Kalimantan
Topografi Kalimantan |
|
| Geografi | |
|---|---|
| Lokasi | Asia Kidul-Wétan |
| Koordinat | |
| Kapuloan | Kapuloan Sundha Gedhé |
| Jembar | 743,330 km² |
| Èlevasi paling dhuwur | 4,095 m |
| Pucuk paling dhuwur | Kinabalu |
| Negara | |
|
Brunei
|
|
| Distrik | Belait Brunei dan Muara Temburong Tutong |
|
Indonésia
|
|
| Provinsi | Kalimantan Kulon Kalimantan Tengah Kalimantan Kidul Kalimantan Wétan Kalimantan Lor |
|
Malaysia
|
|
| Negara bagéan | Sabah Sarawak |
| Demografi | |
| Populasi | 16 yuta (per 2000) |
| Kapadhetan | 22/km² |
Kalimantan iku sawijining pulo sing papané ing sisih lor Pulo Jawa lan ing sisih Kolun Pulo Sulawesi. Kapérang dadi wilayah Brunei, Indonésia lan Malaysia.
Polo iki asring disebut Borneo éwadéné wilayah Indonésia disebut Kalimantan, banjur wilayah Malaysia disebut Sarawak lan Sabah. Saliyané iku ana uga kasultanan Brunei.
Bab lan Paragraf |
Sajarah awal [sunting]
Ing jaman Hindia-Walanda, Kalimantan dikenal minangka Borneo. Iki ora ateges jeneng Kalimantan ora dikenal. Ing laying-layang Pangeran Tamjidillah saka Kerajaan Banjar taun 1857 dhateng pihak Résidhèn Walanda ing Banjarmasin panjenengané nyebutaké pulo Kalimantan, dudu pulo Borneo. Iki nedahaké menawa ing kalangan pendunung,jeneng Kalimantan luwih dikenal tinimbang jeneng Borneo sing dipigunaaké ing administrasi pamaréntahan kolonial Hindia Walanda. Jeneng Kalimantan wiwit populér maneh sekitar taun 1940-an.
Ing abad kaping 18, sabagéan gedhé wilayah Kalimantan yaiku saka negeri Sambas tekan negeri Berau arupa kerajaan sangisoré Kasultanan Banjar, nanging ing pungkasané nyusut dadi sabagéan cilik saka wilayah Kalimantan Kidul saiki amarga prajanjèn kaliyan pihak Walanda. Ing Prajanjèn Karang Intan ing mangsa pamréntahan Pangéran Nata Dilaga (Susuhunan Nata Alam) (1808-1825), Kasultanan Banjar masrahaké sapérangan wilayah taklukanné dhateng Hindia Walanda ing antarané wilayah Bulungan, Kutai, Pasir, Pagatan lan Kotawaringin. Dhaérah liyané sing uga wus dipasrahaké dhateng Walanda yaiku Landak, Sambas, Sintang lan Sukadana. Mung wilayah inti Kasultanan Banjar sing durung tiba ing gegeman Walanda nganti taun 1860. Sabanjuré ing abad kaping 19, Walanda ngakèni madegipun kerajaan-kerajaan (dhaérah distrik) sing langsung dipréntah kepala bumiputera sing tundhuk ing sangisosoré kakuwasaan Walanda (Indirect Bestuur).
Ing abad XIV wilayah Kalimantan ditaklukaké Gajah Mada. Saben nageri sing arupa sawijining dhaérah aliran kali ing mangsa iku dipimpin sawijining wong kanthi gelar Sakai. Majapahit mapanaké wakilé Maharaja Suryanata (1365) sing dadi raja Negara Dipa sing kedhudhukané ing Candhi Agung (Amuntai). Ing mangsa tuwuhing agama Islam sapérangan Kerajaan Hindu malih dadi Kerajaan Islam kanthi ciri budaya Melayu. Sadurungé munculé agama Islam kabèh pendhudhuk Kalimantan dilebokaké ing kategori budaya Dayak sing kapérang saka wong Dayak, Melayu Hindu lan Jawa Hindu. Kasultanan Banjar minangka wakil Kasultanan Demak ing Kalimantan marisi sapérangan wilayah tilas taklukané Majapahit.
Kasultanan Banjar mérang wilayah Kalimantan dadi wilayah-wilayah Kutha Raja, Negara Agung, Manca Negara lan Pesisiran. Kutha Martapura ibukutha Kasultanan Banjar minangka ring sepisanan arupa wilayah Kutha Raja. Ring kapindho dhaérah njaban kutha Martapura (Dhaérah Banjar) iku wilayah Negara Agung (dhaérah inti kerajaan Banjar). Ring katelu ing njaban dhaérah Banjar disebut dhaérah Manca Negara yaiku kawasan kulon tekan dhaérah Kotawaringin lan ing wétan tekan dhaérah Pasir. Ring paling njaba yaiku wilayah ing sisih kulon Kotawaringin tekan negeri Sambas disebut Pasisir Barat, ewadéné Pesisir Wétan iku kawasan ing sisih lor dhaérah Pasir tekan wilayah Berau-Bulungan.
Asal-muasal jeneng [sunting]
- Sepisan Borneo saka tembung Kasultanan Brunei Darussalam sung sadurungé arupa kerajaan gedhé lan wiyar (njangkep Serawak lan sabagéan Sabah amarga sabagéan Sabah iki duwèkané kasultanan Sulu-Mindanao. Para pedagang Portugis nyebut Borneo lan digunaaké déning wong-wong Éropah. Nanging penduduk asli nyebut minangka pulo Klemantan.
- Kapindo miturut Crowfurd ing Descriptive Dictionary of the Indian Island (1856), tembung Kalimantan iku jeneng sejenis pelem saéngga pulo Kalimantan iku pulo pelem nanging panjenengané nambahaké yèn tembung iku mambu dongèng lan ora populèr.
- Katelu miturut Dr. B. Ch. Chhabra ing jurnal M.B.R.A.S vol XV part 3 hlm 79 nyebutaké kabiyasaan bangsa India kuno nyebutaké jeneng papan selaras asil bumi kaya jewawut ing basa sanksekerta yawa saéngga pulo iku disebut yawadwipa sing dikenal minangka pulo Jawa saéngga kanthi dhasar analogi mau pulo iku sing kanthi jeneng Sansekerta Amra-dwipa utawa pulo pelem.
- Kapapat miturut C.Hose lan Mac Dougall nyebutaké yèn tembung Kalimantan asalé saka 6 golongan suku-suku setempat yaiku Dayak Laut (Iban), Kayan, Kenya, Klemantan, Munut, lan Punan. Ing karangané, Natural Man, a Record from Borneo (1926), C Hose njelasaké yèn Klemantan iku jeneng anyar sing digunaaké déning bangsa Melayu.
- Kalima miturut W.H Treacher ing British Borneo ing jurnal M.B.R.A.S (1889), pelem liyar ora dikenal ing Kalimantan lor. Apa manèh Borneo ora naté dikenal minangka pulo sing ngasilaké pelem malah mungel waé saka sebutan Sago Island (pulo Sagu) amarga tembung Lamantah iku jeneng asli sagu mentah.
- Kaenem miturut Prof. Dr. Slamet Muljana ing bukuné Sriwijaya (LKIS 2006), tembung Kalimantan dudu tembung melayu asli nanging tembung silihan kaya déné tembung malaya, melayu sing asalé saka India (malaya ateges gunung). Kalimantan utawa Klemantan asalé saka basa Sanksekerta, Kalamanthana yaiku pulo sing udharané panas banget utawa ngobong (kal[a]: usum, wektu lan manthan[a]: ngobong). Amarga vokal a ing kala lan manthana miturut kabiyasaan ora diucapaké, mila Kalamanthana diucap Kalmantan sing sabanjuré disebut penduduk asli Klemantan utawa Quallamontan kang pungkasané diturunaké dadi Kalimantan.
