Candhi Ngempon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Candhi Ngempon inggih punika salah satunggaling candhi Hindhu ingkang dumunung ing tlatah Kabupatèn Semarang, inggih punika wonten ing Désa Ngempon, Kacamatan Bergas, Kabupatèn Semarang, Provinsi Jawa Tengah, Indonésia ingkang jarakipun 2 km saking Pasar Karangjati.[1] Komplèks Candhi Ngempon punika alit, inggih punika namung kawangun saking sekawan candhi.[2] Saéstunipun Candhi Kidal kawangun saking 9 candhi, nanging kintun 4 ingkang taksih madeg.[2] Ingkang sanèsipun sampun risak malah ugi wonten ingkang sampun boten wonten watunipun.[2] Dipunpirsani saking arsitèkturipun candhi punika gadhah wangun ingkang mèmper kaliyan komplèks Candhi Gedhong Sanga ugi mèmper kaliyan Candhi Dièng.[2] Dipunkintenaken Candhi Ngempon dipunyasa ing masanipun Wangsa Sanjaya.[2]

Patirtan Derekan

Sajarah[besut | besut sumber]

Warsa 1952, salah satunggaling tani ingkang namanipun Kasri, asring manggihi patung ingkang kakubur wonten ing sawah ingkang saweg dipungarap déning panjenenganipun.[3] Kasri ugi asring manggihi watu-watu polos ingkang wangunipun pesagi. Ing warsa punika ugi, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kabupatèn Semarang lajeng mundhut sitinipun Kasri amargi siti ingkang wiyaripun 52 x 39 mèter persegi punika kakubur komplèks candhi Hindhu.[3] Sadangunipun warsa 1966 ngantos 1999, Kasri dados juru kunci Candhi Ngempon.[3] Nalika pinanggih, watu-watu candhi punika kahananipun risak amargi kakubur lemah sampun atusan warsa.[3] Setunggal mbaka satunggal watu-watu punika dipunrantam malih.[3] Dinas Purbakala manggihi wonten sangang titik pondhasi yasan candhi.[3] Nanging ngantos sapunika nembé sekawan candhi ing sampun kasil dipunpugar.[3]

Asma Ngempon punika kadadosan saking tembung Empu amargi rumiyin laladan punika dipunpracaya minangka panggènan kanggé gladhèn para empu ing jaman rumiyin.[2] Candhi punika ugi minangka ancas ingkang pungkasan supados satunggaling pawongan saged nggayuh empunipun.[2] Para empu ugi kedah nyucèkaken dhiri ing petirtaan ingkang panggénanipun boten tebih saking candhi punika.[2]

Pèngetan Dinten Galungan[besut | besut sumber]

Kajawi dados panggénan wisata, Candhi Ngempon ugi dados panggénan suci kanggé umat Hindhu.[4] Panggènan suci punika gadhah teges ageng kanggé gesangipun bebrayan ing laladan punika amargi dados panggénan para leluhur.[4]

Candhi Ngempon dipundadosaken panggènan kanggé mèngeti dinten pahargyan galungan umat Hindhu.[4] Ancasipun upacara pahargyan galungan inggih punika kanggé mindhakaken iman kaliyan taqwa dhumateng Hyang Widhi.[4] Miturut kapracayan, upacara adat punika ugi kanggé njagi kaselarasan kaliyan kasaimbangan antawisipun manungsa kaliyan Tuhan, manungsa kaliyan manungsa, ugi antawisipun manungsa kaliyan alam.[4] Upacara galungan punika ugi dados sarana introspeksi umat Hindhu ugi warga Indonésia, amargi kathah rantaman prastawa ingkang kadadosan ing bumi Nusantara punika.[4] Pahargyan dinten Galungan ing Candhi Ngempon punika ugi kanggé nyucèkaken candhi tilaranipun para leluhur supados sakral malih, amargi candhi punika dipun-ginakaken kanggé panggénan upacara sembahyang déning umat Hindhu ingkang nembé kawiwitan warsa 2009.[4]

Ritual adat pahargyan dinten galungan ing Candhi Ngempon punika dipunwastani ritual Pamarisuda Candhi Ngempon.[5] Ritual kanggé ngresiki candhi punika dipunkajengaken supados candhi kasebat saged uwal saking hawa spiritual.[5] Pangresikan punika dipuntindakaken tumrap pérangan-pérangan fisik candhi ugi spiritualipun saperlu nuwuhaken pamanggih manawi candhi punika taksih gesang utawi gadhah jiwa kaliyan aura.[5] Pangresikan fisik candhi dipuntindakaken déning petugas saking Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala (BP3) Jateng, déné pangresikan spiritual dipuntindakaken déning pihak saking Parisadha Hindhu Dharma Purbakala (PHDI) Jateng.[6] Kajawi kados makaten, wontenipun Candhi Ngempon punika dipunkajengaken gadhah mupangat kanggé bebrayan ing sakupengipun.[6] Mawi ritual punika kathah tiyang ingkang sami wisata ing Candhi Ngempon, saéngga saged majengaken ékonomi warga.[6]

Sumber toya bentèr[besut | besut sumber]

Ing kawasan Candhi Ngempon ugi wonten sumber toya panas ingkang dipunwastani "Petirtaan Derekan".[4] Dipunwastani kados makaten amargi kalebet ing laladan Kalurahan Derekan.[7] Petirtaan punika jarakipun 200 mèter saking komplèks Candhi Ngempon.[7] Rumiyin, petirtaan punika dipun-ginakaken déning umat Hindhu kanggé nyucèkaken dhiri sadèrèngipun sembahyang dhateng candhi.[5] Tiket mlebet petirtaan punika namung Rp 2000,00.[7] Toya panas ing petirtaan punika ugi dipracaya ngandhut wlirang ingkang saged nambani manéka jinis lelara.[7]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Wisata Budaya Kabupaten Semarang(dipunundhuh 24 November 2012)
  2. a b c d e f g h Candhi Ngempon, Pertitaan Derekan(dipunundhuh 7 Oktober 2012)
  3. a b c d e f g Meruwat Candhi Ngempon(diundhuh 7 Oktober 2012)
  4. a b c d e f g h Peringatan Galungan di Candhi Ngempon(dipunundhuh 7 Oktober 2012)
  5. a b c d Promo Pemprov Jateng Ritual Pamarisuda(dipunundhuh 11 November 2012)
  6. a b c Meruwat Candhi Ngempon(dipunundhuh 11 November 2012)
  7. a b c d Ngempon dan Petirtaan Derekan(dipunundhuh 25 Oktober 2012)

Pranala njawi[besut | besut sumber]