Setatsiyun Surabaya Gubeng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Stasiun Surabaya Gubeng
PapanNamaStasiun SGU.png
  • Singkatan: SGU
  • Nomor: 40
Montage SGU 2020.jpg
Tampak ngarep Setatsiyun Surabaya Gubeng anyar (ndhuwur) lan lawas (ngisor) taun 2020
Letak
PropinsiJawa Wétan
KuthaSurabaya
KecamatanTambaksari
KelurahanPacar Keling
Alamat
  • Dalan Setatsiyun Gubeng (wangunan lawas)
  • Dalan Gubeng Masjid (wangunan anyar)
Kodhe pos60131
Koordinat7°15′56″S 112°45′08″E / 7.265452°S 112.7521033°E / -7.265452; 112.7521033Koordhinat: 7°15′56″S 112°45′08″E / 7.265452°S 112.7521033°E / -7.265452; 112.7521033
Sujarah
Bukak1878
Jeneng saderengeStasiun Station Goebeng Soerabaja
Badan kang ngoprasikaken sadurungipunStaatsspoorwegen Oosterlijnen
Liyan-liyan
OpratorDhaèrah Operasi VIII Surabaya
Kelas setasiunGedhé tipe A[1]
PunggelanSGU
Nomer setasiun40
Dhuwuring stasiun+5 m
Kilometer
LayananArgo Wilis, Bima, Turangga, Bangunkarta, Mutiara Selatan, Gaya Baru Malam Selatan, Jayabaya, Ranggajati, Wijayakusuma, Sancaka (reguler & fakultatif), Mutiara Timur, Logawa, Jayakarta, Songgoriti, Pasundan (reguler & tambahan), Sri Tanjung, Probowangi, Komuter Surabaya-Bangil m.m., Dhoho, Penataran, Tumapel, Ékonomi Lokal/KRD Bojonegoro, lan Ékonomi Lokal/KRD Kertosono
LoketSistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah.
Fasilitas
Kathahing jalur6:
  • jalur 1: sepur lurus arah hilir (saking Surabaya Kota/Semut)
  • jalur 2: sepur lurus arah hulu (menyang Surabaya Kota/Semut)
  • jalur 5: sepur raya saking lan menyang SidotopoBèntèng
Kathahing peron7 (loro peron sisi sing dhuwur, telu peron pulo sing cukup dhuwur, lan loro peron pulo sing radha dhuwur)
Jinis pasinyalanÈlèktrik tipe Siemens NX MIS801[2]
Cithakan:Infobox stasiun/fasilitas
Diagram jalur setatsiyun
mny. Sb. Kota
mny. Sidotopo
mny. Balai Yasa
Dl. Prof.
Dr. Moestopo
Dl. Banda
mny. Ngagel

Setatsiyun Surabaya Gubeng (SGU) utawa luwih dikenal kanthi Setatsiyun Gubeng (Jawa: ꦯꦼꦠꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦯꦸꦫꦧꦪꦒꦸꦧꦼꦁ) menika setatsiyun sepur kelas gedhé tipe A ing Pacar Keling, Tambaksari, Surabaya. Sanajan dijenengi "Gubeng", ing cara administrasi setatsiyun menika mboten ing Kecamatan Gubeng, nanging wonten ing sisih lor wilayah Gubeng dhewe. Setatsiyun ingkan dhuwuripun +5 meter menika setatsiyun paling gedhé ing sangisoré PT Kereta Api Indonesia (Persero) Dhaèrah Operasi VIII Surabaya .

Setatsiyun iki minangka setatsiyun sepur paling gedhé ing Surabaya lan Jawa Timur sarta setatsiyun kamangkatan lan setatsiyun karawuhan utama ing Kutha Surabaya, khususé sing ngliwati jalur kidul lan wétan Pulo Jawa. Kanggo sepur sing ngliwati jalur lor, kaya ta sepur sing arep menyang Jakarta liwat Semarang, umume kamangkatan lan karawuhané dilayani ing Setatsiyun Pasar Turi.

Sujarah[besut | besut sumber]

Wangunan lawas Setatsiyun Surabaya Gubeng ing taun 2009

Setatsiyun iki minangka salah sawijining setatsiyun sepur sing diduweni Staatsspoorwegen ingkang diresmikaké ing tanggal 16 Mei 1878 minangka bagéan saka proyek pangembangan sepur Surabaya–Pasuruan.[3] Setatsiyun Gubeng Surabaya mulané dibangun ing sisih kulon ril sepur. Wiwitané setatsiyun nggunakaké sistem pasinyalan mekanik, banjur ing dekade 1970-1980-an sistem pasinyalan diganti dadi elektrik. Ing tanggal 7 Juni 1996, wangunan setatsiyun anyar sing luasé 13.671 meter persagi rampung ing sisih wétan rute kanthi arsitektur sing luwih modern lan luwih luas; konstruksi kasebut ditaksir biayané Rp1,5 milyar.[4]

