Taman Nasional Meru Betiri
| Meru Betiri National Park | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
Bandealit Beach |
|
| Lokasi ing Jawa | |
| Lokasi | Jawa Wétan, Indonésia |
|---|---|
| Kutha paling cedhak | Jember |
| Koordinat | 8°32′S 113°47′E / 8.533°S 113.783°EKoordinat: 8°32′S 113°47′E / 8.533°S 113.783°E |
| Jembar | 580 km² |
| Madeg | 1982 |
| Tamu | 2,486 (in 2006) [1] |
| Badan sing nglola | Kementrian Kehutanan |
Taman Nasional Meru Betiri iku taman nasional kang mapan ing Jawa Wetan. Pase ing titik koordinat 8°21’ - 8°34’ LS, 113°37’ - 113°58’ BT, kanthi dhuwur 900 - 1.223 mdpl lan curah udane rata-rata 2.300 mm/taun. Papan iki dadi Taman Nasional wiwit taun 1982 dening Menteri Pertanian. Ambane papan iki kira-kira 58.000 ha kanthi jeneng saka jeneng gunung kang paling dhuwur ing papan kono, yaiku gunung Betiri (1.223m). Miturut administratif, Taman Nasional Meru Betiri ana ing wilayah Kabupatèn Jember lan Kabupatèn Banyuwangi, Propinsi Jawa Wetan.[2] Taman nasional iki diresmekake kanthi adhedhasar "keputusan Menteri Kehutanan, SK No. 277/Kpts- VI/97".
Flora[sunting]
Taman nasional Meru Betiri iku habitat tetandhuran kang langka, kayata padma Rafflesia zollingeriana kang dadi endemik ing Jawa.
Tetanduran liyane kang dijaga ing Taman Nasional Meru Betiri kayata:
- bakau (Rhizophora sp.)
- api-api (Avicennia sp.)
- waru (Hibiscus tiliaceus)
- nyamplung (Calophyllum inophyllum)
- rengas (Gluta renghas)
- bungur (Lagerstroemia speciosa)
- pulai (Alstonia scholaris)
- benda (Artocarpus elasticus)
- Bruguiera sp.
- Sonneratia sp.
- Balanophora fungosa)
Surve taun 2008 ing Bandealit (Kabupatèn Jember) lan Sarongan (Kabupatèn Banyuwangi) nuduhake ana 27 spesies anggrèk ing taman nasional iki.[3]
Faona[sunting]
Taman Nasional Meru Betiri nduweni kewan kang langka cacahe kurang luwih ana 29 werna mamalia, lan 180 werna manuk. Kewan-kewan kasebut kayata bantheng (Bos javanicus javanicus), kethek buntut dawa (Macaca fascicularis), Harimau Jawa (Panthera tigris sondaicus), macan tutul (Panthera pardus melas), ajag (Cuon alpinus javanicus), kucing alas (Prionailurus bengalensis javanensis), rusa (Cervus timorensis russa), (Cervus unicolor), bajing miber buntut abang (Iomys horsfieldii), merak (Pavo muticus), penyu belimbing (Dermochelys coriacea), penyu sisik (Eretmochelys imbricata), penyu ijo (Chelonia mydas), lan penyu lekang/ridel (Lepidochelys olivacea), Accipiter trivirgatus, Falco moluccensis, Hieraaetus kienerii, Otus lempiji, Glaucidium castanopterum, elang Spizaetus alboniger.
Cathetan suku[sunting]
- ^ Forestry statistics of Indonesia 2007, retrieved 20 May 2010
- ^ www.dephut.go.id
- ^ At least 27 orchid species in Meru Betiri National Park. AntaraNews edisi 13-04-2009.
|
||||||||||||||||||||