Candhi Liyangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Candhi Liyangan

Candhi Liyangan inggih punika situs purbakala awujud candhi saha wewengkon kawasan pemukiman ing pèrèng sisih wétan Gunung Sundoro, ing Dusun Liyangan, Désa Purbasari, Kacamatan Ngadirejo, kutha Temanggung, Kabupatèn Temanggung, Jawa Tengah. Situs punika pinanggih nalika taun 2008.[1]

Panaliten[besut | besut sumber]

Ningali tumpukan material ingkang mendhem dipunprakirakaken perkembangan punika mandheg amargi njeblugiun Gunung Sindoro. Penanggalan pring wonten ing Liyangan ingkang dipunadani déning Balai Arkéologi Yogyakarta nemokakan jeblugan punika kadadéan antawis 971 Masehi kanthi panyimpangan 112 taun.[2]. Material ingkang mendhem kompleks Liyangan punika minangka ilèn piroklastik utawi “awan panas” Sindoro.[3].Panemon Situs Liyangan nambahi kiyatipun hipotèsis bilih deretan pagunungan Merapi, Sindoro, Sumbing, sarta Dieng dados sawijining poros tuwuhipun permikiman Mataram Kuno Jawa. Jawa Tengah tuwuh dados sawijining pusata budaya klasik nalika abad pitu (7) dumugi abad kaping 10.[4]. Budaya ingkang pikantuk prabawa saking kabudayan India punika saged dumugi puncakipun ing wilyah Kedu saha Prambanan. Poros Kedu-Prambanan punika kados ta laladan-laladan ingkang kalebet wewengkon Kabupatèn Magelang (Jawa Tengah) saha Kabupatèn Sléman (Daerah Istimewa Yogyakarta), mliginipun sakanan kiringipun Prambanan. Kabupatèn Temanggung ingkang dumunung ing sisih leripun Kabupatèn Magelang ugi minangka laladan ingkang wigati nalika jaman rumiyin. Wonten ing jaman rumiyin ing papan-papan punika pinanggih kathah candhi saha prasasti saking jaman kraton Mataram Kuna. Punapa malih, wonten ing laladan punika pinanggih ugi Prasasti Rukam wonten ing Désa Petarongan, Kacamatan Parakan, Kabupatèn Temanggung wonten ing kawasan pèrèng Gunung Sindoro. Prasasti Rukam punika minangka satunggalipun prasasti ingkang kanthi jelas nggambaraken akibat ingkang kadadéan saking jeblugipun gunung tumrap peradaban jaman rumiyin.[5].

Rekomendasi[besut | besut sumber]

Panaliten situs Liyangan taksih wiwit saéngga informasi akademik ingkang dipunangsal dèrèng cekap kanggé dipunbiwarakaken. Kaods punika ugi kaliyan aspek pangembangan, wonten ing watesan tartamtu boten saged dipuntilaraken saking panaliten, saéngga kanthi teknis punapa déné akademis situs Liyangan “dèrèng siyap” kanggé dipunmanfaataken. Kajawi punika ugi dipunprabawai déning faktor eksisting situs wujud lahan tambang pasir (galian C) ingkang taksih aktif kanthi kahanan lemah ingkang atos wujud materi wlahar dumugi 10 mèter, saéngga ruwang panalitèn punapa déné studi sanèsipun taksih winates. Kompas.com Mengungkap Temuan Situs Liyangan</ref> Adhedhasar hal mau, dipunrekomendasikaken hal-hal punika:

  • Pengembangan situs dipunprioritaskan ing aspek panaliten saha pelestarian kanthi integral
  • Panaliten dipunfokusaken ing kawontenan struktur saperlu pikantuk gambaran ingkang langkung jelas aspek keruangan mikro saha semi mikro
  • Njajagi kemungkinan pembebasan lahan situs supados ruwang obah panaliten saha studi sanèsipun langkung bébas
  • Nyusun agenda ingkang terintegrasi antwai sèktor terkait, mliginipun sèktor pelestarian, Pamarentah Provinsi Jawa Tengah, Pamarentah Kabupatèn Temanggung, saha sèktor akademik saperlu mbiyantu akselerasi prosès panaliten[5].
  • Nyusun konsèp “Taman Konservasi Liyangan” ingkang gegayutan:
  1. sèktor panaliten arkéologi saha pelestarian purbakala,
  2. sèktor pakebonan saha kehutanan,
  3. sèktor lingkungan hidup,
  4. sèktor kesenian saha tradisi lokal,
  5. sèktor kepariwisataan.[5].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Kompas.com Mengungkap Temuan Situs Liyangan
  2. ^ [1](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  3. ^ [2](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  4. ^ [3](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  5. ^ a b c [4](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)