Taman Nasional Danau Sentarum
| Danau Sentarum National Park | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
| Location of Danau Sentarum in Borneo | |
| Mapan ing | West Kalimantan, Indonesia |
| Kutha paling cedhak | Pontianak |
| Koordinat | 0°51′N 112°6′E / 0.85°N 112.1°EKoordinat: 0°51′N 112°6′E / 0.85°N 112.1°E |
| Ambane | 1,320 km² |
| Established | 1999 |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasional Danau Sentarum iku salah siji taman nasional kang njaga kewan lan tetanduran ing Danau Sentarum.Taman nasional iki mapan ing Kalimantan Kulon, Indonésia. [1]
Nalika taun 1999, Danau Sentarum ditetepake dadi taman nasional. Sadurunge, Taman Nasional Danau Sentarum iku arupa cagar alam (1981/1982) lan suwaka margasatwa (wiwit 1983).[2]
Flora lan Fauna [sunting]
Ana kewan lan tanduran kang dadi endemik ing taman nasional iki. Tanduran kang dadi endemik kayata, tembesu utawa tengkawang (Shorea beccariana), jelutung (Dyera costulata), ramin (Gonystylus bancanus), meranti (Shorea sp), keruing (Dipterocarpus sp), lan kayu ulin (Eusideroxylon zwageri). Warga kang urip ing sakiwa tengene danau asring nggunakake tanduran-tanduran kang isa digunakake obat ing taman iki. Tanduran iku kayata ambong-ambong (Blumea balsamifera), akarara (Ficus sp), asam kandis (Garnia sp), asam tekala (Alpinia sp), aur-aur (Aneilema scaberrimun), bangelai (Zingiber pupureum), bawang gilang (Eleutherine americana), gambir (Uncaria gambir), kayu lawang (Cinnamomum sp), kunyit kuning (Curcuma domestica), kunyit putih (C. Zedoaria) nilam (Pogostemon cablin), lan pasak bumi (Eurycoma longifolia).[3]
Kewan kang ana ing taman nasional iki kayata si amang (Hylobates muelleri), bekantan (Nasalis larvatus), orang utan (Pongo pygmaeus), long-tailed monkey (Macaca fascicularis), bajing (Callosciurus notatus, C. Prevostii), beruang madu (Helarctos malayanus), lan macan (Neofelis nebulosa). Ana uga warna-warna manuk ing taman iki, kayata bekakak (Halcyon capensis), enggang gading (Rhinoplax vigil), rangkong (Buceros rhinoceros), elang ndhas putih (Haliastur Indus), lan manuk Raja Urang (Alcedo meninting).[3]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ Jeanes, Kevin; Meijaard, Erik: Danau Sentarum's wildlife: Biodiversity value and global importance of Danau Sentarum's wildlife, diundhuh tanggal 3 Agustus 2011
- ^ www.greenradio.fm; Rumah Panjang di Danau Sentarum(diundhuh tanggal 3 Agustus 2011)
- ^ a b travel.okezone.com; hutan atas air di taman nasional danau sentarum(diundhuh tanggal 4 Agustus 2011)
|
||||||||||||||||||||