Taman Nasional Betung Kerihun
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Taman Nasional Betung Kerihun | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
Orangutan Kalimantan tinggal di taman ini |
|
| Lokasi | Kalimantan Barat, Indonesia |
|---|---|
| Koordinat | 1°13′15″N 113°21′11″E / 1.22083°N 113.35306°EKoordinat: 1°13′15″N 113°21′11″E / 1.22083°N 113.35306°E |
| Jembar | 8,000 km² |
| Madeg | 1992 |
Taman Nasional Betung Kerihun (sadurunge Gunung Bentuang) iku taman nasional kang mapan ing Kalimantan Kulon, Indonésia. Taman nasional iki didekake nalika taun 1992, lan nduweni amba kurang luwih 8.000 km² (3.100 mil²).[1] Bebarengan karo Lanjak Entimau ing Malaysia, taman nasional iki diusulake dadi Situs Warisan Dunia UNESCO.[2] Papan iki topografine arupa bukit-bukit, wiwit saka bentangan Pegunungan Muller kang nyambung ing Gunung Betung lan Gunung Kerihun, uga dadi wates anatarane Indonésia lan Serawak, Malaysia. Saka sikil pegunungan Muller, ngalir kali cilik kang dadi Daerah Aliran Sungai (DAS): Kapuas, Sibau, Mendalam, Bungan lan Embaloh. Kanggo mara menyang Taman Nasional Betung Kerihun kudu nglewati kali-kali kasebut.
Cathetan suku[sunting]
- ^ (id)betungkerihun.dephut.go.id(diundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
- ^ (en)whc.unesco.org(diundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||