Taman Nasional Gunung Rinjani
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Taman Nasional Gunung Rinjani (TNGR) iku salah siji ekosistem kanthi tipe alas udan pagunungan lan savana sing dumunung ing Pulo Lombok, Nusa Tenggara Kulon. TNGR ditetepaké dadi kawasan Taman Nasional liwat Surat Kaputusan Mentri Kehutanan No.280/Kpts-II/1997 kanthi wewengkon sing jembaré 40.000hA senadyan ing lapangan jembaré luwih saka 41,000hA.