San Marino (kutha)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kutha San Marino
Città di San Marino
Flag of Kutha San Marino
Flag
Coat of arms of Kutha San Marino
Coat of arms
Lokasi San Marino ing San Marino
Lokasi San Marino ing San Marino
Coordinates: 43°56′N 12°26′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga; Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga
Foundation 3 September 301 (tanggal tradisional)
Pamaréntah
 - Capitano Alessandro Barulli (sejak 2003)
Wewengkon
 - Total 7,09 km² (2,7 sq mi)
Elevation Cithakan:Lengthdisp
Populasi (2003)
 - Total 4.493
 - Kapadhetan 633,71/km² (1.641,3/sq mi)
Time zone CET (UTC+1)
 - Summer (DST) CEST (UTC)
Kodhe pos RSM-47890

Kutha San Marino iku ibu kutha Republik San Marino ing semenanjung Italia, cedhak Segara Adriatik. Kutha iki nduwèni populasi cacahé 4.493 jiwa. Dunungé ing lembah kulon titik paling dhuwur ing San Marino, Monte Titano.

Senadyan dadi ibu kutha, racaké kagiatan bisnis dumunung ing kutha Borgo Maggiore. Kutha iki minangka kutha sing paling gedhé katelu sawisé Dogana lan Borgo Maggiore. Dhaérah iki wewatesan karo kuthamadya Acquaviva, Borgo Maggiore, Fiorentino, lan Chiesanuova ing San Marino lan kuthamadya San Leo ing Italia.

Akademio Internacia de la Sciencoj San Marino dumunung ana ing kutha iki.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah

Sajarah kutha iki padha karo sajarah San Marino, delengen Sajarah San Marino.

Kutha iki diadegaké déning Santo Marinus lan sawetara pangungsi Kristen ing taun 301. Wiwit wektu kuwi, kutha iki dadi pusat pangungsi Kristen sing mlayu saka kakejeman Romawi, sing nyebabaké wilayah kasebut dadi republik paling tuwa ing Eropah, kanggo teritori San Marino wektu kuwi ditetepaké minangka kutha tunggal San Marino.

Jantung kutha dijaga déning telung menara: pisanan, Guaita, diwangun ing abad kaping-11, misuwur banget, amarga kuwagang ngurangi serangan menyang kutha.

Sajroning Perang Salib, diwangun menara kaloro, Cesta (abad kaping-13). Ananging sistem pertahanan San Marino durung rampung nganti konstruksi menara katelu, - Montale (abad kaping-14) - paling cilik saka katelu menara kasebut lan diwangun ing pungkasan patemon Monte Titano. Amarga populasiné tansaya nambah, wewengkon negara dijembaraké sawetara kilomèter. Kanthi anané kawicaksanan San Marino ora bakal njajah utawa migunakaké kakuwatan perang kanggo nambah tlatah anyar, njembaraké wewengkon diayahi kanthi cara tuku lan prejanjèn sing nyatakaké San Marino nduwèni sangang castello liyané sing isih ana nganti saiki.

Menara Guaita

[sunting] Panggonan misuwur

Kutha San Marino ora mung mènèhi pemandangan sing éndah, nanging uga nawakké sawetara panggoran kang èdi lan nyengsemaké:

[sunting] Kutha Kembar

[sunting] Pranala njaba

Cithakan:San Marino

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=San_Marino_(kutha)&oldid=664684"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès