Taman Nasional Teluk Cenderawasih
| Teluk Cenderawasih National Park | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
| Lokasi | West Papua, Indonesia |
|---|---|
| Kutha paling cedhak | Manokwari |
| Koordinat | 2°30′S 134°38′E / 2.5°S 134.633°EKoordinat: 2°30′S 134°38′E / 2.5°S 134.633°E |
| Jembar | 14,535 km² |
| Madeg | 2002 |
| Badan sing nglola | Ministry of Forestry |
Taman Nasional Teluk Cendrawasih iku taman nasional ing Papua Kulon, Indonésia. Taman nasional iki nduweni ekosistem kang awujud terumbu karang, pante, mangrove lan alas tropika daratan, pulo ing Papua/Irian Jaya.[1] Ambane kurang luwih 1.453.500 ha.[2]
Taman Nasional Teluk Cendrawasih iku taman nasional panggone akeh awujud laut kang paling amba ing Indonésia, kang kawujud saka pante (0,9%), pulo (3,8%), terumbu karang (5,5%), lan laut (89,8[1]
Taman Nasional Teluk Cendrawasih akeh rupa-rupa iwak. Kurang luwih ana 209 werna iwak, kayata butterflyfish, angelfish, damselfish, parrotfish, rabbitfish, lan anemonefish.[1]
Ana uga werna-werna moluska, kayata keong cowries (Cypraea spp.), keong strombidae (Lambis spp.), keong kerucut (Conus spp.), triton terompet (Charonia tritonis), lan kima raksasa (Tridacna gigas).[1]
Ana papat werna penyu kang urip ing taman nasional iki, yaiku penyu sisik (Eretmochelys imbricata), penyu ijo (Chelonia mydas), penyu lekang (Lepidochelys olivaceae), lan penyu belimbing (Dermochelys coriacea). Ana uga Duyung (Dugong dugon), paus biru (Balaenoptera musculus), ketam kelapa (Birgus latro), lumba-lumba, lan hiu.[1]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e (id)www.dephut.go.id(diundhuh tanggal 23 Agustus 2011)
- ^ (id)www.trackpacking.com(diundhuh tanggal 23 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||