Drama
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Drama (Yunani Kuna: δρᾶμα) iku salah sawijine karya sastra sing nduwèni bagéyan kanggo diperanaké déning paraga aktor. Kosakata iki asal saka Basa Yunani sing maknané "aksi", "tumindak".
Drama bisa diwujudaké mawa manéka medhia: ing ndhuwur panggung, film, lan utawa televisi. Drama uga kadhangkala dikombinasi karo musik lan tari, kayadéné jroning sawiji opera (pirsani melodrama).
[sunting] Drama ing Indonesia
Ing Indonesia, tontonan sajinis drama nduwèni istilah sing werna-werna, kayata: Wayang wong, kethoprak, ludruk (ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan), lenong (Betawi), randai (minang), reog (Jawa Kulon), rangda (Bali) lan sapanunggalané.