaké yèn Ramayana sumebar uga ing suku Indian, Amérika. Ana uga kang ditemokaké ing Siberia.

Kang paling béda yaiku ing Sri Lanka. Ing tlatah iki Ravana dadi wong kang becik lan Rama dadi wong kang ngrusak Lanka. Ravana iku kecathet salah sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah iki.

[sunting] Lakuné crita

Kejaba vèrsi Sri Lanka, umumé Ramayana nyritaaké lelakoné Sri Rama kang ngrebut manèh Sita. Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama banjur ditulungi déning para wanara lan kasil ngrebut Sita.

[sunting] Daftar kitab

Wiracarita Ramayana ana pitu kitab kang asring sinebut Saptakanda. Urutan kitab nuduhake crita kang kadadean ing sajerone Wiracarita Ramayana.

Jeneng kitab Katrangan
Balakanda Kitab Balakanda iku wiwitane crita Ramayana. Kitab Balakanda nyeritakake Prabu Dasarata kang nduwe garwa cacahe telu, yaiku: Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata nduweni putra papat, yaiku: Rama, Bharata, Lesmana lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyeritakake Sang Rama menangake sayembara lan ngepek bojo Sinta, puteri Prabu Janaka.
Ayodhyakanda Kitab Ayodhyakanda iku wose babagan crita diguwake Rama ning alas karo Dewi Sinta lan Laksmana amarga saka panjaluke Dewi Kekayi. sabubare iku, Prabu Dasarata wis sepuh lan seda. Bharata ora kersa didadekake Raja, banjur dheweke nusul Rama. Rama ora gelem bali menyang kerajaan. Pungkasane Bharata marentah kerajaan atas nama Sang Rama.
Aranyakanda Kitab Aranyakakanda nyritakake babagan uripe Rama, Sita, lan Lakshmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni masa pengasingan. NIng saktengahing alas mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo Raseksa rakshasa. Kitab Aranyakakanda iku uga nyritakake babagan SIta sing diculik karo Rafwana karo crita babagan paprangane Rahwana karojatayu.
Kiskindhakanda Kitab Kiskindhakanda nyritakake babagan lakon ketemune Sang Rama karo Raja Kera kang aran Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa kanggo ngrebut krajaane saka Subali, kakange Sugriwa. ning perangan kuwi mau, Subali mati. Banjur Sugriwa didadekake Raja ning Guwa Kiskindha. Sabanjure Sang Rama karo Sugriwa bersekutu kanggo numpes Kerajaan Alengka.
Sundarakanda Kitab Sundarakanda nyritakake lakon tentara Kiskindha sing lagi mbangun gawe jembatan Situbanda sing nggabungake antarane India karo Alengka. Hanuman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sita. NIng kana, Anoman ditangkep. Ananging bisa meloloskan diri lan mbakar ibukota Alengka.
Yuddhakanda Kitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar Kera dhuweke Sang Rama karo pasukan rakshasa Sang Rawana. ceritane diwiwiti nalika usahane pasukan Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Negara Alengka. Ananging, bebarengan karo iku Wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakean menehi pitedah. Ning paprangan, Rahwana dkalahake karo Rama nganggo senjatan senjata panah saktine Sang Rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi Slamet bareng karo Dewi Sita.
Uttarakanda Kitab Uttarakanda nyritakake lakon diguwake Dewi Sita amarga Sang Rama krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora percaya marang kasucèné Dewi Sita. Bnajur Dewi Sita manggon ning pratapan Rsi Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang kerajaane Sang Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku dheweke kabeh nyanyikake Ramayan sing digubah karo Rsi Walmiki.

[sunting] Delengen uga

[sunting] Prabala njaba

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ramayana&oldid=675403"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès