Wibisana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Radèn Wibisana

Gunawan Wibisana iya Raden Kunta Wibisana iku putrané Dèwi Sukesi lan Begawan Wisrawa kang wuragil. Déné urutané: Rahwana (Dasamuka), Kumbakarna, Dèwi Sarpakenaka, lan Wibisana.

Wujudé wayang, satriya bagus. Wataké utama, awit panjanmana (panjalmané) Wisnu Anjali utawa Wisnu Kawicaksanan, ya iku kerabaté Bathara Wisnu kang nyangkul jejibahan rumeksa katentremaning jagad, sarana manjalma ana ragané pandhita. Mula sing sapa kapanjalman Wisnu Anjali, wataké suci lair batin, adoh saka laku dur angkara.

Kasatriyané ana ing Singgelapura iya Kunthara.awan Wibisana. Ing gagrag asliné, jenengé Vibishana.

Garwané Wibisana, widodari kahyangan kang sesilih Dèwi Triwati. Peputra loro, ya iku:

  1. Dèwi Trijatha kang ing tembé dadi garwané Resi Jembawan ing pertapan Gandamadana lan banjur peputra Dèwi Jembawati, garwané Prabu Kresna
  2. Radèn Denthawilukrama.

Wibisana satriya luhur ing budi. Panggalihé jujur lan adil. Marang para kadang, Wibisana kaduk tresna. Awit saking tresnané marang kadang, Wibisana tansah rumeksa marang Dasamuka, murih bisa widada jumeneng nata ing Alengka. Mula saben ana klèruné tumindak Dasamuka, Wibisana ora wigih-wigih ngèlingaké, luwih-luwih yèn kadangé wreda nganti ninggal kautaman lan keadilan

Wibisana lan Rama[besut | besut sumber]

Nalika Dasamuka ndhusta Dèwi Sinta garwané Radèn Rama Reghawa (wektu iku isih mantèn anyar lan durung jumeneng nata), ora ndadèkaké panujuning penggalihé Wibisana, awit tumindak iku ora opasisirs mungguhing ratu gung binathara, lan bisa dadi dhadhakané perang kang mahanani rusaking para kawula lan nagara. Mula wola-wali Wibisana tansah ngaturi pamrayoga supaya Rekyan Sinta dikonduraké ana astané Rama Reghawa. Manawa Dasamuka rumangsa lingsem utawa rumangsa ewuh-aya arep mbalèkaké dhéwé, Wibisana saguh minangka duta kanggo ngunduraké garwané Rama mau. Nanging kabèh aturé Wibisana sing akèh-akèh mau babar pisan ora dipaèlu déning Dasamuka. malah aturé iku ndadèkaké dukané Prabu Dasamuka. Wibisana dilok-lokaé sakatoké. Disengguh dadi satriya sing wedi ing getih. Amarga Dasamuka rumangsa yèn bakal bisa ngembari kridhané Rama Reghawa sawadyabalané. Wusanané, Wibisa banjur dikepruk kecohan nganti ora ènget purwa duksina. Dasamuka nuli paring dhawuh karo buta prajineman supaya anggané Wibisana dibuwang ana tepining samodra.

Ringkesé carita, Wibisana kang nglumpruk tanpa daya iku ditulungi lan diusadani déning Anoman iya Senggana kang nalika iku nuju dadi duta ana Alengka. Wibisana banjur didhèrèkaké suwita ana ngarsané Prabu Rama ing nagari Pancawati. Pasuwitané ditampa kanthi becik, Kanthi mangkono Wibisana banjur mbalik tingal ngiloni Rama nglawan Dasamuka. Amarga Prastawa iki, Wibisana uga banjur sinebut Arya Balik. Sajeroning dumadi perang Giriantara (perangé Alengka mungsuh nagara Pancawati), akèh iguh pratikel lan bantuwané Wibisana marang Prabu Rama sawadyabalané, nganti akiré Alengka klakon bedhah lan Dasamuka pralaya.

Sawisé Dasamuka sirna, Alengka banjur kawengku déning Wibisana didadèkaké siji karo kasatriyan Singgelapura. Anggoné jumeneng nata, Wibisana ora suwé. Dhèwèké banjur madeg pandhita. Kalenggahan nata diparingaké marang putrané Denthawilukrama kang sawisé jumeneng nata jejuluk Prabu Bisawarna.

Uga delengen[besut | besut sumber]