Kabupatèn Semarang
- Kanggo artikel ngenani Kutha Semarang, pirsani Kutha Semarang
| |||
Sesanti: "Dharmottama Satya Praja" | |||
Dina Dadi: | ... | ||
Kuthapraja: | Ungaran | ||
Bupati: | H. Mundjirin ES | ||
Wakil Bupati: | |||
Jembar -Total: | 981,95 km² | ||
Kacamatan -Cacahe: | 18 Kacamatan | ||
Padunung -Total: -Kapadhetan: | +/-983.000 (2003) +/-1.001 jiwa / km² | ||
Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
Agama: | Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda | ||
Basa: | Basa Jawa lan Basa Indonésia |
Kabupatèn Semarang iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih lor, kutha Ungaran iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Ambarawa, Bandungan, Bergas, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 981,95 km² utawa hèktar.
Géografi
[besut | besut sumber]Wates administrasi Kabupatèn yaiku ing sisih lor wewatesan karro Kutha Semarang, lan Kabupatèn Demak. Sisih kidul wewatesan karo Kabupatèn Boyalali lan Kabupatèn Magelang, sisih wétan wewatesan karo Kabupatèn Boyalali lan Kabupatèn Grobogan. Sisih kulon wewatesan karo Kabupatèn Temanggung lan Kabupatèn Kendhal. Ing satengahé wewengkon iki dumunung Kutha Salatiga.[1] Rata-rata dhuwuré panggonan ing Kabupatèn Semarang 607 mèter sakdhuwuré lumahing sagara. Laladan paling cendhèk yaiku ing Désa Candhireja Kacamatan Ungaran. Laladan paling dhuwur ing Désa Batur Kacamatan Getasan.
Ungaran, kuthaprojo kabupatèn iki, persis wewatesan karo Kutha Semarang. Pérangan wétan wewengkon kabupatèn iki minangka dhataran dhuwur lan pagunungan. Kali gedhé sing mili yaiku Kali Tuntang. Ing pérangan kulon wewengkon wujud pagunungan, kanthi pucuké wujud Gunung Ungaran (2.050 mèter) ing tapelwates karo Kabupatèn Kendhal, sarta Gunung Merbabu (3.141 mèter) ing sisih kidul-kulon.
Kabupatèn Semarang diliwati dalan nagara sing ngubungaké Yogyakarta lan Surakarta karo Kutha Semarang utawa luwih kaloka minangka "JOGLO SEMAR". Angkudan umum antarkutha dilayani ngangggo montor bis, yaiku saka terminal bus Sisemut (Ungaran), Bawèn, lan Ambarawa. Sawetara rute angkudan regional yaiku: Semarang-Sala, Semarang-Yogyakarta, lan Semarang-Purwakerta, déné rute angkudan lokal yaiku Semarang-Ambarawa lan Semarang-Salatiga, Salatiga-Ambarawa.
Bawèn minangka kutha persimpangan jalur tumuju Sala lan tumuju Yogyakarta utawa Purwakerta. Jalur sepur Semarang-Yogyakarta minangka salah siji sing tuwa dhéwé ing Indonésia, nanging wektu iki wis ora operasi manèh, wiwit njeblugé Gunung Merapi sing ngrusak sapérangan jalur mau. Jalur liya sing saiki uga ora operasi yaiku Ambarawa-Tuntang-Kedungjati. Ing Ambarawa ana Museum Kereta Api. Sepur uwab nganggo rèl mawa untu saiki minangka jalur wisata kanthi rute Ambarawa-Bedana, saliyané iku wis dikembangaké sepur wisata Ambarawa-Tuntang PP. nlusuri pinggir Rawapening.
Kutha Salatiga dumunung ing tengah-tengah wewengkon Kabupatèn Semarang, yaiku ing jalur utama Semarang-Sala.
Papréntahan
[besut | besut sumber]Kabupatèn Semarang ketata sajeroning 19 kacamatan, 27 kalurahan lan 208 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Semarang yaiku:
- Getasan
- Tengaran
- Susukan
- Suruh
- Pabélan
- Tuntang
- Banyubiru
- Jambu
- Sumawana
- Ambarawa
- Bawèn
- Bringin
- Bergas
- Pringapus
- Bancak
- Kaliwungu
- Ungaran Kulon
- Ungaran Wétan
- Bandungan
Taun | Asma Bupati |
1969-1979 | Drs. Iswarto |
1979-1985 | Ir. Soesmono Martosiswojo |
1985-1987 | Drs. Sardjono |
1987-1992 | Drs. Hartomo |
1992-1999 | Drs. Sudijatno |
1999-2004 | H. Bambang Guritno SE MM |
2004-2006 | H. Bambang Guritno SE MM (Non Aktif) |
2006-2010 | H. Siti Ambar Fathonah (wakil bupati ingkang hanggenteni) |
2010-2015 | dr.H.Mundjirin ES.SpOG |
Panganan lan Plesiran
[besut | besut sumber]- Candhi Gedhongsongo, Kacamatan Sumowono
- Museum Perjuangan Palagan Ambarawa lan Museum Kereta Api, Kacamatan Ambarawa
- Rawa Pening
- Agrowisata Tlaga
- Bèntèng Williem II
- Bukit Cinta
- Kopèng (Pèrèng Gunung Merbabu)
- Kopeng Tree Top-Adventure Park
Deleng uga
[besut | besut sumber]Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Geografi dan Topografi Archived 2012-08-08 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 12 Juli 2012)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs Web Resmi Archived 2023-05-28 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |