Taman Nasional Tesso Nilo
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 71 dinten 626 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Taman Nasional Tesso Nilo inggih punika salah sawijining taman nasional ingkang papanipun dumunung wonten ing provinsi Riau, Indonesia. Taman nasional punika dipunresmikaken nalika tanggal 19 Juli 2004 ingkang jembaripun kirang langkung 38.576 hektare. [1]
Nalika tanggal 19 Juli 2006 Menteri Kehutanan medalaken Peraturan Menteri ingkang netepaken Provinsi Riau minangka pusat konservasi gajah Sumatera kanthi Permenhut No. P.54.[2] Permenhut punika minangka realisasi saking kasil kunjunganipun Menteri Kehutanan ing Taman Nasional Tesso Nilo (TNTN) nalika wulan mei. Kanthi Peraturan Menteri punika mugi-mugi saged mungkasi perkawis babagan manungsa-gajah ing Riau. Ananging, TNTN ingkang dumugi sakmenika TNTN ugi dereng saged mungkasi maneka perkawis ingkang ngengini babagan wewengkon, mliginipun minangka habitat gajah. [3]
Bab lan Paragraf |
Kawasan Taman Nasional [sunting]
Kawasan ingkang kalebet ing wilayah taman nasional inggih punika kawasan bekas Hak Pengusahaan Hutan (HPH) ingkang dumunung ing Kabupaten Pelalawan saha Indragiri Hulu. Dumugi sakmenika wonten ing sakanan kiringipun taksih kawasan Hak Pengusahaan Hutan (HPH).[4]
Flora lan Fauna [sunting]
Wonten 360 jinis flora ingkang kagolong wonten ing 165 marga saha 57 suku, 107 jinis manuk, 23 jinis mamalia, tigang jinis primata, 50 jinis iwak, 15 jinis reptilia sarta 18 jinis amfibia wonten ing saben hektare Taman Nasional Tesso Nilo. Tesso Nillo ugi minangka salah satunggaling sisa alas dataran rendah ingkang dados papan dunungipun 60-80 gajah. Sapetak margi kagunganipun PT. Riau Andalas Pulp and Paper mbelah taman nasional punika. Kalaporaken bilih pamarentah provinsi gadhah rencana saperlu medhot margi punika saéngga saged kaginakaken kanggé ngirangi pembalakan liar (illegal logging).[5]
Unit Patroli Konservasi Harimau [sunting]
WWF bekerjasama kaliyan Departemen Kehutanan cq BKSDA Riau nalika nindakaken panaliten ilmiah babagan harimau Sumatera migunakaken kamera jebak (camera trap) wonten ing "hutan hujan dataran rendah" Sumatera. Panaliten punika kanthi pangajab mugi-mugi saged pikantuk data babagan kawontenanipun macan saha mangertosi cacahing satwa loreng kasebut wonten manéka jinis habitat sarta nemtokaken punapa sampun cekap mangsa kanggé kalangsunganipun. Data kasebut badhé maringi pitedah ingkang awrat ngéngini pelestarian spesies saha alas ing Indonesia saha ing donya punika.[6]
Cathetan Suku [sunting]
- Situs WWF untuk Tesso Nilo
- WWF Sambut Gembira Pencanangan Taman Nasional Tesso Nilo
- Jerman Desak Pelestarian Tesso Nilo
- (id) [http://beritabumi.or.id/berita3.php?idberita=182 "Hutan bekas HPH disahkan menjadi
|
||||||||||||||||||||