Taman Nasional Gunung Palung
| Gunung Palung National Park | |
|---|---|
|
IUCN Category II (National Park)
|
|
Vegetation of Gunung Palung |
|
| Location of Gunung Palung NP in Borneo | |
| Mapan ing | West Kalimantan, Indonesia |
| Koordinat | 1°14′24″S 110°14′21″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 1°14′24″S 110°14′21″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Ambane | 900 km² |
| Established | 1990 |
| Ministry of Forestry | |
Taman Nasional Gunung Palung kang disingkat (TNGP) iku taman nasional kang manggon ana ing Kabupatèn Ketapang, Kalimantan Kulon.[1] Ambane papan iki kurang luwih 90.000 hektar.[1] Kecamatan Matan Hilir Lor, Sukadana, Simpang Hilir, Nanga Tayap, dan Sandai iku kalebu wilayah taman nasional Gunung Palung.[1]
Taman Nasional Gunung Palung iku taman nasioanl kang kaetung ekositime paling jangkep tinimbang taman nasional liyane ing Indonésia.[1] Ing taman nasional iki ana Gunung Palung kang dhuwure 1.116 meter. Saliyane iku uga dadi papan uripe orangutan kang cacahe kurang luwih 2.200. Ing Taman Nasional Gunung Palung, paling akeh kewan Bekantan.[1]
[sunting] Flora lan Fauna
Tanduran ing papan iki kayata, jelutung (Dyera costulata), ramin (Gonystylus bancanus), damar (Agathis borneensispulai (Alstonia scholaris), rengas (Gluta renghas), kayu ulin (Eusideroxylon zwageri), Bruguiera sp., Lumnitzera sp., Rhizophora sp., Sonneratia sp., ara si pencekik, lan tanduran obat. [1][2]
Kewan kang urip ing taman nasional iki kayata, bekantan (Nasalis larvatus), orangutan (Pongo satyrus), bajing (Lariscus hosei), kidang (Muntiacus muntjak pleiharicus), beruang madu (Helarctos malayanus euryspilus), beruk (Macaca nemestrina nemestrina), klampiau (Hylobates muelleri), kukang (Nyticebus coucang borneanus), rangkong badhak (Buceros rhinoceros borneoensis), kancil (Tragulus napu borneanus), pitik alas (Gallus gallus), enggang gading (Rhinoplax vigil), baya siam (Crocodylus siamensis), bulus gadhing (Orlitia borneensis), lan penyu tempayan (Caretta caretta). Ana uga tupai kenari (Rheithrosciurus macrotis) kang kaetung langka.[2]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ a b c d e f (id)www.dephut.go.id
- ↑ a b (id)travel.okezone.com
|
||||||||||||||||||||