Taman Nasional Bukit Baka-Bukit Raya
| Bukit Baka Bukit Raya National Park | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
| Lokasi | Borneo, Indonesia |
|---|---|
| Kutha paling cedhak | Pontianak |
| Koordinat | 0°47′S 112°37′E / 0.783°S 112.617°EKoordinat: 0°47′S 112°37′E / 0.783°S 112.617°E |
| Jembar | 1,810 km² |
| Madeg | 1992 |
| Badan sing nglola | Ministry of Forestry |
Taman Nasional Bukit Baka-Bukit Raya iku salah siji papan konservasi kang mapan ing Pulo Kalimantan. Taman iki ana ing wewatesane Propinsi Kalimantan Kulon lan Kalimantan Tengah. Papan iki dadi papan kang nduweni manfaat hidrologis minangka catchment area marang Daerah Aliran Sungai (DAS) Melawi ing Kalimantan Kulon lan Daerah Aliran Sungai Katingan ing Kalimantan Tengah.[1]
Kawasan hutan Bukit Baka-Bukit Raya iku ekosistem alas udan tropika pegunungan kang akeh ing pucuk Pegunungan Schwaner. Bukit Baka-Bukit Raya iku gabungan antarane Cagar Alam Bukit Baka ing Kalimantan Kulon lan Cagar Alam Bukit Raya ing Kalimantan Tengah. Taman Nasional Bukit Baka-Bukit Raya ditetepake adhedhasar Surat Keputusan Menteri Kehutanan Nomor : 281/Kpts- II/1992, tanggal 26 Pebruari 1992. Taman Nasional Bukit Baka-Bukit Raya ambane 181.090 Ha.
Flora [sunting]
Ana kurang luwih 817 werna tanduran kang kalebu jeni ing 139 famili, kayata Dipterocarpaceae, Myrtaceae, Sapotaceae, Euphorbiaceae, Lauraceae, lan Ericadeae. ana uga tanduran kang isa digunakake dai obat-obatan, anggrek alas. Ana uga Kembang Rafflesia (Raflesia sp.), salah siji tanduran parasit paling gedhe, tanduran iki uga isa thukul ing Gunung Kinibalu, Malaysia. Tanduran endemik ing taman nasiona iki kayata Symplocos rayae, Gluta sabahan, Dillenia beccariana, Lithocarpus coopertus, Selaginnella magnifica, lan Tetracera, glaberrima. Ing Taman Nasional Bukit Baka-Bukit Raya akeh tanduran saka suku Symplocaceae kayata Symplocos adenophylla, Symplocos crassipis, Symplocos laeteviridis, Symplocos rayae lan Symplocos rubiginosa.[2]
Faona [sunting]
Kewan kang ana ing taman nasional iki kayata beruang madu, kesadu, musang wisel, orang utan (Pongo pygmaeus), lutung kelabu (Presbytis cristata), lutung ireng (Presbytis melalophos), kelasi/ lutung abang (Presbytis rubicunda), lutung bathuk putih (Presbytis frontata), owa ungko (Hylobates albibarbis), lan kelempiau (Hylobates muelleri).
Cathetan suku [sunting]
- ^ (id)wisatamelayu.com(diundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
- ^ (id)www.dephut.go.id(diundhuh tanggal 2 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||