Wangunan lawas setatsiyun uga wis direnovasi kaping pirang-pirang, kalebu renovasi peron overkapping ing taun 1905 lan lobi wangunan utama ing taun 1928. Karakteristik arsitek wangunan setatsiyun khas SS, yaiku gaya Indische, sing ditandhani kanthi tembok dhuwur sing kuat sing ning gunungan gendhèng diwenehi ornamen sulur-suluran saka wesi sing ditempa, uga jendhela gedhe kaliyan jalusi wesi.[5] Wangunan setatsiyun sing lawas kasebut pungkasane ditetepake dadi cagar budaya dening Pamrentah Kutha Surabaya .[6]

Pasca kamardikan[besut | besut sumber]

Ing masa perang kamardikan, wilayah ing sekitar Setatsiyun dadi markas kanggo puluhan anggota Angkatan Mudha Karèta Api (AMKA) bersenjata. Kakuwatané kira-kira sawetawis 30 wong sing dipimpin dening Moh. Ali. Saben anggotanipun dipersenjatani mitralyur.[7]

Wangunan lan tata letak[besut | besut sumber]

Wangunan Setatsiyun Surabaya Gubeng sing anyar ingkang digunakaké wiwit taun 1996

Setatsiyun iki nduwéni enem jalur sepur. Jalur 1 (sisih paling kulon) minangka jalur lurus arah hilir sing biasane digunakake kanggo pamangkatan sepur ékonomi lokal/jarak cedhak menyang arah kidul; jalur 2 minangka jalur lurus arah hulu kanggo tekané sepur ékonomi jarak cedhak saka arah kidul; jalur 3 lan 4 biasane kanggo papan mandheg sepur ékonomi nalika langsir lokomotif, parkir lokomotif utawa sepur/gerbong, lan jalur lumampah langsung kanggo sepur kargo ; jalur 5 minangka sepur lurus menyang lan saking SidotopoBenteng kanggo tekan lan mangkat sepur yen ing jalur 6 ana sepur sing mandheg lan uga dadi jalur dalan langsung kanggo sepur kargo; lan jalur 6 (sisih paling wétan) kanggo mangkat lan tekan sepur jarak adhoh kelas èksekutif, bisnis, ékonomi lan campuran. Ing sisih lor jalur 6 ana jalur cabang menyang Balai Yasa (BY) Surabaya Gubeng.

Setatsiyun iki saiki uga dilengkapi panunjuk arah kanggo menyang ruang/nomer jalur/fasilitas tartamtu, panunjuk arah trek kanthi jarak, lan layar monitor kanggo informasi kamangkatan sepur lan informasi tekaning sepur ing cara wektu nyata sing katon kaya ing bandara.

Ciri khas[besut | besut sumber]

Setatsiyun iki nduwéni karakteristik ing bentuk bel swara instrumental sing asring diputer saben karawuhan sepur penumpang. Wiwitane, lagu sing digunakaké yaiku Surabaya Oh Surabaya padha karo Setatsiyun Pasar Turi, nanging wiwit taun 2018 Setatsiyun Surabaya Gubeng ganti muterké lagu Rek Ayo Rek.

Layanan sepur[besut | besut sumber]

Penumpang[besut | besut sumber]

Kelas èksekutif[besut | besut sumber]

Kelas campuran[besut | besut sumber]

Kelas ékonomi AC prèmium[besut | besut sumber]

Kelas ékonomi AC[besut | besut sumber]

Lokal/komuter ekonomi AC[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Buku Informasi Direktorat Jenderal Perkeretaapian 2014 (PDF). Jakarta: Direktorat Jenderal Perkeretaapian, Kementerian Perhubungan Indonesia.
  2. Sugiana, A.; Lee, Key-Seo; Lee, Kang-Soo; Hwang, Kyeong-Hwan; Kwak, Won-Kyu (2015). "Study on Interlocking System in Indonesia". Nyeondo Hangugcheoldohaghoe Chungyehagsuldaehoe Nonmunjib (Korean Society for Railway) (46).
  3. Staatsspoorwegen (1932). Staatsspoorwegen in Nederlandsch-Indië: Jaarstatistieken over de jaren 1931 en 1932. Burgerlijke Openbare Werken.
  4. Direktorat Publikasi, Deppen RI (1996). "Setatsiyun KA Gubeng, Terbesar Kedua di Indonesia". Warta Laporan Daerah: Berkala Bulanan. Departemen Penerangan Republik Indonesia.
  5. "Setatsiyun sepur Gubeng Surabaya". Informasi Situs Budaya Indonesia (in Indonesia). 2017-10-27. Retrieved 2018-02-23.
  6. SK Wali Kota No188.45/251/402.1.04/1996
  7. Sejarah Brigade Ronggolawe., Panitia Penyusunan; IKAPI, Anggota (1985). Pengabdian Selama Perang Kemerdekaan Bersama Brigade Ronggolawe (Cet. 1 ed.). Aries Lima. p. 179.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

(in Indonésia) Situs rasmi KAI lan jadwal sepur taun 2019

Setatsiyun sadurungé   Logo of the Ministry of Transportation of the Republic of Indonesia.svg Lintas Sepur Indonésia   Setatsiyun sabanjuré
liwat viaduk Surabaya Kota
Lintas Surabaya
Shortcut SBI–SGU
Terminus
Wonokromo–Surabaya Kota
Wonokromo–Surabaya Kota
Surabaya Kota
Terminus Jalur menuju Benteng
Jalur menyang Bèntèng
Sidotopo