Taman Nasional Kutai
| Kutai National Park | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
| Location of Kutai NP in Borneo | |
| Mapan ing | East Kalimantan, Indonesia |
| Kutha paling cedhak | Samarinda |
| Koordinat | 0°22′N 117°16′E / 0.367°N 117.267°EKoordinat: 0°22′N 117°16′E / 0.367°N 117.267°E |
| Ambane | 1,986 km² |
| Established | 1982 |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasional Kutai iku salah siji taman nasional kang ana ing Kalimantan, pase ing kabupatèn Kutai lan Bontang.[1] Ambane taman nasional iki kira-kira 198.629 ha.[2]
Taman Nasional Kutai nduweni wujud vegetasi kang awujud alas pante/mangrove, alas rawa banyu tawar, alas kerangas, alas ulin/meranti/kapur lan alas Dipterocarpaceae. Taman nasional iki dadi alas ulin kang paling amba ing Indonésia.[1]
Flora Fauna [sunting]
Ana werna-werna tanduran ing taman nasional iki, kayata bakau (Rhizophora sp.), tancang (Bruguiera sp.), cemara segara (Casuarina equisetifolia), simpur (Dillenia sp.), meranti (Shorea sp.), benuang (Octomeles sumatrana), kapur (Dryobalanops sp.), ulin (Eusideroxylon zwageri), ana telung werna raflesia lan werna-werna anggrek. [1]
Ing taman nasional iki uga ana akeh kewan, kayata orangutan (Pongo satyrus), owa kalimantan (Hylobates muelleri), bekantan (Nasalis larvatus), kethek buntut dawa (Macaca fascicularis fascicularis), beruk (M. nemestrina nemestrina), lan kukang (Nyticebus coucang borneanus). Kelompok kewan iki isa ditemokake ing Teluk Kaba, Prevab-Mentoko lan Sangkimah. Banjur ing kelompok ungulata ana bantheng (Bos javanicus lowi), rusa sambar (Cervus unicolor brookei), kidang (Muntiacus muntjak pleiharicus), lan kancil (Tragulus javanicus klossi). Kelompok kewan iki isa ditemokake ing Taman Nasional Kutai. Saliyane iku uga ana kelompok carnivora, kayata beruang madu (Helarctos malayanus euryspilus) bangau tong-tong (Leptoptilos javanicus), elang segara weteng putih (Haliaeetus leucogaster), pergam raja/hijau (Ducula aenea), pitik alas (Gallus sp.), beo/tiong emas (Gracula religiosa), lan pecuk ula asia (Anhinga melanogaster melanogaster).[1]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d (id)www.dephut.go.id(diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
- ^ (id)www.wisatakaltim.com(diundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||