Setatsiyun sepur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Setatsiyun sepur utawa uga ditulis minangka setasiyun, tasiyun utawa stasiun iku pandheganing sepur. Ing papan iki para penumpang bisa munggah-mudhun nalika nganggo sarana transportasi sepur. Saliyané setatsiyun, ing mangsa kapungkur kaloka uga halte sepur sing duwé fungsi amèh padha karo setatsiyun sepur. Tumrap laladan/kutha sing nembé diyasa manawa setatsiyun portabel bisa minangka halté sepur.

Étimologi[besut | besut sumber]

Tembung setatsiyun iku dijupuk saka basa Walanda station (/stat.ˈsʲɔn/, /stɑt.ˈʃɔn/). Banjur basa Walanda njupuk saka basa Prancis Kuna estacion. Nanging ing basa Prancis, setatsiyun sepur iku sajatiné diarani la gare, kajaba setatsiyun métro sing diarani station. Iki tembung silihan saka basa Inggris. Banjur tembung estacion iku saka Latin stātiō utawa stātiōnem.

Fasilitas ing setatsiyun sepur[besut | besut sumber]

Ing Kanada Lor ana Setatsiyun Portable

Fasilitas setatsiyun sepur lumrahé dumadi saka:

  • Palataran parkir ing ngarep setatsiyun
  • Papan adol karcis, lan lokèt informasi
  • Peron utawa ruwang tunggu
  • Ruang kepala setatsiyun, lan
  • Ruang PPKA (Pengatur Perjalanan Sepur) sarta peralatané, kaya sinyal, wèsel (piranti pamindhah jalur), tilpun, telegraf, lan sapanunggalané.

Setatsiyun gedhé lumrahé diwènèhi perlengkapan sing luwih akèh tinimbang setatsiyun cilik kanggo nunjang kenyamanan penumpang lan calon penumpang sepur, kaya ruwang tunggu (VIP mawa AC), rèstoran, toilèt, langgar, area parkir, sarana kaamanan (pulisi mirunggan sepur), sarana komunikasi, dipo lokomotif, lan sarana pangisèn bahan bakar. Ing papan jeneng setatsiyun sing diyasa ing jaman Walanda, lumrahé dipirantèni kanthi ukuran èlevasi rata-rata wewengkon iku saka lumahing sagara, umpamané Setatsiyun Bandung ing sangisoré ana tulisané plus-minus 709 mèter.

Setatsiyun gedhé ing Jawa[besut | besut sumber]

Deleng uga: Pratélan stasiun sepur ing Indonésia

Ing ngisor pratélan setatsiyun gedhé:

  1. Setatsiyun Jakarta Kota-diresmèkaké 1929
  2. Setatsiyun Tanjung Priok-1914
  3. Setatsiyun Gambir (biyèn Weltevreden)-1914
  4. Setatsiyun Jatinegara (biyèn Meester Cornelis)
  5. Setatsiyun Manggarai
  6. Setatsiyun Pasar Senen
  7. Setatsiyun Bogor-1880
  8. Setatsiyun Bandung
  9. Setatsiyun Yogyakarta-1887
  10. Setatsiyun Sala Balapan-1876
  11. Setatsiyun Semarang Tawang-1873
  12. Setatsiyun Cirebon-1920
  13. Setatsiyun Surabaya Kota-1878 lan direnovasi taun 1911
  14. Setatsiyun Surabaya Gubeng
  15. Setatsiyun Surabaya Pasarturi

Gladri[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]