Taman Nasional Bunaken
| Bunaken National Park | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
Bunaken Island seen from Manado Tua island. |
|
| Location in Sulawesi | |
| Mapan ing | Sulawesi, Indonesia |
| Kutha paling cedhak | Manado |
| Koordinat | 1°40′N 124°39′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 1°40′N 124°39′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Ambane | 890 km² |
| Established | 1991 |
| Sing dolan | ca.35,000[1]Cithakan:Sp(in 2003-06) |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasional Bunaken iku salah siji taman nasional kang ana ing Sulawesi Lor, Indonésia. Taman nasional iki mapan ing segi telu Terumbu Karang, kang dadi panggon uripe 390 spesies terumbu karang, iwak, moluska, reptil lan mamalia segara. Taman Nasional Bunaken iku salah siji ekosistem segara ing Indonesia, kang ing jerone ana padhang suket segara, terumbu karang lan ekosistem pante.
Taman nasional iki didekake taun 1991, ambane kurang luwih 890.65 km². 97% saka taman nasional iki arupa habitat laut, lan kang 3% sisane arupa daratan, ing jerone kalebu limang pulo: Pulo Bunaken, Pulo Manado Tua, Pulo Mantehage, Pulo Naen lan Pulo Siladen.[2]
Ing papan kang arupa daratan, taman nasional iki akeh tanduran kang arupa palem, sagu, woka, silar, lan klapa. Ing papan iki akeh kewan arupa kethek ireng Sulawesi (Macaca nigra nigra), rusa (Cervus timorensis russa), lan kuskus (Ailurops ursinus ursinus).[2]
Werna-werna tanduran ing alas bakau Taman Nasional Bunaken kayata Rhizophora sp., Sonneratia sp., Lumnitzera sp., lan Bruguiera sp. Ing alas iki akeh kepiting, urang, moluska lan werna-werna manuk kang urip ing segara, kayata manuk camar, bangau, dara segara, lan cangak[2].
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Management Advisory Board:Entrance fee collection data, retrieved 14-December-2009
- ↑ a b c (id)www.dephut.go.id Taman Nasional Bunaken (diundhuh tanggal 26 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||