Taman Nasional Gunung Merbabu
Taman Nasional Gunung Merbabu iku taman nasional kang ana ing Gunung Merbabu. Miturut administratif taman nasional iki ana kalebu wilayahe telung kabupatèn, yaiku Kabupatèn Boyolali, Kabupatèn Magelang, lan Kabupatèn Semarang, Propinsi Jawa Tengah.
Gunung Merbabu cedhak karo Gunung Merapi ing sisih kidul-wetan, lan kutha Salatiga mapan ing sikil bukit sisih lor. Ing antarane gunung Merapi lan Merbabu ana lekukan kang ambane 1.500 m kang dipanggoni desa Selo.[1]
Ana puncak loro ing gunung iki, puncak Syarif (3.119 m) lan Kenteng Songo (3.145 m). Gunung Merbabu mbledhos kaping pindho, taun 1560 lan 1797. Ing taun 1797 kaetung mbledhosan kang gedhe nomer 2 ing cathetan Volcanic Explosivity Index.[2] Dalan kanggo munggah gunung Merbabu isa lewat kutha Kopeng yen saka lor, isa uga lewat Selo saka sisih kidul. Yen lewat Kopeng lewat arah Kenteng Songo.
Ambane kurang luwih 57 km² kang digunakake dadi taman nasional wiwit taun 2004. Papan iki diresmikake dadi taman nasional kanthi adedasar Keputusan Menteri Kehutanan No. 135/Menhut-II/2004 tanggal 4 Mei 2004'. Papan iki penting kanggo sumber banyu warga kang ana ing sakiwa tengene gunung. Papan iki uga dadi papan konservasi kanggo jaga floralan fauna.
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ www.volcano.si.edu(diundhuh tanggal 31 Juli 2011)
- ↑ www.volcano.si.edu(diundhuh tanggal 31 Juli 2011)
|
||||||||||||||||||||