Taman Nasional Gunung Merapi
Taman Nasional Gunung Merapi iki salah siji taman nasional kang ana ing Jawa Tengah. Miturut adiministrasi papan iki ana ing rong propinsi, yaiku Jawa Tengah lan Yogyakarta.
Papan iki dadi taman nasional kanthi adedasar SK Menhut 134/Menhut-II/2004 tanggal 4 Mei 2004. Nacas tujuane digawe papan iki yaiku kanggo njaga sumber-sumber banyu, kali lan njaga sistem panguripan ing kabupatèn Sléman, Yogyakarta, Klaten, Boyolali, lan Magelang. Sadurunge kabentuk kepengurusan kang ngurusi Taman Nasional Gunung Merapi, papan iki diopeni dening Balai KSDA (Konservasi Sumber Daya Alam) Yogyakarta.
Papan iki miturut geografis ana ing koordinat 07°22'33" - 07°52'30" LS dan 110°15'00" - 110°37'30" BT. Ambane taman nasional iki kurang luwih 6.410 ha, 5.126,01 ha melu Jawa Tengah lan 1.283,99 ha melu Daerah Istimewa Yogyakarta.
Kawasan TN G Merapi tersebut termasuk wilayah kabupaten-kabupaten Magelang, Boyolali dan Klaten di Jawa Tengah, serta Sleman di Yogyakarta. Gunung Merapi iku salah siji stratovolcano kang isih aktif kangmapan ana ing wewatesan antaran Jawa Tengah lan Yogyakarta, Indonésia. Gunung iki gunung kang paling aktif ing Indonésia lan wis asring mbledhos wiwit 1548. Papan iki ana ing 28 km (17 mil) sisih lor kutha Yogyakarta. Akeh warga kang manggon ana ing kiwa tengene gunung, mapane désa-désa iki ana ing papan kang dhuwure 1.700 m (5.600 kaki) saka wates banyu laut.[1]
Jeneng Gunung Merapi tegese Gunung Geni. Etimologi jeneng saka tembung Meru-Api, saka tembung kang digabungake; Meru kang tegese "gunung", lan geni kang tegese geni. Keluk saka pucuk genung isa metu saben taun. Nalika tanggal 22 Nopember 1994 Gunung Merapi mbledhos, korbane ana 27 kang mati. Korbane iku akeh saka Muntilan, ing sisih kulone gunung Merapi.
Nalika tanggal 25 Oktober 2010 pamrentahan Indonésia ngunggahake level Gunung Merapi ing level kang paling dhuwur. Pamrentah ngunggahake level iki kanggo ngelingake para warga supaya ngungsi ing papan kang luwih aman. Kanggo warga kang ana ing panggonan 20 km (12,5 mil) sakiwa tengene Gunung Merapi kudu ngungsi. Kurang luwih ana 500 gempa vulkanik kang kecathet ing Gunung Merapi ing antarane tanggal 23-24 Oktober 2010. Wektu iku magma munggah nganti kurang luwih 1 km (3.300 kaki) sangisore lemah amarga owahe seismik. Tanggal 25 Oktober 2010 sore Gunung Merapi mbledhos lava metu ing sisih kidul lan tenggara.[2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ (en)www.bbc.co.uk(diundhuh tanggal 31 Juli 2011)
- ↑ (en)www.thejakartapost.com(diundhuh tanggal 31 Juli 2011)
|
||||||||||||||||||||