Taman Nasional Kelimutu
| Taman Nasional Kelimutu | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
| Lokasi | Flores, Nusa Tenggara Timur, Indonesia |
|---|---|
| Koordinat | 8°44′31″S 121°50′41″E / 8.74194°S 121.84472°EKoordinat: 8°44′31″S 121°50′41″E / 8.74194°S 121.84472°E |
| Jembar | 50 km² |
| Madeg | 1992 |
Taman Nasional Kelimutu mapan ing Flores, Indonésia. Taman nasional iki kabentuk saka bukit lan gunung-gunung, salah sijine Gunung Kelibara (1.731 m) kang dadi pucuk sing paling dhuwur. Ing Gunung Kelimutu, ana danau Danau telung werna kang uga dadi panggonansaka Taman Nasional Kelimutu. Ing Taman Nasional Kelimutu, ana arboretum, alas cilik kang ambanes 4,5 hektar kang isine maneka werna flora ing papan kasebut. Ing kana ana 78 wena wit-witan kang dikelompokake ing 36 suku. Ana wit-witan kang dadi endemik Kelimutu kayata uta onga (Begonia kelimutuensis), turuwara (Rhododendron renschianum), lan arngoni (Vaccinium varingiaefolium). Argoni kang nduweni kembang cilik putih lan malih dadi ireng nalika mateng, dianggep dadi panganan para dewa.[1]
Bab lan Paragraf |
Flora [sunting]
Werna-werna tanduran kang ana ing Taman Nasional Kelimutu kayata, kayu mata (Albizia montana), kebu (Homalanthus giganteus), tokotaka (Putranjiva roxburghii), uwi rora (Ardisia humilis), longgo baja (Drypetes subcubica), toko keo (Cyrtandra sp.), kayu deo (Trema cannabina), lan kelo (Ficus villosa).[2]
Faona [sunting]
Taman Nasional Kelimutu iku habitate 19 werna manuk kang bakal punah, kayat punai Flores (Treron floris), manuk beluk wallacea (Otus silvicola), sikatan rimba-ayun (Rhinomyias oscillans), kancilan Flores (Pachycephala nudigula), sepah kerdil (Pericrocotus lansbergei), tesia Timor (Tesia everetti), opior jambul (Lophozosterops dohertyi), opior paruh tebal (Heleia crassirostris), cabai emas (Dicaeum annae), kehicap Flores (Monarcha sacerdotum), manuk madu matari (Nectarinia solaris), lan elang Flores (Spizaetus floris).[2]
Cathetan suku [sunting]
- ^ Samuel Oktora, Khairul Anwar. "Kelimutu, Dijaga Kicau Burung Arwah", Kompas, 4 September 2010, pp. 1, 15.
- ^ a b (id)www.dephut.go.id(diundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
Pranala njaba [sunting]
- (id) Taman Nasional Kelimutu
- UNEP-WCMC World Database on Protected Areas: Kelimutu
|
||||||||||||||||||||