Taman nasional
Taman nasional iku sawijining tlatah sing dilindhungi, biasané déning pamaréntah pusat, saka ulah manungsa lan saka polusi. Taman nasional minangka kawasan sing dilindhungi (protected area) déning World Conservation Union Kategori II. Taman nasional paling gedhé yaiku Northeast Greenland National Park, sing diadegaké wiwit taun 1974.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Gagasan ngenani taman nasional pisanan muncul ing wiwitan abad ka-19. Taun 1810 puitris Inggris William Wordsworth nggambaraké Tlaga District minangka "sawijining bagéyan saka hak milik nasional ing ngendi saben wong nduwèni hak bagi sing nduwèni mata kanggo nampa lan ati kanggo nikmati". Pelukis George Catlin, jroning lelungan menyang Amérika Kulon, kuwatir mangsa ngarep pedunung asli Amérika sing ditemoni lan kaajaiban alami sing dideleng. Taun 1832 George Catlin nulis yèn bab iku perlu dilindhungi:
- Déning kawicaksanan pamaréntah kanggo nglindhungi... sawijining taman sing luar biasa... Sawijining taman nasional, isi manungsa lan kéwan, ing kabébasan lan swasana seger lan alami!
Taman nasional ing Indonesia [sunting]
Miturut Undhang-Undhang Nomor 5 Taun 1990 ngenani Konservasi Sumber Daya Alam Hayati lan Ekosistem, Taman Nasional didefinisèkaké minangka kawasan pelestarian alam sing nduwèni ekosistem asli, dikelola kanthi sistem zonasi sing dimupangataké kanggo tujuan panelitèn, kawruh, pendhidhikan, nunjang budidaya, pariwisata, lan rekreasi.
Wektu iki ana 45 Taman Nasional ing Indonesia, sing pengelolaané ana ing sangisoré Kamentrian Kehutanan Republik Indonésia. Enem ing antarané, ditetepkan minangka Situs Warisan Donya (World Heritage Sites).
Deleng uga [sunting]
- Dhaptar taman nasional (disusun miturut negara)
- Alas
- Alas nasional
- Alas suaka alam
- Cagar alam
- Program Lingkungan PBB
- Taman Internasional
- Jaringan internasional Taman Geo
- Konsèrvasi
- Pangembangan tahan lama
- Èlmu Bumi
Pranala jaba [sunting]
- (id) Kementrian Kehutanan Republik Indonesia - Daftar resmi taman-taman nasional
- (id) Kementrian Kehutanan Republik Indonesia - Peta taman nasional di Indonesia
- (en) UNESCO — Man and the Biosphere Programme (Biosphere Reserves)
- (en) World Heritage Sites
- (en) UN Protected Areas database
- (en) EUROPARC federation — Europe's protected areas
- (en) South Korea- Korea National Park Service
- (en) European National Parks Centre (ENPC)
- (en) TeddyRoosevelt.com: "The National Parks President"