Setatsiyun Sala Balapan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Stasiun Sala Balapan
PapanNamaStasiun SLO.png
  • Singkatan: SLO
  • Nomor: 3130
Stasiun Solo Balapan 2019.jpg
Setatsiyun Sala Balapan, 2019
Letak
PropinsiJawa Tengah
KuthaSurakarta
KecamatanBanjarsari
KelurahanKestalan
AlamatDl. Wolter Monginsidi No. 112
Koordinat7°33′24″S 110°49′17″E / 7.5567545°S 110.8213985°E / -7.5567545; 110.8213985Koordhinat: 7°33′24″S 110°49′17″E / 7.5567545°S 110.8213985°E / -7.5567545; 110.8213985
Sujarah
Bukak10 Fèbruari 1870
Badan kang ngoprasikaken sadurungipunNederlandsch-Indische Spoorweg Maatschappij
Liyan-liyan
OpratorLaladan Operasi VI Yogyakarta
Kelas setasiunGedhé tipe A[1]
PunggelanSLO
Nomer setasiun3130
Dhuwuring stasiun+93 m
Kilometer
LayananArgo Wilis, Argo Lawu (règulèr & fakultatif), Argo Dwipangga (règulèr & fakultatif), Bima, Gajayana (règulèr & fakultatif), Turangga, Mutiara Selatan, Malabar, Ranggajati, Wijayakusuma, Anjasmoro, Fajar/Senja Utama Solo, Mataram, Lodaya (règulèr & tambahan), Sancaka Utara, Malioboro Ekspres, Sancaka (règulèr & tambahan), Joglosemarkerto, Jayakarta, Prambanan Ekspres (Prameks), Sepur BIAS, Sepur ketel/angkutan BBM, Sepur Semen Tiga Roda, Sepur Semen Arjawinangun, dan Sepur Semen Dynamix
LoketSistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah.
Operasi
Setatsiyun sadurungé   Layanan lokal/komuter   Setatsiyun sabanjuré
tumuju Kuthaarja
Prameks
Kuthaarja–Sala Balapan, m.m.
Terminus
tumuju Yogyakarta
Prameks
Yogyakarta–Sala Balapan, m.m.
Fasilitas
Kathahing jalur11
  • Èmplasemèn kidul: 5 (jalur 4 lan 5: sepur lurus)
  • Èmplasemèn lor: 6 (jalur 7: sepur lurus)
Kathahing peron10
  • Èmplasemèn kidul: 6 (loro peron sisi sing dhuwur lan papat peron pulo sing radha endhèk)
  • Èmplasemèn lor: 4 (siji peron sisi sing radha dhuwur, loro peron pulo sing radha endhèk, sarta siji peron ing antarané jalur 8 lan 9 kanggé wangunan Sepur Papan Anggegana sing dhuwur
Jinis pasinyalanÈlèktrik jinis Siemens DrS60[2]
Cithakan:Infobox stasiun/fasilitas
Diagram jalur setatsiyun
mny. Purwasari
Dl. Raden Mas Said
mny. Sub Dipo Lok.
lan Dipo Karèta
Kali Pepe
mny. gudang lan
arèa bongkar muwat
semen
Skybridge
mny. Terminal Bus
Tirtonadi
Dl. Lètjèn S. Parman
mny. Kadipiro
Dl. Lètjèn D.I. Panjaitan
mny. Sala Jebres

Setatsiyun Sala Balapan (SLO) utawa misuwur kanthi jeneng Setatsiyun Balapan iku setatsiyun sepur kelas gedhé jinis A sing ana ing Kalurahan Kestalan lan Gilingan, Kacamatan Banjarsari, Surakarta. Setatsiyun sing dumunung ing dhuwur +93 meter iki kalebu ing Laladan Operasi VI Yogyakarta.

Jeneng "Balapan" dijupuk saka jeneng kampung sing ana ing sisih lor komplèks setatsiyun. Setatsiyun iki ana ing jalur sepur sing hubungaké Kutha Bandung, Jakarta, Surabaya lan Semarang. Setatsiyun iki setatsiyun sepur paling gedhé ing Surakarta lan Jawa Tengah sisih kidul. Setatsiyun iki nglayani sepur kelas èksekutif, bisnis, sajumlah ékonomi, lan sepur lokal/komuter. Sepur saka arah wétan sing menyang sisih lor (Semarang) lan sewalike dilayani ing Setatsiyun Sala Jèbrès, déné kelas ékonomi jalur kidul (Yogyakarta, Bandung, Purwokerto, lan Jakarta) lan lokal/komuter (Yogyakarta lan Kutoarjo) dilayani ing Setatsiyun Purwasari.

