Kakao

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kakao
Theobroma cacao-frutos.jpeg
Wit kakao lagi woh
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
(Sterculiaceae)
Génus: Theobroma
Spésies: T. cacao
Jeneng binomial
Theobroma cacao
L.
Theobroma cacao

Kakao (Theobroma cacao) iku tetanduran awujud wit-witan sing asalé saka Amérika Kidul. Saka wiji tanduran iki diasilaké prodhuk olahan sing ditepungi dadi coklat.[1] Wiji kakao iki rasané pait lan kudu difermèntasi supaya rasané ora pait.[2] Sawisé dipanggang lan digawé bubuk, asilé dadi kokoa utawa coklat.[2]

Kakao kalebu tanduran taunan kang merlokaké lingkungan mirunggan kanggo bisa ngasilaké woh kang akèh. Lingkungan alami kakao ya iku ing alas udan tropis.[3] Ing laladan iki, suhu udara taunan dhuwur lan variasiné cilik, curah udan taunané uga dhuwur lan duwé mangsa katiga kang sedhéla.[3] Saliyané iku kalembapan udarané dhuwur lan intènsitas cahya srengéngé mung sithik.[3]

Botani[besut | besut sumber]

Wit kakao.

Kakao minangka tetanduran taunan (perennial) awangun wit, dhuwuré bisa nganti 10m.[1] Sanajan mangkono, sajeroning pambudidayan dhuwuré digawé ora punjul 5 m ananging kanthi tajuk nyisih lan amba.[1] Bab iki kanggo nambah pang sing prodhuktif.[1]

Kembang kakao, kaya anggota Sterculiaceae liyané, tuwuh langsung saka wit (cauliflorous). Kembang sampurna ukurané cilik (dhiameter maksimum 3 cm), tunggal, nanging katon kaangkai amarga kerep sawetara kembang muncul saka siji titik tunas.[1]

Kembang kakao thukul saka pang

Panyerbukan kakao bisa diéwangi srangga kaya ta laler cilik kang diarani midge Forcipomyia kaya ta semut, rayap, afid lan tawon utawa Trigona.[1] Panyerbukan iki biyasané kadadéan ing wayah bengi.[1] Kembang kakao siyap diserbuki yèn umuré wis kurang luwih 3 dina.[1]

Kakao lumrahé kalebu tanduran kang ngalami panyerbukan silang lan duwé sistem inkompatibilitas.[1] Sanajan kaya ngono, ana uga variétas kakao kang bisa nglakoni panyerbukan dhéwé lan ngasilaké jinis komodhiti kanthi pangaji dodolan kang luwih dhuwur.[1]

Woh metu saka kembang kang diserbuki.[1] Ukuran wohé luwih gedhé saka kembangé,lan wanguné bunder nganti lonjong.[1] Wohé kawangun saka 5 gondhong woh lan duwé ruwang kang ing njeroné ana wijiné.[1] Werna wohé bisa malèh-malèh.[1] Nalika enom wernané ijo nganti ungu.[1] Yèn wis mateng kulit ing sanjabaning woh kakao biyasané rupané kuning.[1]

Wiji kakao nèmplèk ing plasénta kang thukul ing bonggol woh, ing njeroné.[1] Wiji kakao ditutupi karo salut wiji kang empuk lan rupané putih. Ing istilah tetanèn diarani pulp.[1] Endospermia wiji ngandhut lemak kanthi kadhar kang dhuwur.[1] Ing sajeroning pangolahan sawisé panèn, pulp difermèntasi nganti 3 dina banjur wijiné digaringaké ing sangisoré cahya srengéngé.[1]

Prodhusèn kakao[besut | besut sumber]

Wolung nagara kang dadi nagara kang ngasilaké kakao paling akèh kaya ta ing ngisor iki.[1] Data iki miturut data panèn nalika taun 2005.[1]

  1. Pasisir Gading (38%)
  2. Ghana (19%)
  3. Indonésia (13%, akèh-akèhé kakao curah)
  4. Nigeria (5%)
  5. Brasil (5%)
  6. Kamerun (5%)
  7. Ekuador (4%)
  8. Malaysia (1%)

Nagara-nagara liya ngasilaké 9 % sisané.[1]

Jinis komodhiti[besut | besut sumber]

Kakao kalebu komodhitas perdagangan, biyasané dibédakna dadi rong golongan ya iku kakao mulia utawa edel cacao lan kakao curah kang uga diarani bulk cacao.