Administrasi [sunting]
Kalimantan dipérang dadi patang provinsi:
- Kalimantan Tengah kanthi ibu kutha Palangkaraya
- Kalimantan Wétan kanthi ibu kutha Samarinda
- Kalimantan Kidul kanthi ibu kutha Banjarmasin
- Kalimantan Kulon kanthi ibu kutha Pontianak
- Kalimantan Lor kanthi ibu kutha Tanjung Selor
Mangsa Républik Indonésia Sarékat [sunting]
Sawisé njupuk alih Kalimantan saka tanganné Jepang, NICA meksa kaum Federal Kalimantan supaya cepet ngedegaké Negara Kalimantan nyusul Negara Indonésia Wétan sing wis ngadeg. Mula banjur diwangun Dhéwan Kalimantan Kulon tanggal 28 Oktober 1946, sing dadi Dhaérah Istiméwa Kalimantan Kulon ing tanggal 27 Mei 1947; kanthi Kepala Dhaérah, Sultan Hamid II saka Kasultanan Pontianak kanthi pangkat Mayor Jendral. Wilayahé kapérang saka 13 kerajaan minangka swapraja.
Dhéwan Dayak Gedhé diwangun tanggal 7 Desember 1946, lan sabanjuré tanggal 8 Januari 1947 diwangun Dhéwan Pagatan, Dhéwan Pulo Laut lan Dhéwan Cantung Sampanahan sing banjur nggabung dadi Fèdherasi Kalimantan Kidul-Wétan. Banjur tanggal 18 Februari 1947 diwangun Dhéwan Pasir lan Fèdherasi Kalimantan Wétan, kang pungkasané ing tanggal 26 Agustus 1947 nggabung dadi Dhéwan Kalimantan Wétan. Sabanjuré Dhaérah Kalimantan Wétan dadi Dhaérah Istiméwa Kalimantan Wétan kanthi Kepala Dhaérah, Aji Sultan Parikesit saka Kasultanan Kutai kang pangkaté Kolonél. Dhaérah Banjar sing wis kajepit dhaérah fèdheral pungkasané diwangun Dhéwan Banjar tanggal 14 Januari 1948.
Gubernur Kalimantan ing pamaréntahan Pamaréntah RI ing Yogyakarta, yaiku Pangéran Muhammad Noor, ngirim Cilik Riwut lan Hasan Basry ing misi perjuwangan mempertahankan kamardikan kanggo ngadhepi kekuwatan NICA. Ing tanggal 17 Mei 1949, Lètkol Hasan Basry minangka Gubernur Tentara ALRI Wilayah IV Pertahanan Kalimantan mroklamirké sawijining Proklamasi Kalimantan sing isiné yèn "Dhaérah Kalimantan Kidul" (dhaérah-dhaérah sanjaban Dhaérah Istiméwa Kalimantan Kulon lan Dhaérah Istiméwa Kalimantan Wétan) tetep minangka bagéan ora kapisahaké saka Negara Républik Indonésia sing wis diproklamasikké tanggal 17 Agustus 1945. Pamaréntah Gubernur Militér iki arupa upaya tandhingan dhateng kawanguné Dhéwan Banjar sing didegaké Walanda.
Ing mangsa Républik Indonésia Sarékat, Kalimantan dipérang dari limang dhaérah yaiku :
- Dhaérah Istiméwa Kalimantan Kulon
- Dhaérah Istiméwa Kalimantan Wétan
- Dayak Gedhé
- Dhaérah Banjar
- Fèdherasi Kalimantan Kidul-Wétan
Résidhèn lan Gubernur [sunting]
Daftar jeneng-jeneng résidhèn Inggris lan Walanda kanggo wilayah Bornéo-Walanda:
- Alexander Hare (1811), résidhèn Inggris
- I.N. Nieuwen Huyzen (1860), résidhèn Walanda
- C.A. Kroesen (1898), résidhèn Walanda
- C.J. Van Kempen (1924), résidhèn Walanda
- J. De Haan (1924-1929), résidhèn Walanda
- R. Koppenel (1929-1931), résidhèn Walanda
- W.G. Morggeustrom (1933-1937), résidhèn Walanda
Wiwit taun 1938, Bornéo-Walanda (Kalimantan) arupa siji kasatuan dhaérah administratif sangisoré gubernur, sing duwé kedhudhukan ing Banjarmasin:
- Dr. A. Haga (1938-1942), gubernur Bornéo
- Pangéran Musa Ardi Kesuma (1942-1945), Ridzie
- Ir. Pangeran Muhammad Noor (2 September 1945), gubernur Kalimantan kanthi kedhudhukan ing Yogyakarta
- dr. Moerjani, (14 Agustus 1950), gubernur Kalimantan kanthi kedhudhukan ing Banjarmasin
Taun 1957 Kalimantan dipérang dadi 3 propinsi, yaiku Kalimantan Kidul, Kalimantan Wétan, Kalimantan Kulon. Sabanjuré taun 1958, kawangun propinsi Kalimantan Tengah minangka pamekaran saka Kalimantan Kidul.
Jeneng liya [sunting]
- "Waruna Pura"
- "Tanjungpura" (Bakulapura) artiné pulo sing akèh nduwèni tanjung (bakula).
- "Tanjung Negara" iku sebutan kanggo pulo Bornéo déning Kerajaan Majapahit, minangka salah siji dhaérah saka wolung taklukan Kerajaan Majapahit.
- "Hujung Lemah" utawa "Ujung Lemah" iku sebutan pulo Kalimantan ing Hikayat Banjar lan Hikayat Raja-raja Pasai, katoné iki jeneng sing dipigunaaké déning penduduk Sumatra lan sekitaré kanggo nyebut pulo Kalimantan.
- "Pulo Kencana" iku sebutan pulo Kalimantan ing Ramalan Prabu Jayabaya saka Majapahit ngenani bakal dikuwasani Tlatah Jawa déning bangsa Jepang sing teka saka arah pulo Kencana (Kalimantan).
- "Jaba Daje" artiné "Jawa ing Lor (saka pulo Madura) sebutan suku Madura dhateng pulo Kalimantan.
Kalimantan ing jeneng [sunting]
- Sarékat Kalimantan, fusi saka Persatuan Pemuda Marabahan kanthi organisasi pemuda lokal ing Kalimantan Kidul.
- Kalimantan Raya, layang kabar sing diterbitaké ing Banjarmasin déning A.A Hamidhan tanggal 5 Maret 1942.
- Zuider en Ooster Afdeeling van Borneo, dhaérah Kidul lan Wétan Kalimantan yaiku Kalimantan Kidul, Kalimantan Tengah lan Kalimantan Wétan, sing dipréntah sawijining Résidhèn tekan taun 1942 kang ibukuthané ing Banjarmasin.
Kerajaan sing naté ana [sunting]
Daftar kerajaan-kerajaan lan sabagéan isih èksis ing Pulo Kalimantan, ing antarané yaiku:
|
|
Période sajarah Kalimantan [sunting]
- 8000 SM : Manungsa ras Austrolomelanesia mlebu pulo Bornéo.
- 2500 SM : Migrasi bangsa Melayu Proto saka Yunnan menyang pulo Bornéo sing dadi nénék moyang suku Dayak.
- 1500 SM : Migrasi bangsa Melayu Deutero menyang pulo Bornéo.
- 400 : Mulawarman, raja ka-3 saka Kerajaan Kutai, katurunan saka Kudungga saka suku Dayak Tunjung, arupa kerajaan Hindu sepisanan ing Nuswantara.
- 600 : Suku Dayak Maanyan nglakoni migrasi menyang pulo Bangka banjur menyang Madagaskar.
- 1362 : Pulo Bornéo ditaklukaké déning Majapahit.
- 24 September 1526 : Pangéran Samudera, raja Banjarmasih ka-1 nganut Islam lan kagungan gelar Sultan Suriansyah. Sawisé antuk dhukungan Kasultanan Demak kanggo uwal saka Kerajaan Negara Daha.
- 7 Juli 1607 : Èkspèdisi Walanda dipimpin Koopman Gillis Michaelszoon tekan ing Banjarmasin.
- 1612 : Walanda nembak lebur Banjar Lama ibukutha kerajaan Banjar, saéngga ibukutha kerajaan Banjar dipindhahaké menyang Martapura.
- 25 Juni 1689 : Kapal Portugis sing dipimpin Kaptén Cotingo mlebu dhaérah Pulo Petak, Kapuas.
- 14 Mei 1787 : Pangéran Amir (éyang kakungé Antasari) dicekel Walanda, banjur diasingaké menyang Srilangka, sawisé nganaaké perlawanan marang Walanda kaliyan 3000 pangikuté.
- 1857 : layang Pangéran Tamjidillah saka Kerajaan Banjar dhateng pihak Résidhèn Walanda ing Banjarmasin, panjenengangé nyebutaké pulo Kalimantan, dudu pulo Bornéo.