Sajarah[besut | besut sumber]

Setatsiyun Sala Balapan minangka salah sawijining setatsiyun utama sing tuwa ing Indonesia (sawise Samarang NIS ). Pambangunan stasiun iki ditindakaké dening perusahaan sepur kapisan Hindia-Walanda, Nederlandsch-Indische Spoorweg Maatschappij (NIS) ing abad kaping 19, yaiku nalika pamaréntahané Mangkunegara IV lan mapan ing wilayah Kadipatèn Mangkunagaran. Setatsiyun utama ing Surakarta kanggo wilayah Surakarta lan Staatsspoorwegen yaiku Setatsiyun Sala Jèbrès.

Lokasi sing digunakaké yaiku lapangan ing papan balap jaran Mangkunagaran. Sawetawis gantiné, Mangkunagaran nampa lahan ing Manahan saka Kasunanan kanggo mbangun fasilitas balap jaran lan kagiyatan olah raga liyané.[3]

Paletakaning watu kapisan dilangsungké ing taun 1864, dimeriahaké dening upacara sing dirawuhi Mangkunegara IV lan ngundhang Gubernur Jenderal Hindia Walanda, Baron van de Beele. Setatsiyun iki dibukak tanggal 10 Februari 1870 bebarengan karo pambukaan sègmèn Kedungjati–Gundih–Solo, saka sadurungé sègmèn Gundih-Solo direncanakaké dibukak tanggal 1 September 1869. Sègmèn sabanjure, Ceper - Solo, dibukak tanggal 27 Maret 1871.[4][5] Pambangunan kabèh jalur sepur rancana NIS, Samarang–Vorstenlanden lan Kedungjati–Ambarawa rampung lan diresmikaké ing 21 Mei 1873.[6][7][8]

Ing taun 1927, diwangun wangunan ing sisih kidul setatsiyun kanthi arsitèktur sing dipengaruhi budaya Jawa kanthi atap tajuk tiga. Iki uga selaras karo konstruksi jalur gandha Staatsspoorwegen sing sejajar karo jalur sepur NIS Solo–Yogyakarta. Konstruksi wangunan setatsiyun sisih kidul iki dirancang dening Herman Thomas Karsten, arsitèk kondhang pangaliran Indisch.[9]

Setatsiyun iki minangka setatsiyun sepur kaloro ing Indonésia sing nggunakaké sistem pasinyalan èlèktrik sawise Setatsiyun Bandung, kanthi tepaté diaktifaké taun 1972. Sinyal kasebut diprodhuksi dening Siemens lan diwènèhi seri DrS60.

Wangunan lan tata letak[besut | besut sumber]

Lawang menyang ruang tunggu sepur papan anggegana ing Setatsiyun Sala Balapan

Setatsiyun Sala Balapan awalé nduwéni rolas jalur sepur sing dipérang dadi rong èmplasemèn: sisih lor lan kidul. Èmplasemèn sisih kidul nduwé lima jalur kanthi jalur 5 dadi sepur lurusé. Sasampunipun pambangunan lintasan jalur gandha ing lintas Solo-Yogyakarta rampung ing taun 2007, jalur 4 didadèkaké sepur lurus jalur gandha arah hulu (saka Yogyakarta) lan jalur 5 minangka sepur lurus arah hilir (menyang Yogyakarta) sakaligus sepur raya jalur tunggal menyang Madiun. Èmplasemèn sisih lor duwé pitun jalur kanthi jalur 7 minangka sepur lurus jalur tunggal menyang lan saka Semarang. Èmplasemèn kidul umumé digunakaké kanggo layanan sepur panumpang, ing jarak adhoh, jarak manengah, lan lokal/komuter, déné èmplasemèn sisih lor iku kanggo layanan sepur barang lan uga pamangkatan Sepur Senja Utama Sala lan Lodaya. Ing sisih wétan, ana rong rute jalur ril: sisih lor menyang Semarang lan sisih wétan menyang Surabaya. Èmplasemèn sisih lor nduwéni fasilitas panurunan angkutan semèn. Èmplasemèn sisih kidul lan lor ora nduwé peron sing dhuwur; peron dhuwur mung ing sisih lor jalur 5 lan sisih kidul jalur 1. Iki disebabake sempité peron.

