Kuskus
| Kuskus | |
|---|---|
| Common Spotted Cuscus. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mamalia |
| Subkelas: | Marsupialia |
| ordo: | Diprotodontia |
| kulawarga: | Phalangeridae in part |
| Genus | |
Kuskus yaiku jeneng umum kang diwénéhaké kanggo spesies kang nduwé patang genus possum Australia.[1] Genus kang kalebu spesiés kaskus yaiku:[1]
Kuskus kalebu salah sijiné mamalia kang nduwé kantung.[1] Kuskus kaya kangguru wedok kang nglairaké anaké banjur ngrumati lan nggawa anaké ing jero kantong kang manggon ing wetengé.[1] Kuskus kerep dianggep padha karo kukang, ananging kewan loro iki sejatiné béda.[1] Saliyané nduwé kantong ing wetengé ciri utamané kuskus yaiku bentuk rai kang bunder kanthi kuping kang ukurané cilik, lan wuluné kang kandel.[1] Saliyané iku kuskus uga nduwéni buntut kang dawa lan kuwat. [1]Buntut iki gunane kanggo alat kang bisa kanggo cekelan nalika pindah saka pang siji ning pang liyané. [1]Buntute kaskus uga kena dadi senjata kanggo pertahanan carané kanthi nguwelaké buntuté kanthi kuwat ing pang wit-witan.[1]
Kuskus bruwang (Ailurops ursinus) dadi kuskus paling gedhé.[1] Kuskus kalebu kewan herbivora. [1]Kuskus mangan godhong-godhongan lan woh-wohan.[1] Kuskus kalebu satwa kang urip solitér.[1] Kuskus kalebu satwa kang kasebar ing Indonésia bagéyan timur kayata Sulawesi, Maluku, Papua, saliyané iku kuskus uga kasebar ing Australia lan Papua New Guinea.[1]
Kuskus paling gedhé yaiku kuskus bruwang (Ailurops ursinus).[2] Kuskus iki dawa awaké tekan sakmétér luwih.[2] Ananging jinis kuskus paling cilik yaiku kuskus kerdil kang dawané awaké mung 29-38 cm lan boboté mung 1 kg.[2] Spesies kuskus liyané yaiku:[2]
- Eastern Common Cuscus (P. intercastellanus); Papua New Guinea.
- Woodlark Cuscus (P. lullulae); Papua New Guinea.
- Telefomin Cuscus (Phalanger matanim); Papua New Guinea.
- Short-eared Brushtail Possum (Trichosurus caninus); Australia.
- Common Brushtail Possum (T. vulpecula); Australia.
Klasifikasi elmiah: Kerajaan: Animalia; Filum: Chordata; Kelas: Mammalia; Subkelas: Marsupialia; Ordo: Diprotodontia; Sub-ordo: Phalangeriformes; Famili: Phalangeridae; Genus: Ailurops, Phalanger, Spilocuscus, Strigocuscus, dan Trichosurus; Spesies.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.