Kresna

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kresna
Lukisan Kresna karyané Dominique Amendola
Lukisan Kresna karyané Dominique Amendola
Gelar sebagai Awatara Wisnu
Dewanagari: कृष्ण
Éjaan Sanskerta: kṛṣṇa
Dasanama: Narayana; Madhawa;
Wasudewa; Gopala;
lsp
Golongan: Wangsa Yadawa,
Awatara Wisnu
Dedalem: Wrindawan lan
Krajan Dwaraka
Gegaman: Chakram
Sisihan: Radha, Rukmini,
Satyabama, Jambawati,
lan 16.104 patutan liyané

Kresna (Dewanagari: कृष्ण,IASTkṛṣṇa,; diwaca [ˈkr̩ʂɳə]) iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu,arwujud pria kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Jroning seni lukis lan reca, umumé Kresna digambaraké pinuju main suling sinambi ngadeg kanthi sikil sing ditekuk. Legendha Hindhu jroning kitab Purana lan Mahabharata mratélakaké yèn Kresna kuwi putra kawolu Basudewa lan Dewaki saka krajan Surasena, krajan mitologis ing India Lor. Sacara umum, Kresna dipuja minangka awatara (inkarnasi) Dewa Wisnu kawolu ing antara sepuluh awatara Wisnu. Jroning sawetara sekte Hindhu, upamané Gaudiya Waisnawa, Kresna dianggep minangka manifèstasi saka bebener mutlak, utawa pawujudan Tuhan,[1] lan jroning tafsiran kitab-kitab sing mengatasnamakan Wisnu utawa Kresna, kaya Bhagawatapurana, Kresna dimuliakaké minangka Kapribadèn Tuhan Sing Maha Tunggal.[2] Jroning Bhagawatapurana, Kresna digambaraké minangka sosok bocah angon anom sing mahir main suling, déné jroning wiracarita Mahabharata Kresna dikenal minangka sosok pemimpin sing wicaksana, sekti, lan mrabawani. Saliyané kuwi Kresna dikenal uga minangka tokoh sing mènèhi ajaran filosofis, lan umat Hindhu yakin Bhagawadgita minangka kitab sing ngamot kotbah Kresna marang Arjuna ngenani èlmu rohani.

Kresna jroning pawayangan[sunting | sunting sumber]

Kresna iku sawijining paraga Mahabharata. Nalika isih timur, asmané Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing kraton Dwarawati iki sawijining turuning Yadhu. Miturut padhalangan Kresna iku anake Prabu Basudewa, nata ing Mandura kang angka loro patutan karo Dewi Mahindra iya Dewaki. Kadange sepuh asmane Raden Kakrasana iya Prabu Baladrewa, dene rayine asmane Dewi Bratajaya iya Wara Sumbadra. Garwa-garwane yaiku Dewi Jembawati, putrine Resi jembawan ing pertapan Gandamadana, peputra Raden Samba Wisnubrata, Dewi Rukmini putrine Prabu Bismaka (Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dewi Titisari lan Raden Saranadewa (arang dikocapake) lan [[Dewi Setyaboma], atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing Lesanpura, peputra Raden Setyaka. Dewi Pratiwi (Pertiwi) putrine Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Raden Setija iyaPrabu Bhoma Narakasura, lan Siti Sundari. Miturut padhalangan, Kresna bisa jumeneng nata ing Dwarawati amarga bisa ngasorake yudhane yaksendra, Prabu Yudhakalakresna iya Kunjanakresna, nata Dwarawati kang pungkasan. Ing crita liya, ratu Dwarawati sing dikalahake Narayana iku jejuluke Prabu Narasinga Murti lan senopatine aran Raden Singamulangjaya kang uga banjur dikalahake dening Setyaki. Prabu Narasinga banjur manitis ana anggane Prabu Kresna, dene Singamulangjaya manunggal sajiwa karo Setyaki. Crita iki bisa ditemoni ing lakon wayng Bedahe Dwarawati. Dasanamane miturut padhalangan : Prabu Sri Bathara Kresna, Prabu Harimurti (putrane pak SBY asmane Harimurti),Sasrasumpena,Danardana (Janardana), Sang Padmanaba, Narayana, Giwangkaton,lan Prabu Lengkawamanik

Ing Bharatayudha, Kresna ora melu cawe-cawe langsung. Kresna mung ngatur sapa kang bakal dadi senopati. Nanging sadurunge perang diwiwiti, Kresna dadi utusan kanggo Pandhawa menyang Kurawa. Kadadeyan iki ana ing lakon Kresna Duta. Dene nalika Arjuna arep tandhing lawan Adhipati Karna, Kresna menehi wejangan marang Arjuna. Arjuna rangu-rangu arep mangkat perang amarga arep tandhing karo sedulure dhewe. Wejangan iki kondhang ing India tinulis ing Bhagawad Gita.

Pungkasaning crita, Kresna kena pitulahe sepata turuning namgsa Yadhu kang kudu tumpes.