Ing sisih wétan setatsiyun ana segitiga pambalik sing mungkinaké rangkèan sepur balik arah saluruhé kanthi nggunakaké prinsip langsir. Sisi-sisi segitiga pambalik iki uga mungkinaké sepur saka arah wétan (saka Setatsiyun Sala Jèbrès) langsung mlebu sisih lor (Semarang) tanpa mlebu ing Setatsiyun Sala Balapan lan sawaliké. Ing cedhak segitiga pambalik iki ana Depo BBM Pertamina, sing ril mlebuné saka siji sisi segitiga pambalik iki. Ing sisih kulon setatsiyun uga ana kompleks dipo lokomotif lan dipo sepur.

<i id="mwXg">Skybridge</i> sing nyambungaké Setatsiyun Sala Balapan karo Terminal Tirtonadi

Setatsiyun iki saiki uga dilengkapi jambatan panyebrangan penumpang (<i id="mwYg">skybridge</i>) sing wis langsung nyambung ing dalan sakiteré Terminal Tirtonadi. Skybridge sing ana ing sisih wétan setatsiyun iki fungsiné minangka panghubung antaramoda, saéngga para panumpang sepur bisa nerusake perjalanan kanthi bus utawa kosok baléné.[10]

Sasampunipun rampung pambangunan jalur sepur anyar menyang Papan Anggegana Internasional Adisoemarmo saka setatsiyun iki,[11] setatsiyun ngalami parombakan ing peron sisih lor. Ing masterplan sing digawé PT KAI lan dirilis ing media siber Jawa Pos, jalur 9 eksisting setatsiyun sing ana dibongkar lan diwangun wangunan anyar ing dhuwuré papan kasebut sing fungsiné minangka ruang tunggu uga peron. Wangunan anyar kanggo layanan sepur bandara kanthi luasé 200 m² nduwéni rong lantai; lan isa nampung 200 penumpang, sarta diintegrasikaké karo skybridge sing wis ana. Kanthi otomatis, kathahing jalur ing setatsiyun iki saiki wis ngurang dadi sewelas.[12][13] Tanggal 29 Desember 2019, ruang tunggu sepur papan anggegana rasmi dadi operasional sawisé rute menyang bandara rampung.[14]

Gegayuhan karo konstruksi lintasan jalur gandha ing lintas kidul Jawa, tata letak jalur ing setatsiyun iki bakal diubah kanthi gedhèn-gedhènan. Ing cara berangsur-angsur, jalur gandha sègmèn setatsiyun iki sing menyang Setatsiyun Kutoarjo sing wis aktif wiwit taun 2007 bakal disambungké karo jalur gandha sègmèn Sala Jèbrès-Jombang sing wis aktif wiwit akhir November 2019, sing bakal diterusaké pambangunané nganti Setatsiyun Wanakrama, Surabaya. Kajaba iku, sistem pasinyalan èlèktrik eksisting ing setatsiyun iki bakal diganti karo sinyal èlèktrik paling anyar sing diprodhuksi dening PT Len Industri.[15]

Ing budaya populer[besut | besut sumber]

Setatsiyun iki dadi inspirasi kanggo salah sawijining lagu congdut sing paling populer ing taun 1990-an saka Didi Kempot: Setasiun Balapan. Kanggo karyane ing stasiun iki, PT KAI resmi milih Didi Kempot minangka duta Karèta Api Indonésia sawisé klompok musik pop Melayu ST 12 .[16]

Layanan sepur[besut | besut sumber]

Penumpang[besut | besut sumber]

Kelas èksekutif[besut | besut sumber]

Kelas campuran[besut | besut sumber]

Kelas ékonomi AC prèmium[besut | besut sumber]

Jayakarta, menyang Jakarta liwat Yogyakarta-Purwokerto lan menyang Surabaya liwat Madiun-Jombang

Komuter ékonomi[besut | besut sumber]

Prambanan Ekspres, saking lan menyang Yogyakarta-Kuthaarja

Kereta papan anggegana[besut | besut sumber]

KA BIAS, saking lan menyang Klaten maupun Papan Anggegana Adisumarmo (èksekutif papan anggegana)

Barang[besut | besut sumber]

Persilangan, papasan, lan persusulan[besut | besut sumber]

Insidhen[besut | besut sumber]

Ing tanggal 11 Januari 2019, tembok panel kaca lan bagéyan rangka baja skybridge sing nyambungaké karo Terminal Tirtonadi lan Setatsiyun Sala Balapan pecah amarga udan deres lan angin kenceng ing Kutha Solo.[17] Ora ana korban jiwa ing kedadéyan iki, nanging skybridge ora isa digunakaké kanggo ngganti moda penumpang nganti ésuk dinané.[18]

Antarmoda pandhukung[besut | besut sumber]