- 11 November 1858 : Sepisanan dumadiné Perang Banjar, dipimpin Pangéran Antasari.
- 1859 : Sultan Tamjidullah Alwasikh Billah sing disarujuki Walanda minangka raja Banjar, didhunaké saka tahta lan diasingaké ing Bogor.
- 11 Juni 1860 : Rhésidhèn Belanda, I. N. Nieuwen Huyzen ngumumaké pambusakkan kerajaan ing saindhenging Kalimantan, kalebu (pamaréntahan) Kasultanan Banjar.
- 14 Maret 1862 : Pangéran Antasari didadèkaké Panembahan déning Kiyai Adipati Jaya Raja, adipati (gubernur) wilayah Tanah Dusun, Kapuas lan Kahayan sarta para kepala suku Dayak.
- 1895 : Penduduk Zuider en Ooster Afdeeling van Borneo iku : 598 wong Éropah, 4.525 wong China, 1.534 wong Arab, 116 wong Wétan Asing sarta 803.013 wong Bumiputera.
- 1899 : Résidhèn C.A Kroesen mimpin Zuider en Ooster Afdeeling van Borneo.
- 24 Januari 1905 : Sultan Muhammad Seman, putra Pangéran Antasari gugur nglawan Walanda ing pedhalaman kali Barito.
- 1919 : Banjarmasin ibukutha Zuider en Ooster Afdeeling van Borneo antuk otonom pamaréntahan dadi Gemeente Bandjermasin.
- 1923 : Nasional Borneo Kongres ka-1.
- 29-31 Maret 1924 : National Borneo Congres ka-2, ditekani wakil-wakil Perserikatan Dayak lan Sarékat Islam lokal.
- 1938 : Wester Afdeeling van Borneo lan Zuider en Ooster Afdeeling van Borneo dadi sawijining propinsi ing Hindia Walanda kanthi dr. A. Haga minangka gubernur. Gemeente Bandjermasin ditingkataké dadi Stads Gemeente Bandjermasin.
- 25 Desember 1941 : Jepang ngebom Lapangan Terbang Ulin, Banjarbaru.
- 21 Januari 1942 : Jepang nembak tiba pesawat Catalina-Walanda ing kali Barito perairan Alalak, Barito Kuala.
- 8 Februari 1942 : Jepang mlebu Muara Uya, Tabalong, Gubernur Haga ngungsi menyang Kuala Kapuas nuju Puruk Cahu, Murung Raya.
- 10 Februari 1942 : Tentara Jepang mlebu Banjarmasin, ibukutha Bornéo (Kalimantan).
- 12 Februari 1942 : Tentara Jepang ngetokaké maklumat kutha Banjarmasin lan dhaérahé diwènèhaké PPC (Pimpinan Pamaréntahan Civil).
- 5 Maret 1942 : A.A Hamidhan nerbitaké layang kabar Kalimantan Raya ing Banjarmasin.
- 18 Maret 1942 : Kiyai Pangéran Musa Ardi Kesuma ditunjuk Jepang minangka Ridzie, panguwasa penuh lan paling dhuwur pamaréntah sipil ngliputi wilayah Banjarmasin, Hulu Kali lan Kapuas-Barito (Dayak Gedhé).
- 17 April 1945 : Rakyat Banjarmasin wiwit diwajibaké mènèhi pakurmat kanthi mbungkukaké awaké marang saben tentara Jepang, sing nitih pit, mobil lan liya-liyané.
- 6 Mei 1945 : Pambentukan TRI pasukan MN 1001, MKTI (MN=Muhammad Noor)
- 2 September 1945 : Pamaréntahan Sukarno-Hatta nglantik Ir. H. Pangéran Muhammad Noor minangka gubernur Kalimantan.
- 17 Mei 1949 : Proklamasi Gubernur Tentara ALRI Divisi IV Pertahanan Kalimantan déning Letkol. Hasan Basry (Pahlawan Nasional).
- 9 November 1949 : Peperangan ing Banjarmasin nglawan Walanda.
- 18 April 1950 : Pambubaran Dhéwan Dayak Gedhé, Dhéwan Banjar lan Fèdherasi Kalimantan Kidul-Wétan.
