Taman Nasional Kayan Mentarang
| Kayan Mentarang National Park | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
Floating Gasoline Station in Kayan river at Kayan Mentarang National Park |
|
| Location of Kayan Mentarang NP in Borneo | |
| Mapan ing | East Kalimantan, Indonesia |
| Koordinat | 3°12′N 115°30′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 3°12′N 115°30′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Ambane | 13,605 km² |
| Established | 1996 |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasioanl Kayan Mentarang iku salah siji taman nasional kang mapan ing pulo Kalimantan, Indonésia. Ambane taman iki kurang luwih 1.360.500 hektar.[1][2] Ing taman nasional iki ana alas primer lan sekunder kang paling tuwa lan paling gedhe kang isih ana ing Kalimantan lan Asia Tenggara.[1][2]
Papan iki mapan ing tlatah kang dhuwure 200 m nganti 2500 m sadhuwure banyu segara. Papan iki ana kang arupa dhataran endhek, dhataran dhuwur, lan uga pegunungan kang ora rata kang kabentuk saka sedimen lan vulkanis.[2]
[sunting] Flora lan Fauna
Ana werna-werna tanduran kang thukul ing taman nasional iki, kayata pulai (Alstonia scholaris), jelutung (Dyera costulata), ramin (Gonystylus bancanus), Agathis (Agathis borneensis), kayu ulin (Eusideroxylon zwageri), rengas (Gluta wallichii), gaharu (Aquilaria malacensis), arèn (Arenga pinnata), lan werna-werna anggrèk, palem, lan kantong semar.[1]
Kurang luwih ana 100 werna mamalia (15 ing antarane endemik), 8 werna primata lan luwih saka 310 werna manuk lan 28 ing antarane dadi endemik Kalimantan lan kadaptar ing ICBP (International Committee for Bird Protection) amarga wis arep punah.[1]
Ing taman nasional iki uga ana macan dahan (Neofelis nebulosa), beruang madu (Helarctos malayanus euryspilus), lutung bathuk putih (Presbytis frontata frontata), lan bantheng (Bos javanicus lowi).[1]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e (id)www.dephut.go.id(diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
- ↑ a b c (id)matoa.org; Taman Nasional Kayan Mentarang(diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||