Jinis transportasi umum Koridor/trayek Tujuan
Batik Solo Trans [19] 2. Kartasura–Palur
6. Kadipiro–Semanggi

Gladri[besut | besut sumber]

Galeri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Buku Informasi Direktorat Jenderal Perkeretaapian 2014 (PDF). Jakarta: Direktorat Jenderal Perkeretaapian, Kementerian Perhubungan Indonesia.
  2. Sugiana, A.; Lee, Key-Seo; Lee, Kang-Soo; Hwang, Kyeong-Hwan; Kwak, Won-Kyu (2015). "Study on Interlocking System in Indonesia". Nyeondo Hangugcheoldohaghoe Chungyehagsuldaehoe Nonmunjib (Korean Society for Railway) (46).
  3. Alfan, Dony (17 Agustus 2012). "Stasiun Balapan, Tempat Pacuan Kuda Pada Masa Mangkunegara VII" (in bahasa Indonesia). Tentang Solo. Retrieved 31 Juli 2017. Check date values in: |access-date=, |date= (help)CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  4. BOW (1898). Statistiek van het vervoer op de spoorwegen en tramwegen met machinale beweegkracht in Nederlandsch-Indië. Batavia: Landsdrukkerij.
  5. de Vereniging voor de Statistiek in Nederland (1872). Staatkundig en staathuishoudkundig jaarboekje voor 1872. Amsterdam: E.S. Witkamp.
  6. Schetskaart van de spoorweg Samarang-Vorstenlanden door de Raad van Beheer der Nederlandsch-Indische Spoorweg-Maatschappij aan de Heeren leden van de Staten-Generaal aangeboden. 1869.
  7. Banck, J.E. (1869). Geschiedenis van het Nederlandsch-Indische Spoorweg Maatschappij. M.J. Fisser.
  8. Perquin, B.L.M.C. (1921). Nederlandsch Indische staatsspooren tramwegen. Bureau Industria.
  9. Media, Kompas Cyber (2010-09-01). "Jejak Karsten di Stasiun Solo..." KOMPAS.com (in Indonesia). Retrieved 2019-01-19.
  10. Media, Jafar Sodiq Assegaf - Solopos Digital. "Begini Penampakan Sky Bridge yang Menghubungkan Tirtonadi & Balapan". SOLOPOS.com (in Indonesia). Retrieved 2017-12-24.
  11. "Stasiun Baru Segera Dibangun untuk Kereta Bandara Solo | Republika Online". Republika Online. 2017-09-05. Retrieved 2017-12-24.
  12. JawaPos.com (2018-08-30). "Peron Kereta Bandara di Solo Mulai Dibangun". JawaPos.com (in Indonesia). Retrieved 2019-08-03.
  13. Media, Kompas Cyber. "Pembangunan Ruang Tunggu KA Bandara di Stasiun Solo Balapan Baru Capai 10 Persen". KOMPAS.com (in Indonesia). Retrieved 2019-08-03.
  14. News, Tagar (2017-12-23). "Tiket KA Bandara Solo Gratis Dua Bulan". TAGAR (in Indonesia). Retrieved 2019-12-29.
  15. Okezone. "PT Len Industri Raup Pendapatan Rp3,43 Triliun pada Kuartal III 2018 : Okezone Economy". Okezone.com (in Indonesia). Retrieved 2019-01-19.
  16. "KAI Tunjuk Didi Kempot Jadi Duta Kereta Api". SindoNews. 10 Maret 2017. Check date values in: |date= (help)
  17. "Kaca Skybridge Solo Balapan Pecah". Suara Merdeka. Retrieved 2019-01-29.
  18. Isnanto, Bayu Ardi. "Diterpa Hujan Berangin, Kaca Skybridge Stasiun Balapan Solo Pecah". detiknews. Retrieved 2019-01-29.
  19. "Liburan di Solo Naik Bus Batik Solo Trans (BST) Saja. Ini Rute Lengkapnya". Tribun Jateng (in Indonesia). 2017-06-28. Retrieved 2019-01-29.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

(in Indonésia) Situs rasmi KAI lan jadwal sepur taun 2019

Setatsiyun sadurungé   Logo of the Ministry of Transportation of the Republic of Indonesia.svg Lintas Sepur Indonésia   Setatsiyun sabanjuré
Terminus Sala Balapan–Kertasana
tumuju Kertasana
Kadipira
tumuju Gundih
Gundih–Sala Balapan
tumuju Kuthaarja
Kuthaarja–Purwasari
kalanjutan menyang Sala Balapan