- 14 Agustus 1950 : Pambentukan 10 propinsi, salah sijiné Kalimantan kanthi gubernur dr. Moerjani. Tanggal kasebut dipèngeti minangka Dina Dumadiné Propinsi Kalimantan Kidul.
- 23 September 1953 : Sédané Ratu Zaleha, putri Sultan Muhammad Seman, tokoh émansipasi wanita Kalimantan, sadurungé diasingaké ing Cianjur.
- 7 Desember 1956 : Kabentuké provinsi Kalimantan Kidul.
- 23 Mei 1957 : Pambentukan provinsi Kalimantan Tengah.
Jarak kutha-kutha [sunting]
| Kutha-kutha | Banjarmasin | Samarinda | Palangkaraya | Pontianak | Kuching | Kutha Kinabalu |
| Banjarmasin[1] | 0 km | 615 km | 191 km | 1.249,65 km | 1.691,65 km | 2.767,65 km |
| Banjarbaru[2] | 35 km | - | - | - | - | - |
| Batulicin | - | - | - | - | - | - |
| Balikpapan | 500 km | 115 km | - | - | - | - |
| Samarinda[3][4] | 615 km (196 mil)[5] | 0 km | - | - | - | - |
| Tenggarong | - | - | - | - | - | - |
| Bontang | 760 km | 110 km | - | - | - | - |
| Tarakan | 1.190 km | 575 | - | - | - | - |
| Nunukan | 1.423 km | 808 km | - | - | - | - |
| Kuala Kapuas | 46 km | - | 142 km | - | - | - |
| Palangka Raya[6] | 191 km | - | 0 km | - | - | - |
| Sampit[7] | 418 km | - | 227 km | - | - | - |
| Pontianak | 1.249,65 km | - | - | 0 km | - | - |
| Singkawang | - | - | - | 147 Km[8] | - | - |
| Entikong | 1.599,65 km | - | - | 350 km | - | - |
| Nangabadau | - | - | - | - | - | - |
| Kuching | 1.691,65 km | - | - | 442 Km[9] | 0 km | - |
| Serian | 1.627,65 km | - | - | - | 64 km[10] | |
| Sibu | 1.977,65 km | - | - | - | - | - |
| Bintulu | 2.167,65 km | - | - | - | - | - |
| Miri | 2.357,65 km | - | - | - | - | - |
| Bandar Seri Begawan | - | - | - | - | - | - |
| Kota Kinabalu | 2.767,65 km | - | - | - | - | 0 km |
| Sandakan | 3.057,65 km | - | - | - | - | 290 Km |
| Tawau | 3.307,65 km | - | - | - | - | - |
Cathetan suku [sunting]
- ^ Peta Ruas Jalan Kalsel
- ^ Profil Daerah Kalimantan Selatan - Struktur, Luas, dan Jarak ke Ibukota Provinsi
- ^ Profil Daerah Kalimantan Timur - Struktur, Luas, dan Jarak ke Ibukota Provinsi
- ^ Peta Ruas Jalan Kaltim
- ^ JARAK SAMARINDA DENGAN KOTA-KOTA LAINNYA
- ^ Profil Daerah Kalimantan Tengah - Struktur, Luas, dan Jarak ke Ibukota Provinsi
- ^ ACROSS KALIMANTAN TO SAMPIT
- ^ [http://singkawangkota.go.id/spektakuler2012/index.php/profil-kota.html
- ^ DAMRI PONTIANAK - KUCHING PERLU LEBIH MENDENGAR
- ^ Serian Healthy City
Kalimantan Kulon: Tanjungpura | Pontianak | Mempawah | Sambas | Selimbau | Sekadau | Landak
Kalimantan Tengah: Kotawaringin
Kalimantan Kidul: Negara Daha | Banjar | Pagatan | Kusan | Tjingal | Sampanahan
Kalimantan Wétan: Kutai Kartanegara | Kutai Martadipura | Paser | Berau | Bulungan | Sambaliung | Gunung Tabur
Kalimantan Lor: Brunei | Sabah | Serawak | Sulu
| Pulo-pulo utama ing Indonésia | |
|---|---|
| Irian | Jawa | Kalimantan | Sulawesi | Sumatra |