Jalak surèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jalak surèn​​​​​​​​​

ꦗꦭ​ꦏ꧀ꦱꦸꦫꦺꦤ꧀

Asian Pied Starling I IMG 5520.jpg
Saka Bengal Kulon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Passeriformes
Famili: Sturnidae
Génus: Sturnus
Spésies: S. contra
Jeneng binomial
Gracupica contra
Linnaeus, 1758

Jalak surèn (Sturnus contra) utawa jalak urèn[2] ya iku spésies jalak kang ditemokaké ing Anak Bawana India lan Asia Kidul-wétan. Manuk iki biyasané ditemokaké sajroné golongan cilik ing ngisor lembah lan dataran endèk. Jalak surèn biyasa ditemokaké ing kutha utawa désa, sanajan manuk iki ora wani kaya beo. Jalak suren ngasilaké pirang-pirang jinis suwara kanti kaya swara gemericik banyu. Pirang-pirang variasi wulu ana sajroné populasi lan sekitar lima subspesies diwènèhi jeneng.

Deskripsi awak lan suwara[besut | besut sumber]

Jalak suren kang ukurané sedeng (24 cm), wernané ireng lan putih. bathuk, pipi, garis swiwi, tunggir, lan weteng wernané putih; dhadha, tenggorokan, lan awak bagiyan nduwur ireng. Warna ireng iki isih coklat ing manuk kang isih enom.[3][4] Iris wernane klawu; kulit tanpa wulu disekitar mata berwrna jingga; paruh merah kanti ujung putih; sikil kuning.[4]

Wulu lanang lan wédok katon padha.[3] lanang: duwé awak kang lurus lan luwih gedhé ketimbang wédok. wulu ndas lan punggung ireng legam, sarta buntuté sithik luwih dawa lan dadi siji.

Wedok: awaké katon mbundher lan cendak kanti werna ireng lan putihé rada suram, kurang lincah lan agresif kaya lanang.

Taksonomi[besut | besut sumber]

Ilustrasi kapisanan ngenani jalak surèn déning George Edwards (1751)

Spèsies iki kalebu sajroné génus Sturnus lan Sturnopastor ing jaman mbièn ananging studi kang anyar ora njurung jalak suren mlebu ing génus Sturnus kang nyebapaké mbaliké jeneng génus tuwa Gracupica.[5][6] Wis diklaim jeneng spésies "contra" asalé saka jeneng India kanggo iku, sanajan iki durung ditelusuri sebanjuré.[7]

ndas subspesies G. c. contra (nduwur), G. c. superciliaris (tengah), lan G. c. jalla (ngisor); ilustrasi déning Joseph Smit, 1890

Subspesies kang dinominasi (andedhasar deskripsi spésies kang diwenehikan Linnaeus ing 1758) tinemu utamane di sedawane pinggiran Kali Gangga nuju sisih kidul menyang Andhra Pradesh lan nuju sisih wétan menyang Bangladesh. Populasi jalak suren ing lor kidul India (saka Sadiya menyang Tirap lan Pareden Naga) dijenengi sordida (asliné Sturnus contra sordidus) déning Sidney Dillon Ripley ing 1950. Wujudé jalak suren iki béda karo jalak suren kang ana di India, ya iku pundak lan tengkuk kurang duwé motif garis. Populasi ing Manipur marang kidul tumuju Myanmar lan maring ngétan tunuju Yunnan duwé garis mata lan kalebu subspesies superciliaris kapisanan diterangaké déning Edward Blyth ing 1863. Subspesies ing Thailand, Laos lan Kamboja kalebu sajroné floweri ( Sharpe, 1897) sewentara subspesies jalla dideskribsikaké Horsfield ing 1821 ditemokaké ing Sumatra, Jawa lan Bali.[3][8]

Habitat lan distribusi[besut | besut sumber]

Spèsies iki ditemokaké mligi ing dataran endèk ananging katemokaké uga ing ngisor bukit nganti 70 mèter ing nduwur permukaan laut. déwéké ditemokaké mligi ing wewengkon cepak banyu. Distribusi utama ing India ana ing tepian Kali Gangga ananging nyebar nganti kali Krishna. Persebaran déwéké mundak, kanti populasi kang nggawé akèh panggonan anyar-anyar iki kaya Lahore (saka 1997[9]), Rajkot[10] dan Bombay (wiwit taun 1953[11]), uga mungkin dibantu déning dagang manuk sangkar lan ucul kanti sengaja.[12] Pola lingkungan déweké ing India utamane ing Rajasthan wis kabantu déning irigasi lan pola tetanèn.[13] Spesies iki uga wis mapananké déwéné ing Dubai, UEA.[1] Lan uga, jalak suren diintroduksi nganti Taiwan lan Pulau Honshu.[14]