Ing Indonésia, kakao mulia diasilaké ing pakebonan-pakebonan kang wis suwé ing Jawa.[4] Variétas kang ngasilaké kakao mulia kang sepisanan dianakaké ing jaman kolonial Walanda, lan ditepungi kanthi jeneng kang sepisanan nggunakaké kodhe DR kaya ta DR-38.[4] Singkatan iki dijupuk saka singkatan jeneng pakebonan kang dadi panggonan kanggo selèksi ya iku Djati Roenggo ing laladan Ungaran, Jawa Tengah.[4] Variétas kakao mulia bisa nglakoni panyerbukan dhéwé.[4]

Mèh kabèh laladan prodhusèn kakao ing Indonésia ngasilaké kakao curah.[5] Kakao curah asalé saka variétas-variétas kang self incompatible.[5] Kualitas kakao curah biyasané ora patiya apik, sanajan prodhuksiné luwih akèh.[5] Dudu rasané kang dipentingaké ananging biyasané kandhungan lemak kang ana ing sajeroning kakao kang luwih digatèkaké.[5]

Khasiyat[besut | besut sumber]

Woh kokoa ngandhut akèh magnésium.[6] Yèn ngombé sacangkir kokoa panas wis mesthi nambah asupan magnésium ing awak.[6] Amerga bubuk kokoa ngandhut akèh magnésium kanthi rasa kang énak.[6] Magnésium kalebu dat kang duwé tugas kanggo njaga swasana ati.[6] Kanthi mangan kokoa kang ngandhut magnésium bisa ngimbangi malèhé swasana ati kang disebabaké rasa stréss.[6] Magnésium uga diarani dat kimia kang nggawa kasenengan.[6] Dat iki cocog banget kanggo ngilangaké stréss kang disebabaké gawéan kang tumpuk undhung.[6]

Ing sajeroning kokoa ana uga dat kang diarani phenylethylamine.[6] Dat kimia iki padha kaya hormon euphoria kang diasilaké utek nalika lagi nandhang katresnan.[6] Èfèk liyané ya iku dat iki nggawé semitifitas nalika kulit kademèk lan nyepetaké impuls rangsangan sèksual.[6] Iki kang bisa ndadèkaké swasana ati dadi seneng.[6]

Kadhar lemak kang ana ing woh kokoa bisa ngundhakaké prodhuksi opium alami ing utek.[6] Dat iki mènèhi èfèk nggawé tenang tumprap piranti-piranti sènsor ing awak.[6] Kayata indra pangambu, peraba lan pencicip utawa ilat.[6]

Khasiyat liyané, ya iku kokoa bisa kanggo kasulistyan, awit kokoa ngandhut antioksidan lan katekin kang bisa nyegah panuwan dhini.[6]

Sacangkir kokoa panas utawa hot cocoa kang ngandhut akèh antioksidan apik kanggo kaséhatan jantung.[6] Asam stearik uga ana ing woh kokoa, dat iki bisa nyegah anané lemak ing sistem sirkulasi getih.[6] Woh kokoa uga bisa kanggo tamba lelara getih dhuwur utawa hipertensi.[6]

Habitat[besut | besut sumber]

Habitat asli tanduran kakao ya iku ing alas tropis teles.[4] Wit kakao thukul ing sangisoré wit-witan ing alas.[4] Kakao kalebu tanduran kang seneng diayomi utawa diarani shade loving tree.[4] Fotosintesis kang paling optimum ya iku nalika ana cahya srengéngé kurang luwih 70 persén.[4] Prosès fotosintèsis lan kanggo minangka jaringan anyar mbutuhaké mineral saka njero lemah.[4] Mineral iki saliyané duwé peran struktural uga dadi aktivator kang bisa ngaktifaké enzim kanggo thukul lan ngrembakané wit kokoa.[4]

Habitat asli tanduran kakao ya iku ing alas tropis ing sangisoré wit-wit kang dhuwur, curah udan kang akèh, suhu saben taun kang rélatif padha, lan kalembapan udarané dhuwur lan rélatif padha.[3] Ing habitat kang kaya ngono, tanduran kakao bisa urip lan thukul dhuwur ananging kembang lan wohé sithik.[3]

Budidaya[besut | besut sumber]

Yèn dibudidayakaké ing kebon, dhuwuré tanduran kang umuré telung taun kurang luwih 1,8-3 mèter lan ing umuré kang 12 taun dhuwuré tekan 4,5-7 mèter.[3] Dhuwuré tanduran kakao béda-béda, amarga ana faktor intènsitas ayoman lan faktor-faktor kang duwé prabawa kanggo thukul.[3]

Tanduran kakao sifaté dimorfisme, tegesé nduwé loro wangun thukulan vegetatif.[3] Thukulan kang arah thukulé mendhuwur diarani thukulan ortotrop utawa thukulan banyu kang diarani wiwilan utawa chupon, déné thukulan kang arah thukulé nyamping diarani plagiotrop kena uga diarani pang kepet utawa fan.[3] Kanggo ngasilaké kakao kang apik, kudu duwé èlmu kang murwat.[3] Kudu ngerti fisiologi lan morfologi kakao, lahan kanggo nandur kang pas, bahan tandur, pola tandur, nyiapaké konvèrsi, nengkaraké, ngrabuk, nyegah lelara lan ama, nganti carané manèn kakao.[3] Kawruh kang apik bakal ngasilaké asil woh kakao kang apik.[3]

Chatetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w litbang.deptan.go.id(diundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  2. ^ a b gizitas.com(diundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l distributor.agromedia.net(diundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  4. ^ a b c d e f g h i j books.google.co.id(diundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  5. ^ a b c d sosbud.kompasiana.com(diundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r bataviase.co.id(diundhuh tanggal 23 Mèi 2011)

Pranala njaba[besut | besut sumber]