Taman Nasional Bantimurung Bulusaraung
| Bantimurung - Bulusaraung National Park | |
|
IUCN Category II (Taman Nasional)
|
|
| Location in Sulawesi | |
| Lokasi | Sulawesi, Indonesia |
|---|---|
| Kutha paling cedhak | Makassar |
| Koordinat | 4°54′S 119°45′E / 4.9°S 119.75°EKoordinat: 4°54′S 119°45′E / 4.9°S 119.75°E |
| Jembar | 437 km² |
| Madeg | 2004 |
| Badan sing nglola | Menteri Kehutanan |
Taman Nasional Bantimurung Bulusaraung iku taman nsional kang ana ing Sulawesi Kidul, Indonésia. Miturut KEPUTUSAN MENTERI KEHUTANAN NOMOR : SK.398/Menhut-II/2004, taman nasional iki ambane kurang luwih 43.750 ha.[1][2] Taman nasional iki dadi saka cagar alam kang ambane ± 10.282,65 ha, Taman wisata alam kang ambane ± 1.624,25 ha, hutan lindhung kanga ambane ± 21. 343,10 ha, alas produksi terbatas amabane ± 145 ha, lan alas produksi tetep ± 10.355 ha. Papan iki manggon ing Kabupatèn Maros lan Pangkep, propinsi Sulawesi kidul.
Ana werna-werna flora ing taman nasional iki, kayata: Bintangur (Calophyllum sp.), ringin (Ficus sp.), Nyato (Palaquium obtusifolium). Ana uga flora kang dadi endemik ing Sulawesi, yaiku Kayu ireng (Diospyros celebica).[1]
Saliyane iku uga ana kewan kang urip ing lan dadi endemik ing taman nasional iki, kayata: Kethèk ireng (Macaca maura), Kuskus sulawesi (Phalanger celebencis), bajing sulawesi (Macrogolidia mussenbraecki), Rusa (Cervus timorensis), manuk Enggang ireng (Halsion cloris), Raja urang (Halsion cloris), kupu (Papilio blumei, Papilio satapses, Troides halipton, Troides helena). Saliyane iku uga ana werna-werna ampibi lan reptil, kayata : Ula phyton (Phyton reticulates), Ula godhong, Biawak (Paranus sp.), Kadhal miber.[1]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c (id)www.dephut.go.idKEPUTUSAN MENTERI KEHUTANAN NOMOR : SK.398/Menhut-II/2004 (diundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ^ (id)www.tn-babul.org(diundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||