Beograd
| Kutha Beograd Град Београд Grad Beograd |
|||
|---|---|---|---|
| Saka kiwa dhuwur: Novi Beograd kulon kanthi Genex Tower, Katedral Saint Sava lan monumèn Karađorđe ing sangarepé, Yugoslav Drama Theatre lan Beograđanka ing sisih tengen, lan kreteg Sava. | |||
|
|||
| Lokasi Beograd ing Serbia | |||
| Coordinates: 44°49′14″N 20°27′44″E / 44.82056°N 20.46222°EKoordinat: 44°49′14″N 20°27′44″E / 44.82056°N 20.46222°E | |||
| Negara | |||
| Distrk | Kutha Beograd | ||
| Munisipal | 17 | ||
| Diadegaké | 279 B.C. | ||
| Dhasar hukum | 150 A.D. | ||
| Nyawiji | 1918 | ||
| Pamaréntahan | |||
| • Waikutha | Dragan Đilas (DS) | ||
| • Wakil Walikutha | Milan Krkobabić (PUPS) | ||
| • Partai sing kuwasa | Partai Demokrat Serbia/G17+/Partai Sosialis Serbia (SPS)-Partai Persatuan Pensiunan Serbia (PUPS) Partai Liberal Democrat Serbia (LDP) | ||
| • Dhéwan kutha |
List
|
||
| Wewengkon[1] | |||
| • Urban | 359,96 km2 (13,898 sq mi) | ||
| • Metro | 3.222,68 km2 (124,428 sq mi) | ||
| Èlevasi[2] | 117 m (384 ft) | ||
| Populasi (2007)[3] | |||
| • City | 1.281.801 | ||
| • Kapadhetan | 506/km2 (1,310/sq mi) | ||
| • Urban density | 3.283/km2 (8,500/sq mi) | ||
| • Metro | 1.710.000 | ||
| • Demonym | Belgrader | ||
| Zona wektu | CET (UTC+1) | ||
| • Summer (DST) | CEST (UTC+2) | ||
| Kodhe pos | 11000 | ||
| Kodhe tilpun | (+381) 11 | ||
| Car plates | BG | ||
| Website | www.beograd.rs | ||
Beograd (basa Serbia: Београд) yakuwi ibu kota sekaligus ibukutha budhaya lan pendidikan, ibukutha science lan ekonomi uga dadi kutha kang paling gedhé dhéwé ing negara Serbia (wiwit 2006), Serbia lan Montenegro (2003-2006) lan Yugoslavia (1918-2003). Kutha iki ambané watara 359,96 km² lan populasi kurang luwih 1,yuta jiwa. Dumunung ana ing tlatah sisih kidul wétan Eropa, yakuwi ana ing Semenanjung Balkan. Ing kutha Beograd iki Kali Danub utawa Kali Donau sing mili saka Eropa Kulon ketemu karo Kali Sava sing mili saka kulon, kang ngliwati Bosnia Herzegovina. Mayoritas pedunungé yakuwi bangsa Serbia sing agamané Kristen Orthodox. Basa sing dipigunaaké yaiku basa Serbia (Serbski) kanthi abjad Cirilyc. Dhuwit resminé dinar (dinara), nanging dhuwit Euro lan DM uga dienggo minangka alat pembayaran sing katampa ing sawenèh panggonan. Kode Aréa telepon kanggo telepon domestik yaiku 011 lan kanggo internasional ++381-11.
Bab lan Paragraf |
Géografi [sunting]
Beograd dumunung ing 116,75 meter (383 kaki) sadhuwuring lumahé segara lan ing patemon antara Kali Danube lan Kali Sava, ing koordinat 44°49'14" Lor, 20°27'44" Wétan. Inti sajarah Beograd,yakuwi bèntèng Kalemegdan, dumunung ing gisil tengen kali. Wiwit abad kaping- 19, kutha iki wis mekar mangidul lan mangétan, lan sawisé Perang Donya II, Beograd Anyar dibangun ing gisil kulon Kali Sava, nyambungaké kutha Beograd karo Zemun.
Iklim [sunting]
Beograd nduwèni iklim kontinental sing moderat kanthi patang mangsa. Suhu rata-rata 11,7 °C (53,1 °F), lan sasi sing paling panas yaiku sasi Juli.