Solah tingkah[besut | besut sumber]

Jalak surèn biyasané ditemokaké ana ing golongan cilik, mligi nalika golèk pakan ing sandhuwuré lemah nanging tetep nangkring ing wit utawa wangunan. Manuk iki ora wedi marang kéwan-kéwan kang luwih gedhé, kaya ta sapi, lan sering golèk pakan ing satengahing kumpulan kéwan mau.[15] Jalak suren ing satengahe golongan tansah ngetokaké swara-swara kang saut-sautan kanthi swara kang manéka warna kaya swara sempritan, swara getaran, lan swara ndhengung, swara klik lan océhan. Jalak surèn enom kang diingu bisa dilatih kanggo niru swara manuk liyané.

Jalak surèn biyasané golèk pakan ing sawah, padhang suket, lan wewengkon kang kabuka kanggo golèk wiji, woh-wohan, srangga, endhog srangga, srangga cilik-cilik, kupu-kupu, cacing lemah, [16] lan moluska kang biasane dijupuk saka lemah. Nalika golèk pakan, jalak surèn biyasané mudhun menyang lemah lan nyedhaki sumber banyu ing panggonan kang ora jero.​ Kaya jinis jalak kang liya, jalak surèn sering nyongkel utawa mbuka lemah, nusuk-nusuk migunakaké cucuké kanggo ngetokaké panganan kang ana ing sangisoré lemah.[17] Saliyané iku, jalak surèn uga biyasa mudhun menyang panggonan banyu kang ora jero kanggo golék pakan. Jalak surèn duwé otot protaktor kang kuwat saéngga bisa mbongkah pérangan ngisoré suket lan matané uga duwé posisi kang pas saéngga jalak iki duwé pandeleng binokular kanggo ndheleng celah ing antarané cucuké.[18][19] Nalika arep turu, manuk jalak surèn sering ngetokaké swara seru. Pakulinan urip kaya iki sering ditemoni ing golongan cilik lan kadhangkala pasang-pasangan; jalak surèn biyasa turu wengi ing golongan gedhé kang saling njaga karo jalak surèn liyané.[15]

Prekembangbiakané[besut | besut sumber]

Petarangan digawé saka gumpalan jrami mapan ing pang wit bungur gedhé (Lagerstroemia speciosa).

Musim kawin jalak suren ing India ana ing wulan Maret tekan September. Nanging ing Jawa lan Bali, prekembangbiakane ana ing wulam Dhésèmber tekan Juni, sanajan sawetara liya ana kang prekembangbiakane terusan sasuwene taun.[20] Ing wulan Juli-Dhésèmber kalebu mangsa kurange prekawinan Jalak suren. Ing mangsa prekaawinan, cacahé manuk kang nglompok dadi mudhun cacahé, amarga padha golèk pasangan. Kanggo golèk pasangan, manuk iki ngetokake swara ngundhang, ngepuk-ngepukake wulune lan ngoyang-nggoyangake endhase.

Jalak suren nggawé sarang utawa tarangan saka gumpalan jraami, kang digawé dadi kubah kanthi siji lawang mlebu ing sisihihe kang digawé ing wit gedhé. (asring ing wit bringin, pelem,[21] nangka, sonokembang,[22] dan pohon aren[23]) utawa ing struktur utawa wangunan kang digawé manungsa,[24] kadhangkala cedhak karo wewangunan manungsa. Ing alam liyar, jalak suren dilaporke manggon ing sarangkang ukurane gedhé, kandhi dawa 2 kaki ln dhiameter 18 inci.

Ing sisih tengahé, ana papan kang memper rongga kanthi jero 9 inci lan dhiameter 3 1/2 inci.[25] Nanging miturut pamanggihe W. Blewitt, sarang/tarangan jalak suren mapan ing kadhuwuran 10-15 kaki saka lemah. F.R. Blewitt uga duwé pamanggih adhedhasar panaliten ing Delhi, bilih jalak suren kembangbiake ing wulan Juni-Agustus.[21] Ing Jawa, sarang jalak suren sering digawé ing wit palem utawi ing rumpun wit-witan epifit.[20]

Basa liya[besut | besut sumber]

