Taman Nasional Berbak
| Taman Nasional Berbak | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
| Location in Sumatra | |
| Mapan ing | Sumatra, Indonesia |
| Kutha paling cedhak | Jambi |
| Koordinat | 1°23′S 104°20′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 1°23′S 104°20′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Ambane | 1,627 km² |
| Established | 1992 |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasional Berbak iku salah siji taman nasional kang ana ing Sumatra, Indonésia. Taman nasional iki dadi papan konservasi alas rawa paling gedhe ing Asia Kidul-wétan.[1] Taman nasional iki arupa gabungan antarane alas rawa gambut lan alas rawa banyu tawar kang ana ing pesisir wetan Sumatra.[2]
Tetanduran kang ana ing taman nasional iki kayata meranti (Shorea sp.), lan werna-werna palem. Ing Taman Nasional Berbak akeh tanduran palem kang digunakake kanggo pajangan paling akeh ing Indonésia. Werna-werna palem kang langka ing antarane kang awujud godhong payung (Johanesteijmannia altifrons), Lepidonia kingii (Lorantaceae), wujude kembange gedhe wernane abang utawa wungu.[1][2]
Ana atusan nganti ewon manuk pindhahan kang isa dideleng ing Taman nasional iki. [1][2]
Supaya bisa mlebu ing taman nasional iki, yen lewat sisih kulon kudu nglewati kali Air Hitam Dalam. Diarani kali Air Hitam Dalam amarga werna banyune ireng kaya kopi, lan nalika banyu segara surut rusuhane kewan lan godhong-godhongan saka alas bakau digawa menyang kali Batanghari banjur tekan segara. Kali Air Hitam Dalam iku habitate Macan Loreng Sumatra.[3]
Taman Nasional Berbak ora mung dijaga dening pamrentahan nasional, nanging uga tekan internasional, yaiku digunakake dadi Papan Teles Internasional (Lahan Basah Internasional) ing konvensi RAMSAR.[3]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ a b c (id)www.dephut.go.id TN Berbak (diundhuh tanggal 29 Agustus 2011)
- ↑ a b c (id)www.tourismjambi.com(diundhuh tanggal 29 Agustus 2011)
- ↑ a b (id)www.dephut.go.id (diundhuh tanggal 29 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||