Pamaréntahan [sunting]
Beograd iku sawijining tlatah kapisah ing Serbia, kanthi kakuwasan otonom. Walikutha saiki ya iku Dragan Đilas saka Partai Democratik. Walikutha pisanan sing kapilih sacara dhémokratis sawisé Perang Donya II ya iku Zoran Đinđić, ing taun1996.
Dhéwan Kutha Beograd nduwèni anggota 110 sing dipilih kanggo mangsa patang taun. Partai-partai mayoritas ya iku Partai Demokratik-G17 Plus lan Socialist Party of Serbia-Party of United Pensioners of Serbia kanthi dhukungan Liberal Democratic Party), and in similar proportions, with the Serbian Radical Party lan Democratic Party of Serbia-New Serbia minangka partai oposisi.[4]
Minangka ibu kutha, Beograd uga dadi panggonan Dhéwan Nasional Serbia, pamaréntah Serbia lan badan-badan liyané, lan 64 kadutaan negara manca.
Munisipalitas [sunting]
Kutha iki kapérang dadi 17 munisipalitas.
| Name | Area (km²) | Population (1991) | Population (2002) | |
|---|---|---|---|---|
| Barajevo | 213 | 20,846 | 24,641 | |
| Čukarica | 156 | 150,257 | 168,508 | |
| Grocka | 289 | 65,735 | 75,466 | |
| Lazarevac | 384 | 57,848 | 58,511 | |
| Mladenovac | 339 | 54,517 | 52,490 | |
| Novi Beograd | 41 | 218,633 | 217,773 | |
| Obrenovac | 411 | 67,654 | 70,975 | |
| Palilula | 451 | 150,208 | 155,902 | |
| Rakovica | 31 | 96,300 | 99,000 | |
| Savski Venac | 14 | 45,961 | 42,505 | |
| Sopot | 271 | 19,977 | 20,390 | |
| Stari Grad | 5 | 68,552 | 55,543 | |
| Surčin | 285 | 52,000 | 54,000 | |
| Voždovac | 148 | 156,373 | 151,768 | |
| Vračar | 3 | 67,438 | 58,386 | |
| Zemun | 154 | 176,158 | 136,645 | |
| Zvezdara | 32 | 135,694 | 132,621 | |
| TOTAL | 3227 | 1,552,151 | 1,576,124 | |
|
|
||||
Demografi [sunting]
Miturut sènsus taun 2002, klompok populasi utama ing Beograd ya iku: Wong Serbia (1,417,187), Yugoslavia (22,161), Wong Montenegro (21,190), Wong Romani (19,191), Wong Kroasia (10,381), Wong Macedonia (8,372), lan Muslim (4,617).[5]
Wisata [sunting]
- Skadarlija
- Museum lan Teater Nasional
- Zemun
- Nikola Pašić Square
- Terazije
- Benteng Kalemegdan
- Prince Michael Street
- Gedhung Parlemen
- Kuil Saint Sava
- Avala Monument
- Musoleum Tito
Rujukan [sunting]
- ^ "Territory". Official website of City of Belgrade. http://www.beograd.rs/cms/view.php?id=201197. Retrieved 2009-05-06.
- ^ "Geographical Position". Official website of City of Belgrade. http://www.beograd.rs/cms/view.php?id=201029. Retrieved 2007-07-10.
- ^ "Statistical yearbook of Belgrade" (pdf, link IE only). Zavod za informatiku i statistiku Grada Beograda. 2007. p. 64. https://zis.beograd.gov.rs/upload/G_2007E.pdf.
- ^ "Councilors of the Assembly of the City of Beograd". Official site. http://www.beograd.rs/cms/view.php?id=201942. Retrieved 2007-07-16.
- ^ "Facts (Population)". Official website. http://www.beograd.rs/cms/view.php?id=201201. Retrieved 2007-07-10.
Sumber [sunting]
- Belgrade, by Slobodan Gulmac, Jugoslavenska Revija, 1989 ISBN 86-7413-046-1
- Yugoslavia, Jugoslavenska Revija,1990, ISBN 86-7413-066-6
- Yugoslavia, Jugoslavenska Revija, 1990, ISBN 7413-054-2
Uga Pirsani [sunting]
Pranala Jaba [sunting]
- (en) Situs resmi