Taman Nasional Bali Barat
Taman Nasional Bali Barat mapane ing bageyan kulon pulo Bali ing Indonésia. Taman nasional iki ambane 77,000 hektar, kang kira-kira 10% saka ambane pulo Bali.[1] Taman Nasional Bali Barat kabentuk saka habitat alas lan sabana. Ing tengah-tengah taman iki ana gunung berapi kang wis mati cacahe papat saka jaman Pleistocene, karo gunung Patas minangka papan kang paling dhuwur ing Taman Nasional Bali Barat. Kira-kira 160 spesies kewan lan tanduran kang dijaga ing taman nasinal iki. Kewan-kewan iku kayata banthèng, rusa, lutung, kalong lan werna-werna manuk. Taman Nasional Bali Barat iku papan kang pungkasan kanggo neokake endemik Bali kang arep punah, Jalak Bali ing habitat asline.[2]
Ing Taman Nasional Bali Kulon isa nglakoni werna-werna kegiyatan kayata:
- rekreasi lan wisata ing alas, ngemati manuk,diving, snorkeling, mancing, kemah, boating lsp.
- Penangkaran Jalak Bali.
- Paneliten.
- Wisata budaya lan ziarah ing Makam Mbah Temon lan Jayaprana.
Ing Taman Nasional Bali Barat disedhiyani pasilitas arupa:
- Kantor, pondhok jaga, pondhok wisata, menara pandang/pengamat, dalan mlaku, piranti nyilem, speed boat lsp.
Cathetan Suku[sunting]
- ^ (id)www.tnbalibarat.com
- ^ (id)www.dephut.go.id
Pranala jaba[sunting]
Situs resmi : Taman Nasional Bali Barat
|
||||||||||||||||||||