Taman Nasional Tanjung Puting
| Tanjung Puting National Park | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
Win, an orang-utan at Camp Leakey |
|
| Tanjung Puting National Park in Borneo | |
| Mapan ing | Kalimantan, Indonesia |
| Kutha paling cedhak | Pangkalan Bun |
| Koordinat | 2°56′07″S 112°02′25″E / 2.9353°S 112.0402°EKoordinat: 2°56′07″S 112°02′25″E / 2.9353°S 112.0402°E |
| Ambane | 4150 |
| Established | 1982 |
| Sing dolan | 2,046Cithakan:Sp(in 2007[1]) |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasional Tanjung Puting iku salah siji taman nasional kang ana ing propinsi Kalimantan Tengah, Indonésia. Taman nasional Tanjung Puting iku panggonan kang pisanan digunakake dadi punjere rehabilitasi orangutan. Ana telung panggonan kang digunakake dadi panggon rehabilitasi orang utan, yaiku Tanjung Harapan, Pondok Tanggui, lan Camp Leakey.[2]
TN Tanjung Puting ndisike awujud cagar alam lan suaka margasatwa kanthi amaba 305.000 ha kang ditetepake dening pamrentahan Hindia Belanda nalika tanggal 13 Juni 1936. Banjur nalika tanggal 12 Mei 1984 dening Mentri Kehutanan, Tanjung Puting ditetepake dadi Taman Nasional kang ambane 415.040 ha.
Miturut geografis taman iki mapan ing 2°35'-3°20' LS lan 111°50'-112°15' BT, ana ing kecamatan Kumai ing Kotawaringin Kulon lan ing kecamatan Hanau sarta Seruyan Hilir, Kabupatèn Seruyan.
Ana werna-werna kewan kang endemik lan dijaga ing Taman Nasional Tanjung Puting, kayata orangutan (Pongo satyrus), bekantan (Nasalis larvatus), lutung abang (Presbytis rubicunda rubida), beruwang (Helarctos malayanus euryspilus), kancil (Tragulus javanicus klossi), macan dahan (Neofelis nebulosa), lan kucing alas (Prionailurus bengalensis borneoensis).[2]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ Forestry statistics of Indonesia 2007, retrieved 20 May 2010
- ^ a b (id)www.dephut.go.id; TN Tanjung Puting(diundhuh tanggal 9 Agustus 2011)