Taman Nasional Bukit Barisan Selatan
| Taman Nasional Bukit Barisan Selatan | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
Peta geologi saka Bukit Barisan. |
|
| Lokasi | Sumatra, Indonesia |
|---|---|
| Koordinat | 5°15′S 104°10′E / 5.25°S 104.167°EKoordinat: 5°15′S 104°10′E / 5.25°S 104.167°E |
| Jembar | 3,568 km² |
| Madeg | 1982 |
| Badan sing nglola | Ministry of Forestry |
Taman Nasional Bukit Barisan Selatan iku salah siji taman nasional kang ana ing Kabupatèn Lampung Kidul, Kabupatèn Lampung Lor, Propinsi Lampung, lan Kabupatèn Bengkulu Kidul, Propinsi Bengkulu.[1] Taman Nasional Bukit Barisan Selatan iku wakil saka rentengan pagunungan Bukit Barisan kang arupa vegetasi alas mangrove, alas pante, alas pamah tropika nganti pegunungan ing Sumatera.[2]
Taman nasional iki diresmikake kanthi pengumuman dening Menteri Pertanian nalika tanggal 14 Oktober 1982 nalika ana Kongres Taman Nasional Sedunia III ing Denpasar, Bali.[1] Wiwitane papan iki arupa Suaka Margasatwa Sumatra Kidul I kang dipilih miturut Besluit Van der Gouverneur Van Nederlandsch Indie No. 48 STB 621 tanggal 24 Desember 1935.[1]
Flora lan Fauna [sunting]
Werna-werna tanduran ing taman nasional iki kayata[2]:
- pidada (Sonneratia sp.)
- nipah (Nypa fruticans)
- cemara laut (Casuarina equisetifolia)
- pandhan (Pandanus sp.)
- cempaka (Michelia champaka)
- meranti (Shorea sp.)
- mersawa (Anisoptera curtisii)
- ramin (Gonystylus bancanus)
- keruing (Dipterocarpus sp.)
- damar (Agathis sp.)
- rotan (Calamus sp.)
- kembang raflesia (Rafflesia arnoldi)
Tanduran khas kang ana ing taman nasional iki yaiku kembang bangkai jangkung (Amorphophallus decus-silvae), kembang bangkai raseksa (A. titanum) lan anggrek raseksa (Grammatophylum speciosum). Dhuwure kembang bangkai jangkung isa nganti luwih saka 2 meter.[2] Taman Nasional Bukit Barisan Selatan iku habitat saka[2]:
- beruwang madu (Helarctos malayanus malayanus)
- badhak Sumatra (Dicerorhinus sumatrensis sumatrensis)
- macan Sumatra (Panthera tigris sumatrae)
- gajah Sumatra (Elephas maximus sumatranus)
- tapir (Tapirus indicus)
- ungko (Hylobates agilis)
- siamang (H. syndactylus syndactylus)
- simpai (Presbytis melalophos fuscamurina)
- kancil (Tragulus javanicus kanchil)
- penyu sisik (Eretmochelys imbricata)
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c (id)www.pendakierror.com TNBS (diundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
- ^ a b c d (id)TN Bukit Barisan Selatan (diundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||