Dara
| Dara Temporal range: Miocene awal - Saiki |
|
|---|---|
| Feral Pigeon (Columba livia domestica) mabur | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Columbiformes |
| kulawarga: | Columbidae |
| Subfamilies | |
|
pirsani teks |
|
Dara iku familia Columbidae saka ordo Columbiformes.Dara local yaiku kagolong jenis manuk liar kang diopèni manungsa kanggo kéwan ingonan ana ing omah utawa ing pekarangan. Sakjroning dadi kéwan pangopènan (sato iwèn) dara uga bisa dadi daging konsumsi manungsa, karana daging dara rasané énak lan gurih.
Manuk dara bisa dipakani jagung, gabah lan beras. Panggonan utawa omah dara jenengé Pagupon. Dara kang liar biasane nyusuh ana ing wit-witan. Pagupon (omah dara) iku kanggo dedunung utawa netepé dara lan ngiyup saka panasé srengéngé lan udan. Mumpangate pagupon uga bisa kanggo nyusuh (sarang), ngangkremi endhog supaya bisa netes. Endhog kang diangkremi suwéné 25 dina bisa netes dadi piyik (anak dara). Umur sewulan utawa (30 dina), wis thukul wuluné, asring kasebut ing tlatah Jawa karang drejepi. Piyik dara kang durung bisa golèk pangan dhèwé biasané diloloh ( dipakani lewat cucuké déning simboké).
Macem-Macem Dara [sunting]
Dara uga bisa dikelompokake miturut warnané [sunting]
- Dara Cemani : Dara kang wernane ireng
- Dara Blorok : Dara kang jenis wernane ana telu 3 yaiku abang, kuning lan putih
- Dara Klawu : Dara kang warnane campura saka werna ireng karo putih utawa kasebut werna abu-abu
Pranala jaba [sunting]
- columbidae.org.uk Conservation of pigeons and doves
- Dove videos on the Internet Bird Collection
- Dove sounds
- Pigeonniers and Colombiers in France Architectural photographs from France (in English)