Gaman:

  • Senjata Cakra : Panah awujud cakra (bunder kaya rodha) lan lancip ing pucuke.
  • Kembang Cangkok Wijaya Kusuma lan Wijayamulya: awujud cangkoking kembang kang bisa ngusadani wong lara utawa mati sadurunge wektune.
  • Kaca Paesan : Kaca kang bisa kanggo meruhi apa kang bakal kelakon.
  • Aji Pameling : kanggo nimbali saka kadohan, umpamane nimbali Resi mayangkara kang ana pertapan Kendhalisada supaya marak sowan.
  • Aji Kesawa kang dayane yen duka bisa malih brahala sagunung anakan (triwikrama) apraceka Ditya Balasrewu.
Kresna

Liya-liya[sunting | sunting sumber]

Narayana sakadang nalika isih timur dititipake marang Ki Demang Antyagopa lan Nyai Sagopi ing Kadhemangan Widorokandhang. Iki kanggo nyingidake supaya aja nganthi konganan dening Kangsadewa, putrane kuwalon Prabu Basudewa saka Dewi Maerah kang jumeneng adipati ing Sengkapura kang kepengin nguwasani negara Mandura. Ya nalika ana ing Widharakandang iki, Narayana meguru marang Begawan Padmanaba ing Pertapan Girituba. Dening Sang Begawan pinaringan pusaka cacah loro aran Senjata Cakra Baskara, Kembang Cangkok Wijayakusuma lan kaca Paesan kang bisa kanggo ngawuningani kahanan sing bakal dumadi. Kejaba kuwi uga pinaringan aji "Kesawa" iya aji Balsrewu kang dayane menawa Prabu Kresna lagi duka banjur astane nyenggol bedhore Kesawa bisa triwikrama dadi brahala sagunung anakan sesilih Ditya Balasrewu. Sabanjure Sang begawan Padmanaba iya banjur manitis ana anggane Narayasa.

Prabu Kresna iku kawentar kadidene titising dewa Bathara Wisnu, dewa kang andhum kabahagyan lan keadilan. Mula ya wicaksana, waskitha, pinter, sekti mandraguna, sidik ing paningal lan yen duka bisa malih buta brahala. Prabu Kresna banget tresnane marang adhine ipe, yaiku Arjuna. Kresna lan Arjuna iku nganthi kerep diibaratake kaya godhong suruh lumah lan kurepe, nadyan beda wujude nanging yen digigit padha rasane. Ratu Dwarawati iki uga kondhang kadidene salah sijine paraga sing pinter (lihai) lan ahli strategi perang sing mumpuni. Nalika dumadine perang Baratayuda, Kresna dadi botohe para Pandhawa.

Ngarepe dumadine perang, tau minangka duta. Budhale menyang Astina nitih kreta dikusiri rayine, Setyaki. Ing Tegal Kuru lakune ditungka dewa cacah papat, yaiku Sang Hyang Narada, Sang Hyang Kanwa, Sang Hyang Janaka lan Ramaparasu kang ngersakake nyekseni anggone padha pirembugan.

Sawise Prabu Kresna tekan Astina, maune ditampa kanthi becik dening Prabu Duryudana sakadhang. Prabu Duryudana ya wis saguh mbalekake negara Astina sigar semangka marang para Pandhawa. Nanging nalika para dewa mau wis padha kondhur makayangan, Duryudana njabel kesaguhane. Layang prajanjen kang wis ditapak astani narendra kekarone disebit-sebit. Lan oran mung kuwi wae, ratu Astina kuwi uga banjur paring sasmita marang Patih Sengkuni lan Pandhita Durna supaya dhawuh marang para Kurawa amrih ngrangket lan nyirnakake Prabu Kresna. Kurawa klakon nglarak Prabu Kresna menyang alun-alun nedya disirnakake. Mesthi wae Prabu Kresna banjur duka yayah sinipi, banjur triwikrama malih dadi brahala kang gedhene sagunung anakan. Para Kurawa bubar mawut katrajang pangamuke Ditya Balasrewu. Miturut crita padhalangan gagrak Yogyakarta sing kalumrah kae, pangamuka Balasrewu uiku tundhone nggawa kurban Prabu Dhestharastra lan Dewi Gendari (bapa lan ibune para Kurawa) sedha sarimbit amarga kebrukan Baluwerti (beteng kedhaton)kang juruguk amarga pangamuke Balasrewu. Jugrugane beteng kang ngebruki Prabu Dhestarastra lan Gendari iku kinarya liwat playune para Kurawa kang dibujung brahala. Iki ateges, Prabu Dhstharastra lan Dewi Gendari pada wae diidhak-idhak dening para putrane dhewe, amarga anggone ora bisa ndhidik (nggulawentah) lan mulang-muruk bab kautaman marang para anak-anake.

Ana ing perang baratayuda, Prabu Kresna ngusiri kretane Arjuna nalika perang-tandhing lumawan Adipati Karna. Arjuna unggul yudhane, Adipati Karna gugur ketaman jemparing Pasopati.

Ing pakeliran, yen Prabu Baladewa kondhang kadidene ratu sing pakulitane putih mulus alias bule tekan balung sumsum, Prabu Kresna iki pakulitane ireng. Cocok karo asmane, tembung "kresna"werdine pancen ireng. Ireng tekan getih, balung lan sumsume. Pungkasane crita, Kresna sirna saragane amarga kena putulahe sepata turuning bangsa Yadhu kang kudu tumpes.

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Who is Krishna?
  2. ^ Bhag-P 1.3.28 "All of the above-mentioned incarnations are either plenary portions or portions of the plenary portions of the Lord, but Lord Sri Krishna is the original Personality of Godhead."

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa



Awatara Wisnu HinduSwastika.svg
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kresna&oldid=804751"