Menyang kontèn

Pustakasala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Candhi Kimpulan

Pustakasala (dipunsebat ugi Candhi Kimpulan) inggih punika Candhi Hindhu ingang dipunyasa sawatawis abad ke-9 dumugi kaping 10 Masehi ingkang dumunung ing wewengkonipun kampus Universitas Islam Indonésia (UII), Jalan Kaliurang, Kaliurang, Sléman, Yogyakarta, Indonésia. Candhi punika kapendhem antawis gangsal mèter ing ngandhap lemah. Pérangan saking candhi ingkang sampun katingal awujud témbok kotak, mawi landasan yasan, sarta arca Ganesha, Nandi, saha Lingga-Yoni.[1].

Penemon

[besut | besut sumber]

Candhi punika pinanggih boten sengaja nalika tanggal 11 Dhésèmber 2009, nalika dipunadani penggalian kanggé pondasi proyek pambangunan pabukon UII. Penemon punika dados daya tarik kanggé publik, médhia sarta masarakat sakiring tengenipun. Kabar saking médhia narik raos péngin mangertos saking masyarakt, saéngga sesarengan sowan wonten papan punika. Badan Pelestarian Peninggalan Purbakala (BP3) Yogyakarta ajrih manawi kathahipun cacah pangunjung saged ngrisak candhi. Sapunika situs punika dipunp[ageri nganggé seng, sarta dipuntutp kanggé umum punapa déné masarakat sakiring tengenipun.[2]. Sami kaliyan Candhi Sambisari, Candhi Morangan, saha Candhi Kedulan, [[candhi punika kakubur nalika gunung merapi njeblug kinten-kinten sewu taun kapengker. Penemon candhi punika minangka panemon arkéologi ingkang langkung gadhah daya tarik wonten ing Yogyakarta sapunika, sarta dados spekulasi mbok manawi taksih wonten candhi-candhi sanèsipun ingkang taksih kakubur déning awu vulkanik gunung Merapi.[3].

Sajarah

[besut | besut sumber]

Panaliten langkung tebih saha panggalian arkéologi saweg dipunadani sapunika déning BP3. Sapunika fakta ingkang saged dipunlaporaken inggih candhi punika karakteristikipun Hindhu Siwaisme saking gaya ukiranipun saha saking arca ingkang nedahaken bilih candhi punika kabangun nalika abad kasanga (ke-9) dumugi abad kaping 10 nalika jaman Karajan Mataram Kuno.[4]. Candhi punika nalika pinanggih, dipunkenal déning masarakat umum minangka candhi UII (Candhi Universitas Islam Indonésia), amargi anggènipun nemokaken wonten ing lingkungan kampus UII. BP3 maringi candhi punika nama “Candhi Kimpulan” saking nama désanipun. Nanging Badan Yayasan Wakaf UII maringi nama sanès, “Pustakasala” ingkang ateges "pabukon" wonten ing basa sansekerta. Maksudipun saking sajarah panemon candhi ingkang badhé kabangun pabukon. Nama punika ugi nggambaraken kaanan pendidikan universitas, dipuntambah malih arca Ganesha dipuntemokakan wonten ing situs punika, déné Ganesha kawentar minangka déwa ngèlmu kawruh, intelektual, saha kawicaksanaan.[4].

Arsitektur

[besut | besut sumber]

Candhi punika jelas candhi Hindhu Siwaisme. Nanging arsitekstur candhi punika boten sami kaliyan candhi-candhi sanèsipun. Benten kaliyan candhi gaya Jawa Tengah sanèsipun, badan candhi saha atapipun boten katemokaken. Candhi punika ukuranipun alit saha prasaja ukiran saha hiasanipun. Wangunan Candhi awujud bujur sangkar, landasan candhi gadhah pager sarta tangga, saha celah mlebet kanthi rerenggan antefiks kaukir Kala. Ruang lebetipun wonten arca Ganesha, Nandi, sarta Lingga-Yoni.[5]. Dumugi sapunika para ahli taksih mrakirakaken bilih gaya arsitèktur saha sajarah candhi punika asipat prasaja. Badan, cagak, sarta payon candhi dipunprakirakaken saking kayu utawi bahan organik sanèsipun ingkang gampil lapuk, sarta sampun musna tanpa bekas. Wujud asli candhi punika sami kaliyan Pura Hindhu Bali kanthi payon Meru ingkang kadamel saking kayu, sirap, utawi ijuk. Benten kaliyan candhi Prambanan, candhi nalika kraton ingkang megah saha ukiranipun éndah, candhi Pustakasala namuing candhi désa ingkang prasaja ingkang dipunyasa déning masarakat umum.[6].

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  2. [2][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  3. [3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  4. a b [4](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  5. [5][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  6. [6] Archived 2013-06-22 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 November 2012)