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b BirdLife International (2009). "Sturnus contra". IUCN Red List of Threatened Species. Version 3.1. International Union for Conservation of Nature. Dijupuk 12 July 2011. 
  2. ^ Cakrawala (11 November 2011). "Jalak Suren Si Penjaga Rumah kang méh Punah". Cakrawala Online. (Kaunduh 25/11/12)
  3. ^ a b c Rasmussen, P.C.; Anderton, J.C. (2005). Birds of South Asia. The Ripley Guide. Volume 2. Washington DC and Barcelona: Smithsonian Institution and Lynx Edicions. k. 583. 
  4. ^ a b "Jalak Suren". Kutilang Indonésia. 25 April 2012. (Kaunduh 25/11/12)
  5. ^ Zuccon, Dario; Cibois, Anne; Pasquet, Eric; Ericson, Per G. P. (2006). "Nuclear and mitochondrial sequence data reveal the major lineages of starlings, mynas and related taxa". Molecular Phylogenetics and Evolution 41 (2): 333–344. PMID 16806992. doi:10.1016/j.ympev.2006.05.007.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  6. ^ Lovette, I., McCleery, B., Talaba, A., & Rubenstein, D. (2008). "A complete species-level molecular phylogeny for the "Eurasian" starlings (Sturnidae: Sturnus, Acridotheres, and allies): Recent diversification in a highly social and dispersive avian group" (PDF). Molecular Phylogenetics & Evolution 47 (1): 251–260. PMID 18321732. doi:10.1016/j.ympev.2008.01.020. 
  7. ^ Sundevall, CJ (1846). "The birds of Calcutta, collected and described by Carl J. Sundevall". Annals Mag. Nat. Hist. 18: 303–309. 
  8. ^ Ali, S & S D Ripley (1986). Handbook of the birds of India and Pakistan. Volume 5 (ed. 2). New Delhi: Oxford University Press. kk. 172–175. 
  9. ^ Murtaza, Syed Ali (1997). "Record of the sightings and breeding of Pied Mynah Sturnus contra at Lahore". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 94 (3): 569–570. 
  10. ^ Raol, LM (1966). "Unexpected bird". Newsletter for Birdwatchers 6 (7): 9–10. 
  11. ^ George, NJ (1971). "The Pied Myna, Sturnus contra (Linnaeus) in Bombay". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 68 (1): 243–244. 
  12. ^ Naik, Vasant R (1987). "Nest of the Pied Myna Sturnus contra Linnaeus". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 84 (1): 210. 
  13. ^ Sharma SK (2004). "Present distribution of Asian Pied Starling Sturnus contra in Rajasthan" (PDF). Zoos' print journal 19 (12): 1716–1718. 
  14. ^ Brazil 2009, p. 394
  15. ^ a b Freare & Craig 1998, kk. 167–168.
  16. ^ Turut 2010, k. 79.
  17. ^ Zuccon, Dario; Pasquet, Eric; Ericson, Per G. P. (2008). "Phylogenetic relationships among Palearctic–Oriental starlings and mynas (genera Sturnus and Acridotheres: Sturnidae)" (PDF). Zoologica Scripta 37 (5): 469–481. doi:10.1111/j.1463-6409.2008.00339.x. 
  18. ^ Beecher, William J. (1953). "A phylogeny of the Oscines" (PDF). Auk 70 (3): 270–333. doi:10.2307/4081321. 
  19. ^ Mayr, Gerald (2005). "A new eocene Chascacocolius-like mousebird (Aves: Coliiformes) with a remarkable gaping adaptation" (PDF). Organisms, Diversity & Evolution 5 (3): 167–171. doi:10.1016/j.ode.2004.10.013. 
  20. ^ a b  Austria 1993. Panduan Lapangan Pengenalan Burung-burung di Jawa dan Bali. Gadjah Mada Univ. Press. hal. 352
  21. ^ a b Hume 1889, kk. 386 – 387.
  22. ^ Pandey, Deep Narayan (1991). "Nesting habitat selection by the Pied Myna Sturnus contra Linn". J. Bombay Nat. Hist. Soc. 88 (2): 285–286. 
  23. ^ Turut 2010, k. 78.
  24. ^ Tiwari,JK (1992). "An unusual nesting site of Pied Myna". Newsletter for Birdwatchers 32 (3–4): 12. 
  25. ^ Hume 1889, k. 387.
  26. ^ a b c d Lepage, Denis. "Jalak Suren (Sturnus contra) Linnaeus, 1758". Avibase. Dijupuk 26 May 2012. 

Pratélan pustaka[besut | besut sumber]