UNEP
UN Environment Programme (UNEP), kuwi sawjining badan Perserikatan Bangsa-Bangsa kang tugasé koordhinasi bab aktifitas lingkungan, mbantu negara berkembang jroning nerapaké kawicaksanan kang ramah lingkungan lan nyurung anané pembangunan berkelanjutan liwat praktèk-praktèk kang ramah lan peduli marang lingkungan. Diadegaké minangka kasil saka Konferènsi PBB bab lingkungan urip sasi Juni taun 1972 UNEP nduwé kantor pusat ing Gigiri, Nairobi, Kenya. UNEP uga nduwé enem kantor regional lan kantor-kantor cabang ing sawetara negara.
Jroning sistem PBB, UNEP kang nduwé kuwasa bab lingkungan ing tatar global lan regional. Mandhat UNEP kanggo koordhinasi ngenani konsènsus bab kawicaksanan lingkungan kanthi njaga lingkungan global supaya tansah digatèkaké lan ngajokaké masalah kang muncul supaya dadi kawigatèn negara-negara lan komunitas international supaya dirampungaké. Mandhat lan sasaran UNEP asalé saka Resolusi Sidang Umum PBB 2997 (XXVII) tanggal 15 Desember 1972 lan owah-owahé ing UNCED taun 1992, Dhéklarasi Nairobi bab Peran lan Mandhat UNEP, kang diangkat jroning Sèsi ka-19 Dewan Pengarah (Governing Council) UNEP, lan Dhéklarasi Tingkat Mentri Malmö tanggal 31 Mei 2000.
Aktifitas UNEP nyakup babagan kang magepokan karo atmosfir lan ékosistem laut lan ékosistem dharat. Organisasi iki uga nduwé peran wigati nganakaké konvènsi lingkungan international, ningkataké ngèlmu lingkungan lan informasi lan mènèhi gambaran supaya bisa lumaku sarujuk karo kawicaksanan, nyiapaké lan nglakoni kawicaksanan karo pamaréntah negara lan institusi regional lan sarujuk karo organisasi non pamaréntah (NGO) kang memetri lingkungan. UNEP uga aktif mbiayani lan ngayahi proyèk-proyèk kang magepokan karo lingkungan.
Bab lan Paragraf |
Struktur [sunting]
Dewan Pangatur (Governing Council) UNEP cacahé 58 saka negara-negara anggota kang mengku jabatan telung taun suwéné. Kursi jabatan dialokasèkaké miturut pèrangan regional. Dewan iki minangka panyusun utama paugeran kawicaksanan kanggo program-program lingkungan PBB lan nglakokaké peran diplomatik kanggo ningkataké kerjasama antara negara anggota PBB bab isu lingkungan
Sekretariat UNEP dumadi saka 890 staf, watara 500an arupa staf international, lan staf liyané arupa staf lokal. Sekretariat kuwi badan kang ngawasi implemèntasi kawicaksanan lan program UNEP lan tanggung jawab tumrap anggaran taunan kang gedhéné watara $105 yuta (US) kang méh kabèh mau asalé saka negara-negara anggota.
Implementasi tugas UNEP diayahi déning pitu divisi ing ngisor iki:
- Pèngetan Gasik lan Panaksiran (Early Warning and Assessment)
- Implemèntasi Kawicaksanan Lingkungan (Environmental Policy Implementation)
- Tèknologi, Indhustri lan Ekonomi
- Kerjasama Regional
- Konvènsi lan Hukum Lingkungan
- Koordhinasi Fasilitas Lingkungan Global
- Komunikasi lan Informasi Publik
Delengen uga [sunting]
- en:Global warming
- en:Timeline of environmental events
- en:United Nations Billion Tree Campaign
- en:United Nations
- en:World Conservation Monitoring Centre
Referensi [sunting]
Wacan terusan [sunting]
- United Nations Environment Programme. "Natural Allies: UNEP and Civil Society." Nairobi: United Nations Foundation, 2004.
Pranala jaba [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
| Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
|
Sistem PBB |
|
|
Program lan Agensi |
|
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |
|