Tembung
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Tembung ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu saka pocapan. Tembung uga nduwé teges gabungané aksara kang nduwé arti ing sawijining basa.
Bab lan Paragraf |
Jinis [sunting]
Yèn dideleng saka babagan widya tembung (morfologi), tembung kapérang dadi rong jinis, yaiku :
- Tembung Lingga (Basa Indonesia: Kata dasar)
- Tembung Andhahan (Basa Indonesia: Kata jadian)
Aktif/pasif [sunting]
Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang dadi loro, yaiku :
- Tembung tanggap (Basa Indonesia: kata pasif)
- Tembung tanduk (Basa Indonesia: kata aktif)
Miturut wewangunan tembung [sunting]
Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawa kuwi ana maneka warna tembung, antawisé yaiku:
Golongan [sunting]
Miturut golongané tembung ana 10 werna[1] [2] [3], yaiku:
Miturut kelas tembung:
- Tembung kriya (Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
- Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku.
- Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
- Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
- Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sifat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
- Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor
Tembung tugas
- Tembung pangarep (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
- Tembung panyambung (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
- Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
- Tembung sandhangan (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
- Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun dan -tah
Rujukan [sunting]
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
|
|||||||||||||||||